Selasa, 19 Januari 2021

MRUSAL

 

Selasa KLiwon 19 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK


1 Samuel 15 :10-31



Jabur 86

Para Rasul 5 :1-11

Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Nabi Samuel: “Kula rak sampun ngestokaken sabdanipun Sang Yehuwah lan sampun nglampahi ingkang kadhawuhaken dening Sang Yehuwah dhateng kula lan kula mbandhang raja Agag, ratu ing Amalek, nanging tiyang Amalek sampun kula tumpes sadaya. Nanging rakyat sami mendheti jarahan ingkang rupi menda, punapa dene, lembu-lembu ingkang pethingan, ingkang dipun pisah saking ingkang pancen badhe kapejahan, badhe kakurbanaken sumaos dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, wonten ing Gilgal.” 1 Samuel 15:20-21

 

MRUSAL kuwi meh padha karo Ndableg, Ndendheng, Ngengkel, Mbandhel lan mbokmenawa ana tembung-tembung “khas Ndesa” liyane, sing yen diomongake dadi kelingan marang urip njaman mbiyen. Amarga tegese MRUSAL kuwi ora isa dibakokake, ananging ana “padanan katane” sing wis tinulis ing ndhuwur kuwi, mula ya sumangga para pamaos sejati BENINGE EMBUN ESUK maringi teges utawa arti dewe-dewe, ora pareng padhu, santai wae, rasah padu, pomeneh karo bojone sing bar nggawekake kopi sanadyan rung raup amarga nembe tangi..hehe.

 

Ana crita Kitab Suci, pernahe neng 1 Samuel 15 sing kurang luwih nyritakake bab MRUSAL lan eloke sing kinaranan MRUSAL kuwi malah ratuning ngisrael sing jenenge Saul. Sing dadi luwih elok lan isa minangka pangati-ati marang wong ing jaman saiki yakuwi bab kahanan yen ratu Saul kuwi nate Jinebatan dening nabi Samuel. Jinebatan kuwi pratandha yen kalenggahan ratu kuwi asale saka Gusti Allah. Ananging sanadyan wis jinebatan, jebule ratu Saul kuwi ora isa mawasdiri, malah rumangsa isa ngayahi sakabehe tanpa panuntuning Gusti lumantar nabi Samuel. Dupeh raja wae rumangsa isa kabeh, malah gawean sing sejatine dudu garapane dilakoni. Neng bab 15 dicritakake, yen ratu Saul mangkat dewe menyang Gilgal lan ora ngajak nabi Samuel. Kuwi luput, salah lan ora bener, amarga bab tata manembah kuwi wilayahe nabi. Ketok MRUSALe meneh nalika dielikake karo nabi Samuel, malah ngeyele ngeram,sok rumangsa luwih paham bab pranatan agama tinimbang nabi Samuel.




 

Ing jaman saiki polah tingkah MRUSAL kaya sing dilakoni karo ratu Saul kuwi ya nggladeg, meh saben sing maca tulisan iki mbokmenawa kabeh nate kinaranan MRUSAL. Lho lha titikane MRUSAL kuwi piye ta jane? Mayar, pokoke saben menungsa sing lakuning urip mung nggugu karepe dewe, kuwi kinaranan MRUSAL. Sanadyan ketoke apik lan “rohani”, ananging yen mung nggugu karepe dewe, kuwi MRUSAL. Raja Saul semono uga, ngayahi tumindaking agama, kudune manut nabi Samuel, ananging ora sabaran mula dilakoni dewe, ndisiki wektune, ngege-ge mangsa. Kuwi kabeh amarga ratu Saul rumangsa luwih inter, luwih ngerti, luwih sugih, luwih pengalaman lan sakpanunggalane. Mula sanadyan rumangsane apik, saben kuwi mung nggugu kekarepane menungsa, kuwi isa diarani MRUSAL.

 

“Jo, wingenane aku WAnan karo Si Solebo, jare pengen nandur Porang, ananging jik madik-madik nggon” Sore kuwi Lik Ndoleng miwiti rembugan neng Lincak Sor Talok pojoklor omah.

“Weh, ya esip kuwi Lik, apik. Kuwi tegese arep ngrumati berkAH saka Gusti AllAH lumantar ngolAH lemAH, aku sengtuju Lik” Semaure Dalijo sinambi dondom kathok kolore sing suwek kejepit Galar.

“Ananging takndeg Jo, takelikake. Amarga manut penemuku nandhur Porang kuwi sepekulasi” Lik Ndoleng mbajutake omonge.

“Weh, lha ngen-ngenmu kuwi piye ta Lik, lha wis takwulang mbiyen kae, yen kabeh kang diayahi menungsa kuwi spekulasi. Sampeyan nandhur kacang brol utawa kacang cina kuwi spekulasi, sampeyan ngingu tengu wae spekulasi. Sing baku kwi yakin sinartan nyenyuwun” Dalijo sajak erosi.

“Lha aku jane ya ngerti pendapatmu Jo, ananging aku ratrimo yen Solebo kae nandhur Porang, amarga aku ngerti prospeke Porang, lan aku kalah disik olehe arep nandur,intine aku meri karo rencanane Si Solebo Jo” Lik Ndoleng menehi alesan.

“Kuwi MRUSAL polahmu Lik, ngerti salah kok diayahi. Wis rasah merinan, ora gur wak’ane Solebo sing arep nandur Porang. Kae si Srondel wis nandhur, lan jare Wo Kento ya pengen, wis rasah MRUSAL, ndang raup Lik, kuwi blobokmu merga sakawan turu jik njegendol” Unine Iin.

“Bener Iin Lik, yen blobokmu kaya ngono kuwi kingko yen Yu Wasti mrene mblegeg-mblegeg lho” Dalijo melu manas-manasi Lik Ndoleng.

“Duss, kenek meneh cahh” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbahe..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH