Senin, 01 Februari 2021

TAMENG

 

Senen Wage 1 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 22 :1-21

Jabur 35 :1-10

1 Korinta 7 : 32-40

Paduka mugi karsaa ngasta tameng lan paris, Paduka mugi karsaa jumeneng mitulungi kawula.” Jabur 35 :2

 

TAMENG kuwi sawijining piranti kanggo perang, kang pungsine kanggi ngayomi utawa nglindungi saka serangane mungsuh. Biasane TAMENG kuwi bentuke memper tampir ananging ginawe saka waja utawa wesi, dipapanake ana ing lengen. Nalika jaman mbiyen perang jik nganggo gaman tumbak,pedang,kering,panah, mulane nalika perang para prajurit kudu nganggo TAMENG supaya isanglindungi awake saka serangane mungsuh. Ora ateges njur mesti aman nalika wis nganggo TAMENG, ananging yen nganggoTAMENG luwih aman tinimbang sing ora nganggo TAMENG. Sakliyane nduweni teges  denotatif utawa sing sing sakmestine, yakuwi minangka pirantining perang, TAMENG isa uga nduweni teges konotatif , yakuwi TAMENG kang ora nduweni wujud. Sanadyan mengkono, TAMENG tetep nduweni pungsi minangka piranti kanggo ngayomi saka sawernang serangan.

 

Ana critane Kitab Suci kang ngrembug bab TAMENG, yakuwi neng Jabur 35. Ing kana disebutake yen Gusti Allah kuwi minangke TAMENG kanggo Juru Jabur, amarga dewekne rumangsa yen uripe kuwi tansah ngadepi serangan saka mungsuh-mungsuhe. Srana mapanake Gusti Allah minangka Tameng, Juru Jabur ngrasa luwih aman lan kepenak uripe. Juru Jabur eling yen sakwise mapanake Gusti Allah minangka TAMENG’e uripe, ora ateges bakalan ora ana maneh serangan saka pihak mungsuh, ananging sakwise ditamengi dengan Gusti Allah, luwih aman tinimbang ditamengi liyan, apa meneh yen tanpa TAMENG.

 

Ora mung Juru Jabur kang sadhar yen urip iki tansah bakalan ana serangan saka pihak mungsuh, ing jaman saiki urip kuwi ya jik kadya perang, sanadyan malah wujud’e mungsuh kuwi luwih okeh lan maneka werna. Mula saka kuwi, yen Juru Jabur sing kondang digdayane wae jik mbutuhake TAMENG ing sakjroning uripe, menungsa ing jaman saiki ya mengkono uga, jik butuh TAMENG. Juru Jabur mapanake Gusti Allah minangka TAMENG ing uripe, amarga yakin lan percaya yen Gusti Allah kuwi luwih kuwat,rosa lan linuwih ing sakabehe. Juru Jabur sanadyan sekti, ananging rumangsa ringkih neng ngarsane Gusti Allah, mula butuh Gusti Allah minangka TAMENG ing uripe. Yen Juru Jabur wae ora kemaki, ngagul-agulake kekuawatan pribadine, apa meneh menungsa ing jaman saiki. Mula saka kuwi, payo nuladha Juru Jabur, ngrumangsani yen urip iki kudu ngadepi sawernaning serangan saka mungsuhe urip, mula ya kudune nduweni TAMENG.

 

“Leng, ngandi iki Dalijo wis yahmene kok durung ngetok?” Wak’ane Solebo nakoni Lik Ndoleng nalika cangkrukan neng Cakruk Sor Talok.

“Jik neng tegal, ngrumati Porange. Jian cah kae randuwe wedi tenen gek Bo..” wangsulane Lik Ndoleng sinambi ndudud jisamsune Wak’ane Solebo.

“Lha Dalijo kuwi tau ngomong karo aku, yen nduweni TAMENG urip, mula ya ora nduwe wedi babarblas..” Pakde Kento sing kawit rada sore tekane, melu urun rembug.

“Lha apa TAMENG’e Dalijo kuwi To?” takone Lik Ndoleng.

“Ya percayane marang Gusti Kang Akarya jagad iki Leng..dudu  kasekten kanuragan” Semaure  Pakde Kento.

“Setuju karo sliramu To, urip kuwi mesti ngadepi mungsuh,mula ya TAMENG kuwi dibutuhake..ancase ben urip iki luwih rinasa aman” Wak’ane Solebo ya semaur.

“Aku mono randuwe mungsuh Bo, mula ya rabutuh TAMENG..”Unine Lik Ndoleng.

“Yen sampeyan malah njarag panggoda kok Lik. Lha senengane nggolek kesempatan njawil Yu Wasti, saben neng warung tuku udud..” Iin kaya padatan, melu nyoal-nyael nalika ngetokake kopi lan nyamikan.

“Lambemu In, mesti tekan bab kuwi…” Unine Lik Ndoleng.

“Lha wong nggolek panggoda wae malah ratahu entuk kesempatan gek In, pora melas tenan nasipe paklik kuwi..Hahaha..” Dalijo mecungul lan langsung nyemes Lik Ndoleng.

“Dusss, kok jebule nguping rembugan ta Jo..jrettt!!” Lik Ndoleng misuh-misuh, sanadyan rawani seru merga wedi krungu siwo Miyo, sing galake ngeram.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH