Sabtu, 17 Desember 2022

MBERKAHI

 

Setu Pahing 17 Desember 2022

BENINGE EMBUN ESUK



II Samuel 7 : 23-29

Jabur 80 : 1-7, 17-19

Yokanan 3 : 31-36

Pramila sapunika Paduka mugi karsaa mberkahi kulawarganipun ingkang abdi punika, supados lestantun wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun. Amargi, dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka piyambak ingkang ngandika saha margi saking berkah Paduka, kulawarganipun ingkang abdi binerkahan ing salami-laminipun.” II Samuel 7 : 29

 

MBERKAHI kuwi tembung linggane Berkah, kang tegese sabarang kan asale saka liyan lan  sing kerep klakon “oknum liyan” kuwi kinarang Kang Maha Kwasa utawa ana ing basaning agama sinebut Gusti Allah. Saka tembung Berkah kuwi njur ana tembung Binerkahan lan MBERKAHI, Binerkahan kuwi tegese nampani berkah dene MBERKAHI kuwi ngedum berkah kang wus ditampani. Racake menungsa luwih seneng Binerkahan utawa nampani berkah tinimbang andum Berkah utawa MBERKAHI, amarga ana ing pikirane sing ana mung penemu, “Binerkahan kuwi nampa, dene MBERKAHI kuwi ngedum..”. Kamangka ing sakjroning pandonga, mesti luwih okeh njaluk Binerkahan tinimbang matur arep MBERKAHI utawa andum berkah.

 

Crita babagan Berkah kuwi nate dadi undheraning donga saka Eyang Dawud, nalika nembe ucul saka kahanan kanga bot. Kabeh kang lumaku kuwi dipercaya dening Eyang Dawud yen kabeh kapirsan dening Gusti Allah. Mulane, sakwise kahanan kanga bot kuwi kliwat, lan kagungan kalodangan kanggo maembah dalah ndedonga, Eyang Dawud njur matur. Ing sakjroning ature eling yen kabeh kang dumadi kuwi minangka wujuding Berkah saka Gusti Allah.Sakliyane  ngaturake panuwun karana Berkah kang wus tinampa, Eyang Dawud uga nyuwun marang Gusti Allah cikben  nglanggengake Berkah, cikben isa ngedum Berkah marang lyan. Dadi cekak aose, ora mung nalika ndedongan nyuwun Gusti MBERKAHI, ananging uga nyuwun antuk daya kanggo MBERKAHI liyan.

 

Ing jaman saiki mbokmenawa arang sing ndedonga nyuwun diparingi kalodangan lan daya kanggo MBERKAHI liyan, okeh-okehe njaluk Gusti MBERKAHI. Arang sing njaluk kakuwatan andum Berkah, sing okeh ya njaluk Berkah kanggo awake dewe. Lha apa kleru kahanan sing kaya mengkono kuwi? Ora, merga iki dudu babagan kleru lan bener, iki babagan nuladha dhawuhe Gusti, cikben lung-tinulung, tresna-tinresnan dalah sangkul-sinangkul. Nyuwun Gusti MBERKAHI kuwi apik, apik banget malahan, ananging sansaya apik nalika wani nyuwun daya kakuwatan kanggo MBERKAHI liyan saka berkah sing wus ditampani saka Gusti.

 

“Jo, kok okeh kerdus kuwi arep mbok nggo ngapa? Apa arep ngangkah juragan rongsok?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika mbengi kuwi jagongan neng Lincak Sor Talok lan nemahi kerdus okehe ngeam silumpukne Dalijo.

“Arep taknggo madahi sembako Lik, momentum natalan arep andum sakisaku marang para sedulur sing mbutuhake..” Semaure Dalijo sinambi nglinthing udude.

“Kaya wis turah-turah Jo, nggaya ngedum kanggo wong liya…” Unine Lik Ndoleng sajak sengak.

“Tumindak apik kuwi mbok ditiru Leng, ora mbok  paido wae. Nuruti kowe jagade bubrah, merga pelitmu ngeram..” Kang Solebo melu urun rembug.

“Weh, aku randuwe apa-apa Bo, arep andum apa Jal?” Takone Lik Ndoleng.

“Andum wektu kanggo ndongakne Liyan, kuwi ya tumindak MBERKAHI liyan Lik, ora mung ndongakne Yu Wasti wae..!!”Iin njedul nggawa kopi panas sinambi njengges Lik Ndoleng.

“Jindulll…cah siji iki isa wae nggarapi ..Duss!!” Lik Ndoleng gembreneng kaya tawon meh pindah omah.

 

@kaburkanginan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH