Jumat, 01 Maret 2019

WANGKOT


Jemuah Kliwon 1 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandharing Toaret 9:6-14
Jabur 99
Markus 6: 14-29
“Élinga enggonmu njalari dukané Allah ana ing segara wedhi. Wiwit kowé padha metu saka tanah Mesir nganti tekan ing panggonan kéné, kowé wis bola-bali nglawan marang Allah.” Pangandharing Toret 9:7

Kanggone wong ndesa, nggolek utawa  amek kayu ana ngalas kanggo masak neng pawon kuwi perkara sing lumrah. Dene bab anggone nggolek utawa amek kayu kuwi nemahi maneka warna kahanan kuwi ya lumrah. Bab kayu sing dijupuk utawa dipek kanggo adhang neng pawong kuwi ya meneka warna, ana sing mung pang, ana sing wit ambrug lan uga ana sing awujud tunggak. Lha tunggak iki sing biasane angel njupuk’e. biasane tunggak kuwi WANGKOT ora njamak, angel dijupuk sanadyan wis nganggo wadung lan alat-alat liyane. Anane isa dadi WANGKOT kuwi merga jerone oyod sing tumancep neng lemah, merga adohe oyod sing njalar tekan ngendi-ndendi lan uga merga saka gedene tunggak kuwi. Merga WANGKOT’e tunggak mula sok okeh wong sing nggolek utawa sing ameh njupuk ngalami TATU ana ing tangane. TATU kuwi ya lara lan perihe kadang ya ora njamak.

Bab BANGKOT kuwi nate dialami dening wong ngisrael nalika lelaku tumuju marang tanah Kenaan. Sanadyan bola-bali dikandani yen ucule seka Mesir kuwi ora merga  kekuatan lan kapinterane, merga kabeh kanugrahan saka Gusti, ananging jik kerep kemakine ora njamak,kemlithine pol-polan. Dikandani bola-bali kon ELING   karo Gusti jik meksa ngeyele eram. Jik rumangsa kuwi merga  kekuatane, merga kapinterane,merga kawicaksanane. Bola-bali dikandani yen kuwi kabeh merga loma’ne Gusti tetep WANGKOT’e ngeram lan rumangsane kuwi kabeh merga PILIHAN uripe. Bangsa Ngisrael kerep nglawan, sanadyan rumangsane ora nglawan. Mung dikon ngelingi marang Gusti Allah wae angele ngeram, alesane tumpuk undhung tur ya katon LOGIS, lan ndakig-ndakig kae alesane. Mengko yen didukani Gusti kanthi kahanan sing luwih kejem lagi pada eling.

Ana kalane uripe menungsa ing jaman saiki ya kaya wong Ngisrael, WANGKOT. Kemaki, kemlinthi, gumunggung. Mung dikon ngelingi utawa eling wae angele ora umum. Jan-jane nalika eling kuwi ndadekne urip isa atur panuwun, ning yakuwi, ngelingi mangsa kawuri kuwi jebul dudu perkara gampang tumrap meungsa. Akeh sing WANGKOT, akeh sing ora gelem ngelingi kaya ngapa labuh labete Gusti Allah anggone nulungi  menungsa. Mula saka kuwi, aja pada lali pomeneh NGLALEKNE mangsa sing wus kawuri, mbuh alesane apa wae. Anane kahanan saiki merga mangsa kawuri. Elinga yen akeh sing diagem Gusti kanggo dadi lantaran, mula aja nglalekne, mengko malah kuwalat.

“Jo, ngapa mau bengi suii ana kamar wae?”, Lik Ndoleng nakoni Dalijo.
“Mbongkari buku-buku lik”, Wangsulane Dalijo.
“Po meh mbok loak’ake kok tumben mbok bongkari?”, Lik Ndoleng sajak penasaram.
“Mang mbengi kang Dalijo membah-membih Lik, nalika maca bukune sing wis kuna”, Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Weh, preman tik romantic Jo, ana apa?”, Takone Lik Ndoleng.
“Maca buku-buku mbiyen dadi kelingan Lik. Lelakon sing kawuri, dadi kelingan wong-wong sing ndadekne aku isa kaya mengkene iki. Lan kok ya aku meh wae nglalekne, kamangka wis bola-bali dibagekne kabarku. Ning yakuw,aku kemaki Lik, ora ndang mbales yen dikabarake, aku ya arang nyarywe ndisik, jian aku ki wong-wong apa ya Lik..”Dalijo sajak trenyuh.
“Mulane Jo, aja WANGKOT atimu. Elinga marang lelakon sing kawuri, merga kahananmu sing saiki kuwi merga mangsa kawuri. Aja natoni sapa wae sing  ya Jo…” Lik Ndoleng ya melu melo..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH