Senin, 25 Maret 2019

WELING


Senen Wage 25 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Mas Welingmu Bab Jerawat Pancen Josss!!


Yeremia 11:1-17
Jabur 39
Lukas 4:24-30
“Nalika para leluhuré Dakentas saka tanah Mesir wis Dakweling kanthi banget supaya padha mbangun-turut marang Aku, lan weling-Ku mau ora kendhat-kendhat Dakambali tekan sepréné. Nanging wong-wong mau ora padha ngrungokaké lan ora padha mbangun-turut. Saben wong tetep mangkotaké atiné lan nglakoni piala kaya sing uwis-uwis. Padha Dakdhawuhi netepi Prejanjian, nanging ora ngèstokaké. Mulané nuli Dakdhawahi paukuman sing kasebut ana ing Prejanjian mau. ”Yeremia 11:7-8

WELING kuwi tegese sabarang kangwigati kang dititipe’ake supaya dilakoni. Seka tembung WELING iki uga ana jarwadasan’ne, yakuwi disuWELne supaya dieLING. Disuwelne kuwi didelehne ana ing sakjroning kemben utawa kotang, mula wis mesti arang laline. Lha piye arep lali, wong kemben lan kotang kuwi wektune nganggo ora suwe, paling suwe sedina, kejaba sing ora nate ganti kemben lan kotang…Mula saka kuwi, WELING kuwi minangka pagawean sing penting utawa wigati tenan, merga yen ora penting, mesti ora diWELINGke. Lan yen nganti lali nglakoni WELING mau, mesti mbebayani. Dene sing isa nindakne WELING iki mau saben wong, isa cah cilik marang wong diwasa lan uga wong diwasa marang cah cilik.

Bab WELING iki nate dadi piwulang lumantar Kitab Suci, pernahe ana ing Kitab Yeremia. Ing kana Gusti mulang bab kaya ngapa polahtingkahe para leluhur bangsa ngisrael bab netepi piWELING’e Gusti. Bola-bali diWELING’I ora nate dilakoni, bola-bali dielikna ya bola-bali nglirwak’ake. Manut kersane Gusti, anane WELING kuwi merga perkara sing jian penting temenan, mulane tansah diWELING’ke, ben ora lali, merga yen lali isa dadi srana tumekaning bilahi. PiWELING’e Gusti kuwi jan-jan’e ya ora abot lho, wong mung kon mbangun turut marang Gusti, ning sanadyan diWELING dening Gusti, ananging wong ngisrael ora pada ngrungok’ake. Lha kapan arep nglakoni yen ngrungok’ake wae ora gelem?Iki sing kerep dadi lantaran Gusti duka, lan yen duka kuwi tekan pungkasane, mung paukuman sing bakal klakon.

Sinau saka Kitab Yeremia, iki isa dadi kaca pengilon tumrap sapa wae. Ngati-ati karo piWELING, aja baen-baen, aja sembrana. Eling-elingen lan njur lakonono, aja nyepelekne, merga nyepelekne WELING pada karo nyepelekne sing meling. Lan uga kudu dadi paugeran, yen nganti diWELING’ake kuwi tegese perkara sing jian pentinge ora njamak, mula aja sembrana…

“Jo, mbok aku tak weruh, apa sing ndadekne sliramu milih dadi wong tani, kamangka cah nom neng ndesa kene kabeh pada bara neng kutha. Nyambut gawe resik lan ora rekasa?”, Lik Ndoleng wengi kuwi pas ngopi neng lincak sor jambu nakoni Dalijo, ndilalah pas ora udan lan padang mbulan.


“Merga kuciwa nyang kutha Lik, neng njakarta ngko malah cedak ning ra ndemak karo Tarsi”, Nduk I’in kaya padatan, nyoal-nyael sanadyan dudu sing ditakoni.

“Lambemu crigis In, kaya ngerti-ngertio wae!!! Anu Lik, iki merga WELING seka swargi bapak lan simbok, supaya ngrumati omah, tegal lan sawah. Mula kudu taklakoni. Lan aku nglakoni kanthi bungah kok Lik” Semaure Dalijo sareh, sinambi klepas-klepus sajak segere ngeram.

“Weh, jebul kaya ngono ta kang Dal..takiramung ngendani Tarsi”, Nduk I’in jik semaur sajak ngece.

“Hmmm…taksampluk atusan ewu kowengko In, ben meneng. Lha emange paklik, ora isa nepati janji, jare ora arep mompar-mampir warunge Yu Wasti, ananging mung nggolek alesan wae, ben isa mampir. Lali WELINGE bulik Trinil..hehe” Dalijo semaur, sajak ngece Lik Ndoleng.

“Kecuk mbendho..malah ngece wong tuwa..”Lik Ndoeng ngunjuk kopi meh kesegrak, merga diece Dalijo..


Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH