Senin, 04 Maret 2019

WAYER


Senen Pon 4 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Pangentasan 35:1-29
Jabur 35:11-28
Markus 6:53-56
“Saben Gusti Yésus rawuh, embuh ana ing kampung, embuh ana ing kutha, utawa ana ing désa, wong-wong kono mesthi padha teka, lan nglumpukaké wong-wongé sing lara ana ing alun-alun. Wong-wong mau banjur padha matur marang Gusti Yésus, supaya wong-wong sing padha lara diparengna ndemèk Panjenegané, senajan mung pucuking jubahé waé, mesthi nuli waras. Markus 6:56”
Jaman mbiyen, nalika kemajuan teknologi durung kaya saiki, sing jenenge pruduk teknologi kuwi arang banget anane, pomeneh neng daerah ndesa, mesti arang anane. Tahun sangangpuluhan, neng ndesa-ndesa, nggolek tipi kaya nggolek wong ayu gelem mesem nalika nyawang sing nulis tulisan iki..hehe… aja meneh tipi, jeneng radio wae siji dirubung cah skeet mung betekne arep ngrungokne sandiwara Brama Kumbara, Satria Madangthiwul..hehe..sing maca karo mesam-mesem mesti njur kelingan Manthili lan sakbanjure mlumpat jendela lan…”Ciat..ciat..hiak..hiak..ciat.ciat..” Hehe..Oiya, bali neng crita bab produk teknologi, njaman mbiyen tahu ana crita nalika tangga neng ndesa ditukokne anak’e sing neng nJakarta WAYER, utawa Kipas Angin, kabeh cah cilik pada nggumun, ndomblong, ngowoh lan nunggu WAYER kuwi diuripke, njur nyedak’ake awak’e. sing paling rame yen bubar seka jeguran (ciblon) neng kedungan kali ndesa, mesti mlayu mulih lan nyedak’I sing duwe WAYER, kon nguripake lan mapanake ndas sing rambute teles ban nang garing…pancen garinge luwih cepet merga kena angina seka WAYER kuwi.
Critane Injil Markus bab 6 ayat 53-56 ya kurang luwih kaya gambaran ing nduwur. Kabeh pada gumun karo Gusti Yesus lan pakaryane, gumun anggone ngerti Gusti Yesus isa marasake wong lara apa wae, nundungi demit apa wae modele, merga kawit mbiyen sing jenenge  demit kuwi modele jian akeh ora njamak, yen saiki mono modele mung duwit lan alis Njlirit..hehe. Saking akehe wong mula mesti angel isa kepethuk Gusti langsung,mula njur ana nduweni penemu lan  iki isa dadi pratelan kapercaya  yen sing isa  nyedak lan ndemek jubahe Gusti mesti apa wae lelarane mesti bakal mari, apa wae persoalan utawa masalahe mesti bakal ilang mbuh nyang ngendi parane. Merga kandeling kapercayan kuwi mula ya apa sing dipercayani dadi klakon, mung isa ndemek jubahe Gusti wae njur waras kabeh..mungkin sing larane merga utange uakihh ya nyedak Gusti lan percaya bubar ndemek jubahe Gusti  utange lunas..Rangertio, bareng bener-bener ndemek jubahe Gusti, njur ana swara kaku  tur serak…”Utang kuwi dudu jinise lelara ngger…mula ya babar blas ora isa lunas yen mung ndemek jubahKu..”Hehe.. Gusti Yesus jian kaya WAYER, sing nyedak mesti kesawaban lan ilang sadengahe lelara..pisan meneh kejaba utang..
“Kang,  tak ulatne kawit wingi seka nggreja kang paklik semangate nyambut gawe ngedab-edab’I, kira-kira bar entuk apa ya?”, Takone Nduk I’in neng Dalijo.
“Haiyah, kaya ra apal wae karo  Paklik, nggere bar nyawang Yu Wasti mesti sumringahe poll. Kamangka bendina ya jejer lan cedak karo Bulik Trinil, ning mbuh yen karo Yu Wasti, jian beda..”Dalijo mangsuli.
“Lha kaya ngono kuwi waras ora kang?”, Nduk I’in jik nguyak pitakonan.
“Lha emange paklik Ndoleng ki waras po?”, Takone Dalijo lirih, merga wedi keprungu Lik Ndoleng.
“Dusss..rumangsamu aku wis semleng pa piye Jo???!!! “, Lik Ndoleng sajak nesu merga krungu dirasani.
“Ora Lik, mung lumrah kala-kala ngguyu dewe..hehe. sok-sok kaya wong waras…kuwi nggere bar ketemu Yu Wasti.” Dalijo Semaur.
“Ning cen tenan ko Jo, nggere bar nyawang Wasti, bungahe ngeram ati iki..”Lik Ndoleng malah jujur…mungkin kesawaban eseme Yu Wasti..

Mbah’e..





Tidak ada komentar:

Posting Komentar