Kamis, 21 Maret 2019

GUMUN


Kemis Kliwon 21 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK




Dhaniel 3 :19-30
Jabur  63:1-8
Lukas 16:19-31
“Nanging aku weruh wong papat padha mlaku ngénak-énak ana ing satengahé geni? Ora padha kabanda, lan ora apa-apa. Malah wong sing nomer papat kuwi rupané kaya putraning déwa.”

Sanadyan ana unen-unen “Aja Gumunan”, ananging sejatine GUMUN kuwi ora luput, ora kleru utawa ora salah. GUMUN kuwi kahanan lumrah tumrap menungsa. Lha sejatine apa ta GUMUN kuwi? GUMUN kuwi kahanan sing dialami menungsa lan kuwi ndadekne jagad pikire ora nyandak karo sing klakon. Dadi cekak aose, iki bab nalar utawa pikirane menungsa sing ora gaduk karo kahanan sing klakon. GUMUN dewe isa merga rong perkara, sing nyenengake lan sing nyusah’ake. Loro-lorone isa ndadekne GUMUN.

Bab GUMUN kuwi ya akeh sinebar pateng tlecek neng ngendi-endi papan, klebu ana neng Kitab Suci. Salah siji crita bab GUMUN kuwi katulis neng kitab Dhaniel, mirunggan neng Dhaniel 3. Kuwi nyritakna kahanane wong-wong sing ditahan dening raja Nebukadnesar. Nalika kabeh kon nyembah raja, wong-wong seka Ibrani wegah, aluwung mati tinimbang kok nyembah sakiyane Gusti Allah. Kuwi ndadekne raja Nebukadnesar nesu banget, poll nesune, kaya Jingklong putus cinta..kabeh dicakoti..hehe..mula sing nulis BENINGE EMBUN ESUK ya nganti nesu poll karo sing diarani Jingklong kuwi…hehe..malah nggladrah…
Bali neng nesune Nebukadnesar, kuwi ndadekne sapa wae sing ora nyembeh dewekne kudu diukum pati. Ora baen-baen carane ngukum, diobong neng tobongan lan panase ditikel-tekuk’ke nganti kaping pitu..Wong 3 saka Ibrani, Sadrah,Mesakh lan Abednego ora gelem nyembah raja, mung wani nyembah Gusti lan dibelani nganti tumeka ing pati. Mula merga ngeyel, ya njur diuncalke neng tobongan panas. Elok’e…ora mai kobong malah njoged. Sing luwih ngGUMUN’ake, sing njoged ora mung telu ning malah tambah siji, dadine papat. Kuwi kabeh sing marakne nebukadnesar GUMUN, diobong ora kobong njur ko’it, malah njiget, ketambahan tau meneh..

Merga saka percayane Sadrah, Meskah lan Abednego, mula wong  liya, wong Babel pada nganti percaya, nganti GUMUN. Ora mung mandeg neng rasa GUMUN, malah Nebukadnesar ndawuhi kabeh bangsane ngormati Sadrah, Meskah lan Abednego, klebu ngurmati Gusti Allahe.
Saiki, ing wanci esuk iki, apa sing arep awak’e dewe lakoni?Setya tuhukaya Sadrah, Mesakh lan Abednego, sanadyan rekasa apa malah mbalik grembyang njur “ngungkurake “ Gusti., apa malah arep setya tuhu saklawase?Kabeh gumantung diri pribadi, ning sing  baku, aja wedi tumindak aneh, sing penting manut kersane Gusti, ben jagad isa GUMUN karo tumindak’e awak dewe.

“Mau bengi mulih jam pira Jo?”, Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, bab mulih’e seka sawah.
“Jam ro Lik…”Dalino semaur cekak.
“Aku mulih jam ji”
“Lha seka ngendi Lik?”
“Halahhh..paklik mbok tinggal nilik’I banyu mau bengi, alesan rokok’e entek njur nggeblas nyang warunge Yu Wasti kang..wong jare tuku rokok kok malah patang jam…” Nduk I’in wadul dulure lanang, Dalijo.
“Iki sing marakne aku GUMUN In, lha dijak neng sawah wegah, alesane adem…ee bareng tuku rokok nyang  warunge Yu Wasti, ingklik..jian GUMUN aku lik..”Unine Dalijo sajak kemropok.
“Peluang Jo, mumpung  Markun piknik…”Lik Ndoleng wangsulan karo gluwah-gluweh kaya  Gatutkaca mlotrok gapite..
“Dus..cah tuwek siji iki, marakne GUMUN ning kok ya Gumun sing negatip..” Batine Dalijo…

Ayo tumindak ben liyan GUMUN, ning tumindak’e sing psoitip lho ya..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH