Kamis, 07 Maret 2019

KELANGAN


Kemis Legi 7 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 5:10-23
Jabur 91:1-2,9-16
Lukas 9:22-25
“Sebab sing sapa ngaya, ngudi golèk kepénaking uripé, kuwi bakal kélangan urip sing sejati. Nanging sapa sing ngurbanaké uripé krana Aku, kuwi sing bakal lestari urip.” Lukas 9:24

Racak’e menungsa nembe sambat KELANGAN nalika sing ilang kuwi sabarang sing aji lan penting ana neng uripe. Dene umpama  sing ilang kuwi dudu bab sing dianggep penting, ora bakalan menungsa kuwi arep sambat KELANGAN. Contone sederhana wae, nalika ana sing seda utawa tinimbalan sowan neng klanggengan, akeh sing nyebut brayat sing ditinggal lagi KELANGAN katresnan, KELANGAN brayat, KELANGAN sesambungan, ananging coba wae yen sing ilang kuwi kutil utawa kukul, mesti ora baka crita  marang wong liya.

INILAH PENAWAR SAKIT SAAT PMS


Wong urip kuwi mesti ngupayakne sing kepenak, ananging sing sok ora sadar, yen sing kepenak kuwi durung temtu gathuk karo kersane sing kuwasa. Kepenak lan gawe senenge urip kuwi cen sin diburu menungsa, ananging kuwi kerep-kerep’e sing beda karo kersane Gusti,amarga pepinginan kamanungsan kuwi tansah sesabrangan karo kersaNe. Mula saka kuwi, Gusti nate ngelik’ake lumantar piwulang, yen sing sapa wae ora gelem KELANGAN senenge pribadi, KELANGAN marem kamanungsane, mesti bakal KELANGAN urip sing sejati. Lho, nalare kepiye iki? Ngene lho..yen gelem pada jujur sejatine ora ana menungsa sing gelem manut, mbuh karo sapa wae. Menungsa senenge mbalela utawa mbrontak, klebu yen dikon manut karo sing pirsa tapak’e Kuntul (awas..”u” lho nggih..xixixix) mabur. Enek’e mung arep mbalela wae. Mburu seneng kamanungsa kuwi jian nyenengake kae, mula pada wegah yen kelangan kahanan senenge kamanungsan kuwi. Gusti ngersak’ne menungsa kuwi nyingkur apa wae sing dadi senenge dewe, merga kuwi sing dikersakne Gusti. Nyingkur diri pribadi kuwi isa diarani wani KELANGAN kalodangan  kanggo mburu seneng kamanungsane.



Lha sing sapa gelem KELANGAN kesenengan pribadi kuwi sing malah bakal oleh urip kang sejati, urip sing dikersakne dening Gusti. Ning iki ya angel, rekasa merga kudu  wani KELANGAN kabeh kesenengan kamanungsane. Mula saka kuwi, saiki njajal pada merem, njur nyawang marang njero atine dewe-dewe, apa sing paling dadi kesenengan pribadi, sakwise jujur terus kuwi guwangen saka uripmu. Yen isa tur ya wani, kuwi sing bakalan nampani urip sing asli, sing sejati..
“ Jan-jan’e ngko bengi kuwi aku arep nonton bal-balan Jo, malah dikon latihan pragmen paskah”, Lik Ndoleng  sambat karo Dalijo, nalika sore kuwi udad-udud karo wedangan.
“Aku ya jan-jane ana acara penting lho Lik, malah kon melu latihan Paduan Suara”, Nduk I’in melu sesambat.
“Kuwi kabeh kudu diguwang, dikorbanke, kudu wani KELANGAN kuwi kabeh, ben bener ana ngarsane Gusti”, Dalijo  muni sajak wicaksana.
“Hmmm…gayamu kang..kuwi kabeh kan merga kowe randuwe acara sing penting”, Nduk I’in sajak nesu.
“Lho aja kleru Nduk, kangmu Dalijo sejatine duwe acara super penting, ning wani ngorbanake kabeh. Pora yo esip,joss..top markotop Dalijo kuwi” Lik Ndoleng sajak mbelani Dalijo,lan Dalijo ketok mesam-mesem kaya kucing lanang bar nyawang kucing wedok.
“Lho, acara apa kuwi Lik?”, Nduk I’in sajak kaget poll..
“Nonton Upin-Ipin..”Semaure Lik Ndoleng semu nglirik Dalijo sing njenggirat kaget.
“Hmmm..kecukmbendo…cah tuwek siji iki jian…”Batine Dalijo..

Mbah’e.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH