Kamis, 14 Maret 2019

NJALUK

Kemis Pon 14 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK
NJALUK
Purwaning Dumadi 13:1-7,14-18
Jabur27
Mateus 7:7-12
 “Dadine yen kowe kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya maneh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengane.” Mateus 7:11

NJALUK kui gawean sing mayar, mung agutan wani lan ora isin. Ora usah nunggu randuwe sing dijaluk, merga akeh wong sing sejatine win nduwe ning tetep ngedrel NJALUK. Mula yen isa diarani kanthi blaka, wong sing NJALUK’an kuwi ora mung mlulu merga ora nduwe barang sing dijaluk naning ya ora nduwe isin mbarang. Saking mayare gawean NJALUK mau mula saiki akeh sing sithik-sithik njaluk lan uga NJALUK sithik-sithik., kabeh yen isa dijaluk pomeneh yen NJALUK’e marang Gusti..hmmm olehe ndremimil kaya jangkrik nfonga syafaat...sewengi utuh. Lha sejatine NJALUK kui apa luput? Ora.. blas ora...mung wae yen ora diparingi.. aja nesu..njur njothak Gusti.
Piwulange Gusti neng Injil Matius ngelikake awake dewe kabeh, supaya nyenyuwun utawa NJALUK marang Gusti. Ning sing dijaluk kudu sing dibutuhke aja sing dipengini. Beda antarane dibutuhke  karo dipengini. Butuh kuwi kudu ana merga gegayutan karo urip dene pengen kui mung gegayutan karo marem. Gusti mesti ngersakne kebutuhane menungsa, ning ya kudu adedasar pangerten sing bener. Bener yen Gusti kuwi maha kwasa, mahacwelas, maha sugih ning ya kudu eling aja lali yen Gusti ya maha wicaksana. Sanadyan pada rumangsa butuh tenan njur NJALUK marang Gusti ananging durung malah kepara ora diparingi aja mutung, eling bab kawicaksanane Gusti. Yen isa ngecakne cara mikir ngene iki urip jian tentrem raharja tenan...poll....ning ya angele ora njamak...Menungsa kui paling hoby nesu, mutung, meri lan tukang ngamuk, nek isa kabeh kon manut karepe, lha pora jian kwalik....hmmm malah yen isa Gusti Allah arep dikontrak nggo nyukupi pepinginane...

“Rungokna piwulang nduwur kuwi Jo...rasah nesunan yen mbojo tekan saiki rung isa-isa. Golek-golekanmu angele poll” Lik Ndoleng nuturi ponakabe.
“Weh...aku ki ora aeng-aeng lik, mayar syarat calon bojoku kui. Ayu orapopo sing penting sugih” Dalijo wangsulan sinambi klepas klepus karo djarumsuper merga limangndino off ora nggayemi klangenane.
“Jebul pinter kie kang...mangan sekolah pira mbiyen?” Nduk I’in nimbrung sinambi nyuguhke kopi panase.
“Paud wae ralukus kok in kangmu kui...ning pintere ngekes pool” Lik Ndoleng semaur.
“Timbang sampeyan lik..lulusan este em listrik ngetespen wae raisa...mosok palu di tespen” Aloke Dalijo.
“Hush...aja ngece...gek ndonga..nyuwun.. NJALUK Gusti...” Lik Ndoleng ndawuhi.
“Siapp..sisan ndingakne Yu Wasti sansaya mesra mbek kang Markun...hihi” Dalijo jik isa ngece pakbe cilik..
“Hmmmmm...cah gemblung...” unine Lik Ndoleng..

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar