Jumat, 22 Maret 2019

NUNTUN


Jemuah Legi 22 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Dhaniel 12:1-4
Jabur 63:1-8
Mateus 21:33-43,45-46
“Para wong wicaksana bakal padha mencorong kaya padhanging langit. Lan sing wis padha nuntun wong akèh ing dalan sing becik, bakal padha mengkilat kaya lintang-lintang ing selawasé.” Dhaniel 12:3

NUNTUN kuwi pagawean, yakuwi nggandeng tangan’e liyan  kanthi tujuan supaya liyan isa lumaku. Dene anane pagawean NUNTUN kuwi ora mung merga sak  perkara, ning ya merga seka pirang-pirang perkara. Ana sing makarya NUNTUN merga lagi betah utawa jik latian mlaku, ana sing NUNTUN merga lakune sing dituntun wis sempoyoran merga sepuh, lan uga ana NUNTUN merga manja lan ben mesra. Sing bab pungkasan iki takon wae marang sing nembe pacaran pomanten anyar, mesti nglakoni pakaryan NUNTUN ora merga raisa mlaku, ananging merga butuh mesra…sing maca mesam-mesem mesti lagi ngalami, yen ora pasangan kawak-lekak sing babar blas ora nate tuntun-tuntunan..hihi.


Bab NUNTUN iki ya nate diwulangk’ake Gusti lumantar Kitab Dhaniel, yakuwi gegayutan karo patrap uripe Dhaniel. Manut kitab Dhaniel, sapa wae sing urip manut pepakon utawa pranatane Gusti Allah, sanadyan angel lan abote ngeram, mesti uripe bakal mencorong lan dadi pepadhang kanggo sapa wae. Merga dadi pepadhang, mula isa NUNTUN lakune sapa wae. Dadi NUNTUN kuwi jebul oramung nggandeng tangan, ning sapa wae sing isa ngener’ake uripe liyan marang dalan kang bener lan pener, kuwi bisa diarani NUNTUN. Lan sing jenenge NUNTUN bab urip kuwi ora mung alus kahanane, isa uga kala-kala kasar,atos,lan rinasa larane ngeram, ning yen isa negesi kuwi tuntunan, kabeh lumaku apik. Mula saka kuwi, yen artine NUNTUN kuwi ngener’ake nyang dalan kang luwih apik, sapa wae isa NUNTUN liyan. Seka bayi nangis wae isa dadi tuntunaning urip, seka anak marang wong tua ya isa dadi sranane tuntunan urip saka Gusti kuwi kelakon, ning ya ana kalane seka wong tuwa neng anak..

“Jo, ududmu jik ra?”, Lik Ndoleng ngepasi tengah wengi, mulih seka seminar sambat kentek’an udud karo Dalijo.
“Jik lik, po doyan karo wek’ke?”, Wangsulane Dalijo enteng..
“Sak’anane Jo, wong klalen..mau seminar entek, arep tuku warunge pada tutup”, Lik Ndoleng mangsuli  pitakonane Dalijo.
“Lha mesti sing mbok golek’i mung neng warunge Yu Wasti lik, mula ya tutup. Warung pirang-pirang kok jare tutup kabeh, mokal kuwi lik, rasah nggawe gara-gara. Sampeyan kuwi wegah tuku lan mung njagagakne wek’e kang Dal apa mung merga kudu tuku neng warunge Yu wasti?”, Ndremimil Nduk I’in ngomongi lik Ndoleng, kabeh mung merga rokok entek.


“Mathuk penemumu In, warung sakndayak abuh kok jare tutup kabeh. Wong karepe tuku kudu warunge Yu wasti wae ndadak kokean alesan. Tapi tetep iki Lik djarumsuper enek’e, dudu jisamsu lho”, Dalijo melu nyangarke Lik Ndoleng.
“Waduh..lha kok jebul kowe kabeh ki ngerti sakparipolahku ta cah?Hmmm..ya wis, matur nuwun wis ngelik’ake aku, wis NUNTUN lakuning uripku sing luput. Yen ana klera-klerune diapura ya Nduk, Jo…” Lik Ndoleng sajak keduwung, ning ya tetep sumeh merga rumangsa ditresnani ponak-ponak’ane…

Ayo NUNTUN siji lan sijine lur..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH