Rabu, 06 Maret 2019

MULIH


Rebo Kliwon 6 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yoel 2:1-2,12-17
Jabur 51:1-19
2 Korinta 5:20b-6:10
Matius 6:1-10, 16-21
“Pangandikané Pangéran, “Saiki padha mratobata sing temenan lan mbalènana Aku, karo pasa, nangis lan nlangsa.” Yoel 2:12

Kanggone titah, sing diarani MULIH utawa balik neng panggonnane kuwi mesti nyenengke banget. Lha apa mergane?Merga sakwise tekan ngomah, mesti luwih isa bebas tinimbang ana ing paran. Mula saka kuwi, MULIH kuwi sejatine lelaku sing tumuju marang omahe sing asli. MULIH kuwi sakliyane isa diartekna asli, yakuwi bali marang omah’e uga isa diartekna mratobat, mbalik saka sakabehing tumindak sing luput. MULIH kuwi isa diartekna ninggal’ake sakabehing lelakon sing ora pas tumuju marang lelakoning urip sing pas.

Bab mratobat utawa MULIH kuwi nate diweling’ake dening nabi Yoel marang bangsa ngisrael,  nalika lakuning urip bangsa ngisrael wis ora ngener marang kersane Gusti Allah, nabi Yoel ngelik’ake, supaya bangsa ngisrael pada mratobat lan bali marang dalan sing dikersakne dening Gusti Allah. Pratanda pamratobat sing dikersakne dening Gusti yakuwi kinantenan pasa lan nangis. Pasa kuwi pralambang kanggo nahan sakabehing pepinginan dene nags kuwi pratanda nggetuni kahanan lan uga minangka tanda treyuh sing gede.

Dina iki greja-greja pada lumebu ana ing dina rebu Awu, dina kang mratandak’ake pamratobate. Awu kuwi barng asor sing ora aji , kuwi kanggo ngelik’ake menungsa supaya eling yen sejatine urip iki ora ana ajine babar blas yen ora diberahi Gusti. Wis ora ana ajine  ananging  kok ya malah kemaki, nggembeleng, pethitha-pethithi, pora yo jian ngisin-isine kae jan-jan’e menungsa kuwi? Mula yen ing dina iki ana kalodahangan mratobat, ayo ndang pada mratobat, ing rebo awu iki sejatine kabeh menungsa diparingi kesempatan kanggo ngilo, kango ngaca ana ing ngarsane Gusti, sapa sejatine awak’e dewe iki. Sakwise pada ngilo utawa ngaca, njur sadar akeh sing ora pas malah kepara luput, ayo enggal dibenrake, ayo enggal ditata luwih apik. Kaya jejer ing nduwur, lunga’a tekan ngendi kudu bakale MULIH. Yen ana luput’e urip enggal’a MULIH,didandani ben luwih apik.

“Nggolek’I apa ta Jo, kawit wingi sore kok mbingungi kaya Bebek datang bulan?”, Takone Lik Ndoleng.
“Nggolek’I klambiku sing ireng Lik, ngko sore arep tak nggo ngibadah rebo awu, minangka lambang pamratobatku”, Wangsulane Dalijo serius.
“Klambi kuwi mung  lambang lho kang, aja pokuse neng klambi” Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Iyo Jo, sing penting patrab’e uripmu,aja mung lambange wae”, Lik Ndoleng melu nuturi Dalijo.
“Iyooo, ngerti aku iki wisan, saiki aku mung nggolek’I klambiku, malah kabeh ngotbahi..hmmm”, Dalijo semaur wiwit sajak nesu.
“Hmm.anu kang..hmmm…klambimu sinh ireng tur lengen dawa, disilih bojoku layat mau sore…sepurane yo kang”, Nduk I’in sajak isin ngakoni lupute.
Yo rapapa In, wong wis kadung, tur ya iki dina kang pas kanggo mertobat lan apura ingapura, kanggo MULIH saka paran adoh urip kang luput”, Dalijo malah kotbah kaya bakul jamu neng pojok’an pasar.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH