Selasa, 19 Maret 2019

DILAJUKNE

Selasa Pon 19 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Wilangan 14: 10b-24
Jabur 105:1-42
Matius 23:1-12
“Gusti Allah banjur ngandika, “Ya wis, Aku bakal ngapura dosané umat iki, kaya panyuwunmu.” Wilangan 14:20

Ora kabeh paham karo tembung sing minangka jejer tulisan iki, merga beda desa beda cara. kuwi basa khas daerah kidulan, ndesa cilik neng saktengahing “gugusan gunung sewu’ sisih kidul pulo jawa iki. DILAJUKNE, kuwi meh pada karo tembung “dilulu”, sing artine dijarke nglakoni apa sing luput ning malah semune dialembana. Ben gampang paham, contone ngene, yen lagi arep ana tamu, njur suguhane malah dipangani anak’e, wong tuwa ngendika “Biyuh baguse anakku, gekndang ngger dientekne sisan suguhane..” Kuwi kira-kira tegese tembung DILAJUKNE kuwi, mula saka kuwi yen wong ora paham budaya Jawa, mesti kerep digeguyu merga paripolahe cen ngguyok’ake.

Neng Kitab suci ya nate ana crita bangsa ngisrael sing DILAJUKNE dening Gusti. Kahanan kuwi klakon ana neng Kitab wilangan. Neng Kitab kuwi dicritak’ake kepiye  ngeyele wong Ngisrael, bola-bali ditulungi, diberkahi lan diayomi ning jik ngeyele ora umum. Nalika Gusti duka meh numpes wong-wong kuwi, njur Musa komplen, supaya aja ditumpes lan supaya diapura dosane. Gusti pisan meneh nuruti kekarepane wong ngisrael, lan aprajanji meh ngapura meneh. Ning yakuwi, apa sing ditindakne Gusti kuwi sejatine NGLAJUKNE wong ngisrael. Ingatase bola-bali ditulungi, kokya jik ngeyele ngeram. Saka rumangsane wong ngisrael, ora diukum kuwi berkah, kamangka sejatine diparingi wektu pungkasan ben mertobat,merga kabeh ora diijini mlebu neng Kenaan, mung om Kaleb sing apik’e ngeram wae sing diijini mlebu Kenaan.

Saka crita iki sejatine awak’e dewe sing rumangsa menungsa, kudu nyadar, yen wektu sing diparingake awake dewe iki aja-aja gek malah nembe DILAJUKNE Gusti? Lha kok isa?Lha merga ngeyele ngeram. Kon manembah wegah, kon makarya enda,kon ndonga kakean alesan, pomeneh kon persembahan…alesane entek amek kurang golek. Kuwi durung yen kon nggatekne liyan, biyuh angele ngeram, geleme mung digatekne lan dialem, diladeni lan jigang kaya juragan mbako panen kangkung kae..Mula saka kuwi, apik yen esuk iki sakdurunge ngayahi apa wae pagawean, pada ngilo sik, lan nyadar, wektu sing diparingake neng awak’e dewe iki durung tentu merga awak’e dewe ki apik, ning malah merga saka elek’e mula diparingi wektu kon mertobat. Wektu iki sejatine sranane Gusti NGLAJUKNE awak’e dewe kabeh..

“Tumben sumeh terus Lik?”, Dalijo nakoni Lik Ndoleng, nalika sore kuwi siap-siap arep PA.
“Ngko aku mimpin PA, Wasti sing ngemsi”, Wangsulane Lik Ndoleng sumringah.
“Yu Wasti gelem kuwi merga maringi wektu sampeyan nata urip Lik, rasah bungah-bungah sik..”Nduk I’in melu cawe-cawe kaya biasane.
“Mbuh apa tujuanne wasti, sing penting aku isa bungah…diparingi wektu kanggo leladi..”Lik Ndoleng wangsulan sajak ora maelu alesane apa..

Esem kuwi kalane ya dadi srane NGALJUKNE lho lur….

Mbahe…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH