Minggu, 17 Maret 2019

JAGAL


Minggu Legi 17 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Purwaning Dumadi 15:1-12,17-18
Jabur 27
Filipi 3:17-4:1
Lukas 13:31-35
“Dadi Aku bakal mbacutaké laku-Ku ing dina iki, sésuk lan sésuk embèn, sebab ora samesthiné nabi dipatèni ora ana ing kutha Yérusalèm.” Lukas 13:34

JAGAL kuwi tugase mateni sato kewan sing meh digunak’ake dening menungsa, sanadyan ya ana JAGAL kang ora kudu memateni  sato kewan. Ananging yen manut karo tegese ukara, JAGAL kuwi tugas sing ora ala, ananging apik merga cen tugase khusus utawa mirunggan kanggo ngrewangi bakul daging ngupakara sato kewan sing meh didadek’ake daging kanggo konsumsi. Jenenge wae JAGAL, mesti wengis, merga yen lemah gemulai kaya putri Solo ya lucu yen diarani JAGAL. Ananging sepisan maneh, wengise kuwi ya mung kanggo pagaweane, ora kena dingo meden-medeni liyan, kuwi ora becik.


Ngrembug bab JAGAL, Gusti Yesus nate ngendika yen piyambak’E kudu disedani ana ing Yerusalem. Iki sing sejatine aneh, merga Yerusalem kuwi pusate uriping karohanen bangsa Ngisrael. Ananging cen sing kudu klakon kaya mengkono, na ing PUSATE urip karohanening menungsa malah ing kana tuwuhing daya memateni sing nggegirisi. Crita ndek wingi kae neng Selandia Baru kurang luwih ya mratitisake bab iki, neng ngendi ana cara beragama sing kliwat panatis, ing kana daya memateni, dayaning JAGAL lahir. Neng Yerusalem kurang apane, Pedaleman Suci magrong-magrong, ritual agama dijaga, ruang-ruang suci dijaga, ananging justru neng Yerusalem Gusti klakon (mengkone) kasedani, kabar seka Selandia Baru ya kurang kepiye, para sedulur lagi pada ngibadah, eee..dibrondong bedil. Apa sing mbedil ora nduwe agama?Mbelgedes yen ngaku ora, kuwi ya beragama, ning utek lan rasa pangrasane kethul, landhep arit gablug.

Seka pretelane Gusti neng Lukas 13 ayat 34, ayo pada sinau yen awatak JAGAL kuwi isa nemahi sapa wae lan ing kahanan kang sejatine katon rohani banget. Mula saka kuwi ayo pada beragama sing bener lan pener. Agama kuwi kanggo njaga jagadraya iki, rasah umyek rebutan swarga lan nraka, kuwi urusane Gusti. Tugase dewe njaga lestarine bumi lan isine iki, rasah dadi JAGAL tumrap liyan, tumrap titahe Gusti liyane.


“Ngko nengi mangkat rapat lho Jo”, Lik Ndoleng ngelikake ponak’ane Dalijo sing bagus dewe sak erte.
“Gah….aku jik ngontor karo  Panggah. Gayane kaya pinter-pintera dewe. Pokok’e aku wegah nek jik ana  Panggah..”Dalijo sajak nesu.
“Jebul kang Dal nesu ta Lik?”Nduk I’in malah ngompori dulure lanang.
“Lha piye ra ngontor ta In, kene lagi usul sareh, eee….dupeh sarjana wae gayane raumum..ben aku mundur pokok’e. kapan-kapan kudu ngrasakne kolak tungkak bocah siji kae!” Dalijo jik sajak ngikit-ikit.
“Jo…sikepmu kuwi kaya JAGAL..mung  nuruti keeping nesumu..kuwi ora apik..enggal gegyuren nganggo banyuning  panguripan..”LIk Ndoleng mbuh esuk kuwi kok wicaksanane ngeram..

Lur..kabeh nduweni watak JAGAL, ning aja diuripi..kendalenana…

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH