Sabtu, 30 Maret 2019

BLAWUR

Setu Wage 30 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Pangentasan 32:7-14
Jabur 32
Lukas 18:9-14
“Wong-wong kuwi wis nyimpang saka dalan sing Daktedahaké. Wong-wong padha gawé sapi saka emas cor-coran, disembah sarta disajèni. Pangucapé wong-wong mau, ‘Yakuwi allah sing ngirid kita metu saka ing tanah Mesir.” Pangentasan 32:8

Mripat utawa paningal kuwi diparingake marang titah saka Gusti minangke jejangkepe berkah. Gunane mripat kuwi kanggo nyawang, lan sing disawang mesti nggolek sing endah-edipeni nyenengake ati. Mula bisa dijupuk dudutan utawa kesimpulan, yen mripat kuwi piranti, yakuwi piranti kanggo nyawang. Lumatar mripat, para titah isa nyawang lan mangerteni apa wae, baba bang lan ijone titah liyane. Kuwi kabeh menawa jik normal, ananging uga dimangerteni, yen sejene normal ya ana sing ora normal. Dene penyebab anane ora normal kuwi akeh banget, salah sijine kahanan mripat sing ora normal kuwi diarani BLAWUR.  Lha apa sejatine BLAWUR kuwi? BLAWUR kuwi kahanan sing dialami titah, nalika organ penting kanggo nyawang sing jenenge mripat iki wis ora sampurna anggone makarya. Dene penyebab BLAWUR kuwi manekawerna, ana sing merga sakit-penyakit, ning ya ana merga lelara sengaja. Lelara sengaja kuwi isa merga kekarepan utawa pepinginan.

Nalika bangsa ngisrael nembe mlaku tumuku marang Kenaan, lan ngadepi pepalanging urip, njur eling yen manut rumangsane, urip tinindes neng Mesir kuwi luwih penak seka mlaku adoh neng Negara asal usule. Rasa abot kuwi sing ndadekne BLAWUR, merga ora isa nyawang kersane Gusti sing luwih apik lan jinangka dawa. Lha sejatine abote merga apa sih?Kuwi merga akeh kahanan, merga ngrasakne mlaku kang adoh, ndadekne kesel lan lue uga ngelak, merga jarak sing kudu ditempuh adohe ngeram. Kabeh kahanan kuwising ndadekne  wong ngisrael BLAWUR mripate. Lho kok BLAWUR, titikane apa? Titik’ane merga  jare luwih penak neng pangawulan tinimbang mlaku adoh parane, lan rekasa kahanane. Bangsa ngisrael dadi BLAWUR lan ngrasa luwih penak tinindes neng Mesir, tinimbang mlaku adoh, sanadyan kuwi berkahe Gusti, supaya wal saka meneka werna praharaning urip. Merga BLAWUR karo sejarah kuwi, mula ora ko mertobat, malah nggawe rerekan sapi lan njur disembah. Yen ngene iki pora ya kenthir sethintir wong ngisrael kuwi??

Sejatine sing isa nemahi BLAWUR kuwi kabeh menungsa, klebu sing pada maca tulisan iki, lan sing dadi sebab-musaba’e isa wae luwih enteng tinimbang sing dialami dening wong ngisrael. Legi uda wae marakne BLAWUR karo berkahe Gusti, njur ora gelem ngabekti, lagi dipawartani yen butuh biaya kanggo iki lan kuwi, ben peladosaning pasamua sansaya maju, sambate ora ukur, lan malah njothak Gusti, ora manembah. Kuwi kabeh merga mripate BLAWUR, ning iki bab mripat batin utawa karohanen. Ana uga, nyawang kebutuhaning liyan, sanadyan luwih-luwih, njur meneng wae, iki ya merga BLAWUR kahanane. Mula, jaganen mripat sing saka Gusti, ora mung mripat jasmani, mripate karohanen kuwi ya kudu jinaga, ben ora BLAWUR.

“In, jian paklikmu kuwi ngisin-isine..hmmmm..”Dalijo, esuk rada awan nalika teka seka njakarta, crita karo I’in.
“Weh lha ngapa ta kang?”, Pitakonane Nduk I’in.
“Lha wong neng terminal bisa, ana wong wedok liwat mak kliwer ngono, njur Paklik mbengok, “..Wasti..Wasti Jo..!”. Aku ya bingung,merga raana Yu Wasti” Wangsulane Dalijo.
“Yungalah Lik, kok dadi BLAWUR sampeyan kuwi. Hmm,kuwi merga sing digagas mung Yu Wasti wae, mula nyanga njakarta, sing dipikir ora bulik Trinil,malah Yu Wasti..”Nduk I’in nuturi paklik’e.
“Jik ngengen-ngen ta Lik?Jik pengen ngapa jane ki?”, Dalijo takon,rasa sensitip.
“Crigis Jo, mbok menenga, luwih bagus yen meneng”, Lik Ndoleng sajak nesu, jik BLAWUR penggalihe sajak’e..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH