Kamis, 28 Maret 2019

PEPELING


Kemis Pahing 28 Maret 2019
BENING EMBUN ESUK



Yasua 4:1-13
Jabur 32
Markus 12:28b-34
“..kandhakna yèn nalika Pethining Prejanjian dipikul, nyabrang, iliné Kali Yardèn kandheg ing kéné. Watu-watu mau bakal tansah ngélingaké bangsa Israèl marang apa sing kelakon ana ing kéné.”Yasua 4: 7

PEPELING kuwi asale seka tembung ELING, sing tegese ora lali marang lelakon sing  wis kawuri. Tansah eling kuwi ya bisa diarani kELINGan, utawa ora bisa lali. Mulane tembung PEPELING kuwi sabarang kalir sing isa ndadekne Eling marang sing nate klakon ing jaman biyen. PEPELING kuwi isa awujud  tanda, lan menungsa seneng nggawe tanda utawa monument sing tujuane kanggo ngeling-eling lelakon sing kawuri, apa meneh yen lelakon kuwi jian berkesan tenan. Muga-muga sing maca BENINGE EMBUN ESUK iki ya nate nggawe PEPELING, mbuh apa kuwi wujud’e. titik’ane yen maca tulisan iki sinambi meam-mesem, malah sing wis omah-omah, mbuh anyaran po kawak, nglirak-nglirik pasangane, njur mesam-mesem sinambi nutupi raine karo bantal..hehe..


Eling lelakon sing wus kawuri kuwi mung  isa klakon marang menungsa, merga kewan ora duwe alat kanggo ngeling-eling. Mulane menungsa kuwi seka jaman mbiyen, senengane nggawe tanda-tanda minangka PEPELING. Sekasing awujud sederhana tekan sing ngedab-edabi. Ana ing tata uriping agama, akeh PEPELING kuwi, lan saiki dilakoni kanthi serius lan ditambahi paham yen kuwi kersane sing Kuasa. Kabudayan neng ngendi-endi papan ya seneng nggawe tanda minangka PEPELING, kayata Candi Borobudur lan sak kancane, kaya Mendhut,Prambanan lan liya-liyane. Kabeh kuwi minangka tanda PEPELING, digawe supaya sing sapa wae nyawang dadi eling.

Bab PEPELING iki uga ana neng piwulange Kitab Suci, malah sejatine akeh banget. Salah sijine neng Kitab Yosua. Neng bab 4 dicritakne nalika bangsa ngisrael nyebrang benganwan Yarden. Iline gede banget lan sing kudu nyebrang ora mung wong diwasa, ning ana bocahe cilik mbarang, lan ora ana Buk sing kanggo nyebrang. Lha lumantar pandonga lelambangan Peti Prajanjian isa nyebrang kanthi apik lumantar mujijat yen banyune mandeg iline. Mula saka kuwi, Yosua akon wong 12 seka suku ngisrael njupuk watu siji-siji, nganthi cacah 12. Watu kuwi sakbanjure dingo PEPELING marang anak-putu bab carane Gusti paring pitulungan. Mulane Yosua  ngakon kabeh wong ngisrael supaya mulangake kuwi marang anak putu, supaya ora lali marang pakaryane Gusti.

Ing jaman saiki mulangake lelakon jaman mbiyen marang anak putu kuwi wis kurang grengsenge tinimbang jaman mbiyen. Para wong tua mung sibuk nguyak banda utamane duwit, mula nganti lali memulang anak-anak’e bab lelakon-lelakon sing kawuri, apa meneh mulangake  crita Kitab Suci , tangeh lamun.. Lumantar BENINGE EMBUN ESUK iki, ayo pada nggawe tanda PEPELING marang lelakon apa wae sing klakon, lan menehi teges yen kuwi kabeh isa klakon merga pitulungane Gusti.


“Maca buku apa kuwi In, kok sajak mesam-mesem dewe?”, Dalijo sore kuwi nakoni Nduk I’in nalika bubar bongkar-bongkar lemari nggo senthong.
“Hehe..iki lho kang, aku nemu buku lawas, crita lelakon sing kawuri..tahun sangangpuluhan..mbuh bukune sapa iki..” Nduk I’in wangsulan santene ngeram
“Weh, lha critane apa wae?”
“Anu, bab apa wae sing mbiyen, bab tresna, bab dolan, bab jajan Mie Ayam..bab  surat dibales lan radibales..pokok’e jian…” Nduk I’in mangsuli sinambi jik maca.
“Lha ana katrangane ora?” Dalijo sajak penasaran.
“Kuwi bukune sapa In?”, LIk Ndoleng melu cawe-cawe takon nalika njedul seka lawing ngarep, sajak’e seka warunge Yu Wasti, tuku kopi.
“Inisial’e ‘de’el’je” lho Lik..”Semaure I’in.
“Oalah, kuwi diarine Dalijo…hahaha..mesti critane bab Tarsi, yuh..sakne In, tiwas ditandani jebul wurung”, Lik Ndoleng sajak semangat entuk bahan ngece Dalijo..Lan Dalijo sajak mromong isin lan ya rada nesu..

“Bajingukk…iki Iin kok isa nemu buku kuwi ta ya…kuwi PEPLELING wekku je..”Batine Dalijo, merga meh muni wedi didukani para maos tulisan iki..

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH