Sabtu, 16 Maret 2019

MONDOK


Setu Kliwon  16 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Jabur 118:26-29
Jabur 27
Mateus 5:43-48
“Saprekara sing daksuwun marang Allah, kang dakpéngini banget, yakuwi sajegku urip manggona ing Pedalemané Allah karo ngluhuraké kadarmané, lan ngrasak-ngrasakaké kabecikané.” Jabur 27:4

Sing diarani MONDOK kuwi nalika mapan ana ing papan sing dudu papane dewe lan wektune kliwat suwe. Dene yen mung sediluk kuwi durung bisa diarani MONDOK, palinga mung diarani nunut. MONDOK kuwi mapan lan nglakoni urip  ana neng panggonan sing seje karo kekarepane, kayata wong lara, jan-jane kae wegah yen dikarepake urip ana neng ruang  perawatan, ananging  merga kahanan, ya kepeksa gelem…

Bab MONDOK kuwi jebul ya nate dadi penggalihe Juru Jabur. Manut Juru Jabur, jare luwih seneng yen MONDOK ana Pedalemane Gusti saklawase urip. Lho, lha pedalemane Gusti kuwi ngendi?Ya yen manut sing nulis BEINGE EMBUN ESUK iki, Pedalemane Gusti kuwi ora mung sededar papan utawa omah, ananging KAHANAN. Dadi MONDOK ana neng Pedalemane Gusti kuwi ya matrapi urip ana ing kahananan Gusti Sing Kagungan Dalem. Mesti wae kahanane apik, edum,asri, tenang, semanak lan sakpanunggalane. Neng kana, Pedalemane Gusti kuwi, sing ana mung apik, mung rukun, mung tentrem,mung esem. Neng kana ora ana wong bedil-bedilan, neng kana ora ana wong kampanye, neng kana ora ana wong ollok-olok’an bab calon presiden.

Manggon ana Pedalemane Gusti kuwi pancen nyenengake, ananging ana sing kudu digagas bareng-bareng. Apa kuwi? Aja mung ngangkah mrana, ananging ayo bebarengan ngupadi kahanan Pedalemane Gusti kuwi tansah isa dirasakne dening kabeh warganing jagad iki. Kabeh wae, ora mung menungsa thok-thil. Cacing,semut,coro,tengu,malah kepara Jingklong sing bar nyakot nganti DBD wae ya ben isa ngrasakne kahanane Pedalemane Gusti. Kabeh titahe Gusti kudu isa ngrasakne MONDOK ana neng Pedalemane kang nyenengake.

Mula saka kuwi, saiki  ayo bebarengan mbudidaya supaya Kahanan Pedalemane Gusti kuwi isa dirasakne sakabehing Titah. Kahanane kuwi ora mak pethutuk njedul, ning kudu diusahakne, mula ayo gegandengan tangan mbudidaya mujudake swasana utawa kahanan Pedalemane Gusti isa dirasakna kabeh titah.
“Sekesuk nembang wae kuwi lagi entuk apa ta Jo adimu wedok kae?”, Lik Ndoleng nakoni Dalijo, merga nggumun Nduk I’in sing rengang-rengeng nyonya-nyanyi wae.

“Mbuh kae, jare bungah merga entuk pencerahan”, Wangsulane Dalijo sakrasane.

“Nduk, In..awakmu entuk pencerahan apa kok sajak bungahmu ora umum?”, Lik Ndoleng mbacutne takone neng I’in merga Dalijo mangsuline mung sakrasane.

“Lhadalah..aku ki nampa kabeh kahanan kanthi bungah paklik, mula ya seneng wae anane. Kabeh takpapanane ana neng kawicaksanane Gusti, mula entheng. Aku ngrumangsa MONDOK ana Pedalemane Gusti, mula bungah wae sing klakon, ora kemrungsung kaya kang Dalijo..hehe”, Nduk I’in mansuli.

“Ngapa nyebut jenengku?” Dalijo sajak nesu…
“Sapa sing kurang gaean nyebut jenengmu kang….jeneng pasaran wae kesebut sithik ale njenggirat..”Nduk I’in mangsuli..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH