Jumat, 08 Maret 2019

ALIHAN


Jumat Pahing 8 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Pangentasan  6:1-13
Jabur 91:1-2,9-16
Matius 9:15-15
Gusti Allah nuli dhawuh marang Musa lan Harun, “Kandhakna marang bangsa Israèl lan marang Sang Pringon, yèn Aku wis ndhawuhaké kowé ngirid bangsa Israèl metu saka ing tanah Mesir.”Pangentasan 6:13

Setia kuwi apik,ananging ya gumantung karo kahanan. Umpamane ana wong sing nduweni penemu yen Setia kuwi harga mati, njur nalika ngadepi reruweting urip ora isa rampung, ora gelem ngganti cara, kuwi pada wae sodrun..Lha njur sing apik piye?Ya kudune isa mawas kahanan lan sakbanjure isa ALIHAN utawa ngalih saka cara sing dilakoni ananging ora ngetok’ake hasil kui mau. Mula saka kuwi, sing jenenge ALIHAN utawa pindah kuwi dudu masalah sing istimewa, pomeneh abot, kuwi perkara sing lumrah.

Bab pindah utawa ALIHAN iki nate klakon lan sing nindakne malah Gusti Allah dewe. Nalika ngutus Musa mandegani bangsa ngisrael metu saka Mesir. Musa rumangsa asor lan mikir yen mokal isa mimpin, mula sakwise “nyang-nyangan” karo Gusti lan banjur diparingi “duet maut” yakuwi kakangne dewe,Harun, njur mangkat. Lha jebule sing dikuatirke Musa klakon, wong ngisrael babar blas ora ngrungok’ake apa waesing diomongke Musa, babar blas ora nggagas. Iki sing ndadekne Musa baper,melo,nggrantes. Lha wis direwangi ngoceh nganthi memrengen lambene, eladalah..jebule dicueki,ora digagas, malah diungkurke lan ditinggal lunga. Nampa kahanan kaya mengkono, Musa njur wadul karo Gusti, yen bangsa ngisrael malah ngece lan nyepelekne apa sing diomongke, kamangka sing diomongke kuwi dawuhe Gusti. Bar entuk lapuran, Gusti ya sajak’e esmosi sithik..(hehe..yak’e Gusti ya mbatin..iki menus-menus elek, meh ditulungi penak wae kok angele ngeram…), lan sakbnjure ndawhi Musa lan Harus ngadep Prengon, supaya mbebaske bangsa ngisrael metu saka Mesir, ALIHAn saka panindesing Mesir.

Gusti ngersakne menungsa ALIHAN saka kahanan sing rekasa marang kahanan sing apik, ning kadang menungsane sing ora gelem. Dikandani apik-apik malah ngeyel ngeram, sok-sok malah lucu, menungsa sok kaya Gusti Allah..dene Gusti Allah malah dikongkoni kaya rewange wae..Dene ALIHAN sing sijine, yakuwi kaya ngapa “strategine” Gusti kanggo ngluwari bangsa ngisrael, nalika cara sepisan gagal, ya kudu kreatif, nggolek cara liya lan sakwise nemokake cara njur ALIHAN saka cara sijine. Dadi EMBUN ESUK ing dina iki ngajak sapa wae sing maca tulisan iki nyadari yen Gusti ngersakne menungsa tansah apik kahanane lan kaping pindhone, aja gampang putus asa, siji cara gagal, nggolek cara liyane..njur sakwise nemokne, ya ndang ALIHAN..

“Jo, wingi esuk kok tumben esuk-esuk wis tangi?”, Lik Ndoleng nakoni ponak’ane sing bagus dewe sak omah semut..
“Anu Lik, aku melu doa pagi neng nggreja”, Cekak wangsulane Dalijo.
“Tumben Jo, powis “hijrah” uripmu tik saiki sregepmen doa pagi?”, Lik Ndoleng sajak ora percaya.
“Halah, kuwi lak mergane Tarsi mulih ta lik, wingenane sore kang Dal takbisik’I, njur esuk wingi neng nggreja, nben isa pethuk Tarsi, kan biasane ngeterne mbahe”, I’in  njelaske.
“Rasah klesak-klesik, aku krungu. Iki srana caraku ALIHAn seka urip lawas, yen paklik arep melu-melu merga Yu Wasti, ya manga..biasane paklikyen krungu jeneng Wasti disebut langsung mrinding, ndrodog lan adem panas awak’e”, Wangsulane Dalijo, sajak ngece..
Lik Ndoleng,” Hmmmmm…jindulll cah iki..”

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH