Selasa, 05 Maret 2019

LAMIS


Selasa Wage 5 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yehezkhiel 1:1-2:1
Jabur 35:11-28
Markus 7:1-13
“Gusti Yésus ngandika: “Pancèn cèples banget sing diweca déning Nabi Yésaya, bab wong-wong lamis sing kaya kowé kuwi. Ing kitabé Nabi Yésaya ana tulisan mengkéné: ‘Pangandikané Gusti Allah, wong-wong kuwi ngurmati Aku mung ana ing lambé waé. Nanging atiné sanyatané adoh saka Aku.” Markus 7:6

Ngomong ngalor ning  saknyatane mlaku ngidul, mesem sanadyan atine nangis lan ireng sanadyan sejatine putih, kuwi kira-kira sing diarani LAMIS. LAMIS kuwi tumindak sing sapa wae isa nglakoni, ning mung khusus wong diwasa, merga yen bocah cilik apa meneh bayi tangeh lamun isa nglakoni tumindak LAMIS iki. Bocah utawa bayi tumindak adedasar naluri lan racak’e nalurine bocah cilik utawa bayu kuwi jik resik lan apik, mula mesti jujur. Beda karo wong diwasa, prosesntase jujur’e mung kari 11,67% (iki mung angen-angene sing nulis, yen ora pada percaya ya tlitinen dewe..xixixix..). LAMIS kuwi isane klakon ora merga takdir, ning merga kahanan, isa wae kabentuk merga tuntutan ananging merga seka bakat lan lingkungan.

Bab LAMIS iki nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, nalika ana sing alok-alok marang Gusti bab para sekabate sing ora wijik sakdurunge mangan. Tumrap Gusti Yesus, wijik lan ora wijik kuwi ora urusan kapercayan, ananging urusan kebersihan. Wijik lan ora wijik kuwi ora ana gandeng cenenge karo keslametan, sanadyan ya ora kudu dilakoni sak karepe dewe. Sing dadi pokok piwulange Gusti Yesus yakuwi bab dasar’e tumindak. Wong Parisi lan Ahli Toret mbiji kaswargan mung adedasar bab sing cethek, mung seka urusan wijik lan ora wijik, lha ana pamawase Gusti, wijik lan ora wijik kuwi mung bab pakulinan, ora ana gandeng cenenge karo babagan agama. Anane Gusti duka kuwi merga Gusti pirsa, sing pada umyek bab wijik lan ora kuwi ya sing katon tertib  utawa taat bab nindak’ne pepakon agama sing awujud ritual, ananging babagan katresnan ora. Wong-wong Parisi lan ahli Toret jik abot nglakoni ritual agama tinimbang tumindak katresnan. Kabeh kuwi sing ndadekna Gusti Yesus duka. Lambene ketok memuji, ananging tumindak’e babar blas ora…Gusti mirsa yen wong Parisi lan ahli Toret kuwi ana ing tata lambe ngurmati Gusti, ning atine adoh saka Gusti..lambene muni nggih ananging ora nate kepanggih..Sing kaya ngene iki jaman saiki nggladeg, akehe raukur..

“In, kowe ngerti ra istilah canggih?”, Dalijo sore kuwi sinambi klepas-klepus nakoni Nduk I’in.
“Halahh..mung bab  kaya mengkono wae kok ndadak takon aku kang, aku elek-elek ngene sarjana lho, es siji”, Wangsulane nduk I’in.
“Jal’e apa..kira-kira bener apa ora..” Dalijo sareh nguyak wangsulane Nduk I’in.
“Kuwi lak bab teknologi ta kang, bab perkembangane teknologi,bab alat-alat sing ben ndetik owah gingsir?”, I’in nyoba ngek’i wangsulan..
“Ya bener nduk sing diarani canggih kuwi bab teknologi, kemjuan sing ngedab-edab’I”, Lik Ndoleng melu cawe-cawe nalika metu seka pawon sinambi mebnak’ne sarunge sing meh mlotrok…
“Weladalah, iki cah tuwek, melu-melu, salah meneh…hmmm” Dalijo wansulan sajak kemropok.. “Canggih kuwi jan-jane kaya sampeyan lho lik”
Lik Ndoleng plengah-plengeh sajak marem entuk aleman seka Dalijo, njur lungguh neng kursi kanalendran’e. eseme sajak marem kae..
“Kok isa paklik sing canggih ta kang?”, Nduk I’in sajak bingung.
“Canggih kuwi cangkeme kulina muni nggah-nggih…” Dalijo mangsuli njur mak brabat mlayu lunga mbuh ngandi…
“Oooo, kakek’ane, trondolo buntung….”Batine Lik Ndoleng, merga meh muni wedi dipaido sing maca tulisan iki, lan ya ijik pengen njaga gelar LAMIS’e..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH