Minggu, 24 Maret 2019

DITEGOR


Minggu Pon 24 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 55:1-9
Jabur 63:2-9
1 Korinta 10:1-13
Lukas 13:1-9
“Mulané wong mau banjur kandha karo tukang keboné: ‘Wis telung taun lawasé enggonku ngarep-arep pametuné anjir iki, nanging ora tau awoh siji-sijia. Mulané wit iki tegoren waé. Sebab apa gunané wit iki urip, tiwas mung ngentèkaké lemèn sing ana ing lemah waé.” Lukas 13:7

DITEGOR kuwi seka tembung “negor”, iki basa Jawa dudu basa ngindonesa, mula negor kuwi tegese nebangi wit-witan. Piranti sing isanggo negor kuwi isa graji , arit,wadung lan alat liyane. Yen wis dong tegese negor, mula ya kudu paham apa ta kuwi DITEGOR. Mula saka kuwi manut pangertene sing nganggit lan nulis BENINGE EMBUN ESUK iki, DITEGOR kuwi tegese wit sing ditebang, dimbrukke,dijugarke. Dene sebab kok isa DITEGOR kuwi ya maneka warna, ana merga wit kuwi wis tuwa, merga wit kuwi dibutuh’ake kanggo mbangun omah lan uga merga wit kuwi wis ora migunani tumraping urip sing baku.


Bab negor lan DITEGOR kuwi nate dadi piwulange Gusti Yesus. nalika semana Gusti nembe wae rampung mulang bab dosa lan kasangsaran, njur migunak’ake pasemon bab urip sing maedahi lan ora. Pasemone bab wit Anjir sing ditandur  neng sak sela-selane kebun Anggur. Dene tujuane kok kebun anggur ana tandurane Anjir kuwi merga wit anjir dadi “lanjaraning” urip wit anggur. Saben pirang etungan wit anggur kudu ana wit anjire. Sanadyan ditandur ana saktengahing kebon anggur ning fungsine wit anjir kuwi ya gede banget, merga tata alamiah wit anjir kuwi (kudune) woh saben wayah, ora musiman. Gunane nalika pada ngrumat wit anggur, isa njupuk wohing Anjir kanggo ngganjel rasa luwe. Lha ndilalah kok wis telung tahun ora tahu ngetokne woh, kamangka wite ngrembuyuk, katon subur. Mula sing nduwe kebon ya ngamuk, duka yayah sinipi, njur akon tukang kebone supaya NEGOR wit Anjir kuwi mau.

Merga telung tahun ora ngetokne woh, mula karo sing nduwe, wit Anjir kudu DITEGOR. Iki bab sing lumrah,merga uripe wit Anjir kuwi ora maksimal. Ditandur merga ana ancas manfaat, ananging mung isa nglakoni sethitik, mula yen meh DITEGOR sing nduwe, ya lumrah wae.
Saka piwulang iki, sapa wae isa ngilo utawa ngaca, apa uripe wis ngetok’ake woh sing banget dibutuh’ake dening sing kagungan urip? Wis pirang tahun ora ngetokne woh?Yen ora ngetok’ake woh, ateges uripe mung dadi sesandungan, dadi tukang ngentek’ake pangananing urip tumrap liyan, lan iki malah dadi sumbering pangrusak, mula ya kudu siap yen meh DITEGOR njur diguwang karo sing nduweni urip.


“Kang Dal, paklik Ndoleng wingi sore diamuk bulik Trinil. Lha mung kon ngaruhke mbahe bocah-bocah seka bulik Trinil wae angele ngeram, kamangka wis bola-bali dielikne, kong ngaruhke”, Nduk I’in wadul karo dulure lanang.

“Karan yen Paklik kan ya ngono kuwi. Yen bab Yu wasti wae, orasah dikon isa wae nggolek alesan kanggo nyawang. Mbuh kentek’an udud, tuku obat nyamuk, ngeterke undangan lan apawae, isa nggo alesan kanggo methuk’i Yu Wasti. Bareng kon ngaruhke mbokne Bulik Trinil wae kakean alesan. DITEGOR sesambungane bebrayatan gek njalingi ngko”, Dalijo Sajak mangkel karo polahe pakne cilik.

“Biyuhh..jebul pada ngrasani aku..matur nuwun cah wis pada mbok elikna. Aku cen luput, arang nggagas wongtuaku, ya mertuaku. Kamangka mung dikon ngaruhke, ora njaluk liyane. Untung mbok elikna cah..yen ora klakon DITEGOR tenan kahananku” Lik Ndoleng nyauri sinambi klunuh-kulunu seka pawon.

“Lha Yu Wasti piye lik?”, Dalijo takon meneh.
“Hush..menenga, angon wayah Jo…” Saurane Lik Ndoleng..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH