Rabu, 13 Maret 2019

WUDA

Rebo  13 Maret 2019 BENINGE EMBUN ESUK
WUDA
Ayub 1:1-2
Jabur 17
Lukas 11:29-22
Lairku tanpa sandhangan. Enggonku bakal bali mrana iya mengkono. Allah sing maringi, Allah sing mundhut. Pinujia asmané Pangéran!" Ayub 1:21 (Jawa 1994)
Jare wong akeh tur ya waras pikire, wong diwasa WUDA kudu kudune isin merga isa diarani saru,ora pantes utawa ora ilok. Mula saka kuwi menungsa njur nggawe pakaian supaya isa nutupi awak, sakliyane fungsi nggo nggaya-nggaya’an.. Ning sejatine ora kabeh kahanan WUDA kuwi isin..coba wae takokne manten anyar kae mesti babar blas ora isin...yen mung sakloran thok thil neng ngomahe dewe lho ya..lan uga takon wae karo ding wis omah-omah mesti ora isin WUDA. Lha sejatine WUDA kui apa ta? Wuda kuwi kahanan kothong, suwung,polos tanpa ubarampe gaeannw menungsa jik 100% titahe Gusti, kadya bayi cenger. WUDA kuwi isa uga ditegesi utawa diparingi pangwerten pasrah bongkokan marang sing ngwasani uripe.



Ana crita Kitab Suci yakui critane Ayub sing maune sugih mblegehu. Merga saking  apike mula tansah dialem Gusti, mula iki ndadekne penasaran. Nalika ana “pleno” kaswargan (kaya gkj wae ana rapat pleno...hihi) iblis teka kamangka mung panitia, kuwi wae panitia pengrusak njur didangu Gusti. “ Ngapa trunyukan mrene, seka klayapan ngendi Tan!!”. Sak sirku ta...aku lak mbok bebaske...hihihi” wansulane setan maneni. “Piye Ayub abdiku sing joss dewe?” Takone Gusti sugal. “ Mesti wae percaya wong mbok cukupi butuhe turah-turah, jal wae kurasen poyo jik percaya” Setan nantang Gusti. “Yo kana kurasen bandane nggere aja nyawane..ndang gek minggat selak rapat iki ngko mutah nyawan prejenganmu” Gusti nundung Setan lan njur mak lappp...ilang.
Ayub njur nampa sakabehe alanganing urip. Kabeh musna tanpa turahan tur ya jik kena lelara sing nggegirisi. Tangga teparo pada bingung, bojo ora ngrumat malah minggat, kanca teka kudune nyanding malah nuding yen uripe rekasa merga dosa. Kabeh nyalahke ayub lha ing kahanan kaya mengkene iki imane Ayub kaya lagi ngliwati dalane sing angel banget. Ning Ayup percaya yen kaben kuwi kalah aji karo urip peparingi Gusti, mulane ya tetep percaya yen wis kenal lagune swargi mbah Surip mesti Ayup karo lara awak lan pikir nyanyi...Ilapyu pull gusti...wot eper wil bi...”hehe..Ayup njur ngungelje credo pribadine kaya nats judul ing nduwur...
Uripe menungsa ki kaben semodel Ayup ning ora kaben isa tabah ngadepi kaya Ayup. Ana sing mundur, ana sing meneng wae lan uga ana sing pasrah total. Uga ana sing ora dong babar pisan karo urip lan bandane mula pelite ngeram..persembagan nggo greja wae kaya mbayar parkir mobil neng transmart 5000 kamangka mobile edisi teranyyar lan ya ora mung siji . Kon berdema po meneh...pelit (awaas nganggo “t” ) lho..hihi. Ora sadar yen kui peparing..mati radigembol..sinaua nyang Ayub lur..
“Lik jebul cah tuwek ki ya olih sambat ta?” Dalijo bengi kuwi seka tilik mbah’e crita.
“Sambat ki lumrah Jo..merga anasing dirasa beda karo karepe. Yen ra sambat malah bahaya..ning kudune sambat kuwi nuntun neng kahanan sadar yen sejatine urip iki WUDA ana ngarsane Gusti” Lik Ndolen malah sesorah.
“Wong mung crita mbahe dijupuk getihe njur pringas pringis kaya kethek cokot tengu..malah kojah sakhilolah” Grenenge Dalijo.
“Nggere bar nyawan Yu Wasti dandan mesti ngono ta kang Paklik kui” Nduk I’in melu caqe-cawe.
‘Dek setu kae lho...hihi”
“Oalah...pantesan kawit minggu mung ngguya ngguyu dewe...persis wong waras...” Aloke Dalijo...
Lik ndoleng manyun...sinambi mbatin...”Dusssss.....”

Mbahe..130319
Teratai202RSUDS

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH