Rabu, 27 Maret 2019

NERAK


Rebo Legi 27 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 13:17-27
Jabur 39
Mateus 5:17-19
“Mulané sing sapa nerak salah sawijining angger-angger mau, senajan sing katoné cilik dhéwé, lan mulangaké marang wong liya nglakoni mengkono, iku bakal olèh papan sing asor dhéwé ana ing Kratoné Allah..” Mateus 5:19b

NERAK kuwi tegese mlaku lan midhak, dene mlaku kuwi sawijing tumindak kang dilakoni kanthi sengaja lan sadar. Dene NRAK kuwi akibat seka laku sing dilakoni dening sikil, mbuh kuwi sikile sapa. Dadi NERAK kuwi kahanan nalika ana sikil sing dienggo mlaku lan midhak. NERAK isa uga sawijining lelaku sing nglanggar sing kudune ora dilakoni, NERAK isa uga  sawijing tumindak sing nabrak pranatan-pranatan sing lumaku.  Sejatine tegese temung  NERAK kuwi netral, merga tegese lumaku, ananging sing kelakon tembung NERAK kuwi  ditegesi negative.


Bab NERAK kuwi nate diwulangake Kitab Suci, yakuwi dening Gusti Yesus, nalika ana saperangan wong sing rumangsa rawuhe Gusti Yesus kuwi meh ngilangake Toret. Gusti ngelik’ake, yen rawuhe kuwi ora arep ngilangake, malah arep njangkepi murih sampurna. Lan uga ngelik’ake marang wong akeh, yen ana sing NeRAK Toret, sanadyan  kuwi mung cuilik, bakal entuk paukuman sing nggegirisi. Kuwi kabeh sejatine dadi pepeling marang sapa wae, klebu sing maca tulisan iki, yen bab NERAK utawa gobras-gabrus nabrak tatanan kuwi ora becik. Tatanan kuwi digawe supaya tumata, ananging ya tetep sadar yen tatanan kuwi digawe kanggo mranata uripe menungsa, dudu menungsa sing kudu urip kanggo pranatan kuwi.

Mula saka kuwi, kudune urip iki tansah ngati-ati, aja gobras-gabrus lan njur NERAK pepakon-pepakon sing ana. Urip bebarengan kuwi akeh pranatane, mula kudu paham supaya isa nglakoni kanthi becik. Sakwise paham, mesti mikir dawa yen meh NERAK apa sing dadi pranatane urip bebarengan. Ananging ya tetep akeh sing senenane NERAK apa singdadi pranatane urip bebarengan, merga kuwi  watak dudu watuk, yen watuk isa ditambani, yen watak angel tambane. Merga watak’e seneng NERAK, mula ya urip dadi kedusang-dusang, sing repot yen akibat NERAK kuwi liyan sing direpoti, mula aja njarag njur sengaja NERAK pepakon.

“Paklik, njamane sampeyan mbiyen dadi anggota majelis greja, pernah ijin ora rapat pleno pora?”Takone Dalijo nyang Lik Ndoleng.
“Lha ngapa ta Jo, kok ndadak takok bab kaya kuwi?”, Lik Ndoleng semur karo nyruput the, merga nembe wedi karo kopi.


“Wong mung takon wae kok Lik, jenenge takon ya pengen ngerti. Lha aku tau ditakoni Kang Tatag, piye gelem dadi majelis ra?, Ngone ok Lik”, Wangsulane Dalijo.
“Paklik ki nalika dadi anggota mejelis arang lho kang…”, Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Arang pye In?”, Dalijo nakoni I’in.
“Arang mangkat rapat, alesane ana wae, ning sajak’e sing pas, nyepelekne timbalan. NERAK janji, lha jare mbahndito, rapat kuwi salah siji tugas pokok aggota majelis lho kang”, Nduk I’in ndremimil mbuh kesampyuk roh apa sore kuwi.
“Pancen bener Jo, aku ora isa dadi conto bab nindakne timbalan pradata, kerep nglirwakne. Bener kaya omongane adimu wedok, aku wis NERAK janjiku karo Gusti”, Akune lik Ndoleng.

“Wah, siap-siap nampa bebendu wae Lik..”Dalijo mangsuli , semune ngancem..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH