Jumat, 29 Maret 2019

NGUNGSI (1)


Jemuah Pon 29 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yusak 4: 14-24
Jabur 32
Lukas 18:9-14
“Paduka menika pangungsèn kawula, Paduka badhé nebihaken kawula saking karibedan; kawula badhé memuji kanthi sora, ngidungaken pangluwaran saking Paduka.” Jabur 32:7

Arang wong sing nduweni pengagen-angen arep NGUNGSI, merga manggon ana papan dununge dewe kuwi luwih kepenak. Ananging yen kahanane beda, NGUNGSI kuwi dadi pilihan sing ora bisa diselak’e. ana sing NGUNGSI merga ana prahara utawa bencana, ana sing NGUNGSI merga  netepi tanggung jawab pakaryane la nana sing “NGUNGSI” merga kudu ngetukt’ake bojo…pokok’e yen bab iki ana sing tersungging..eh tersinggung mesti klecam-klecom dewe..lha arep protes nyang sing nulis raweruh alamate..palinga sing weruh njur njapri..
Oiya, lha sejatine apa ta sing diarani NGUNGSI kuwi? NGUNGSI kuwi bab obah,mingset utawa alihan saka papan siji menyang papan liyane, adoh lan cedak ora dadi ukuran, sing baku pindah saka papan sakdurunge.


Juru Jabur nate mbabar piwulang bab NGUNGSI kuwi. Yakuwi nalika ngrumangsani yen sakdawane uripe tansah diindik dening panganceming urip. Juru Jabur ngrumangsani yen uripe ora nate walseka bab sing tansah ndadekne ndrawasi marang uripe, mula saka pangrasa kaya mengkono kuwi, Juru Jabur butuh papan pangungsen, sing tegese papan kanggo NGUNGSI. Juru JAbur sadar, ora ana papan sing paling aman neng jagad iki sakliyane ana ing pangaubane Gusti Allah, mula kapercayan mau dicritakne lan dadi piwulang tumrap sapa wae sing nate maca kitab Jabur.

Saka pengalamane Juru Jabur bab papan NGUNGSI mau, sejatine menunga kudu sadar yen kabeh papan neng njagad iki ora ana sing paling aman kejaba mung neng pangayomaning Gusti. Mula saka kuwi, orasah nggolek papan NGUNGSI sing aeng-aeng, orasah ndadak nggolek susuk lan rajah supaya aman seka apa wae, cukup matur karo Gusti, nyuwun diayomi. Matur karo Gusti kuwi pada karo NGUNGSI, lan mesti Gusti ora bakal tega, lan mesti Ngayomi menyang sapa wae sing NGUNGSI marang Panjenengane.

“Lik, mbok kang Dalijo kae, kapan-kapan diparakne nyang mae “wong pinter”, ben gekndang rabi, selak lumuten”, Nduk I’in sore kuwi, ngrembug klesak-klesik karo Lik Ndoleng  bab Dalijo, ndilalah Dalijone jik repot mbenerke kandang sapine.
“Hus, apane sing lumuten nduk?Ngko ndadekne wong sing  krungu rembugmu mikire sing ora-ora”, Semaure Lik Ndoleng.
“Kuwi lak mung ukara ta Lik, intine selak kang Dalijo tuek, mesakne ngko yen ra rabi sing arep ngrumat sapa. Mula kana, golekna “ wong pinter”, Nduk I’in ngedrel, sajak’e mikirake dulure lanang serius tenin..
“Wah, apik idemu In, jal’e sesuk tak takon kancaku sing apal bab kaya mengkono”, Wangsulane Lik Ndoleng sinambi nyruput kopine, lan ora sadar yen kabeh rembug’ane dirungokne Dalijo, mula njur njedul sinambi muni sajak nesu.


“Maturnuwun wis pada nggatekne aku, ning ada dieling, iki kuwi pilihaning uripku. Aku mung arep NGUNGSI lan sambat karo Gusti, ora karo liyane. Sanadyan aku jikdewe, ning uripku bungah,,nyambut gawe serius lan ora tahu dadi repoting liyan. Mula kowe In, lan sampeyan Lik, rasah repot-repot nggolek wong pinter, Gustiku wis paling pinter”, Semaur ngono karo nyedak kursi,lungguh, nyruput kopi lan nyumet djarumsupere..Dene Lik Ndoleng karo I’in mung ndomblong kaya Jangkrik bar disunati..

Mula pada NGUNGSI’a marang pangunsen sing bener lan pener..

Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH