Sabtu, 02 Maret 2019

TRENYUH


Setu  Legi 2 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret 9:15-24
Jabur 99
Markus 6:30-34
“Nalika mandhap saka ing prau, Gusti Yésus pirsa wong akèh wis padha ana ing kono. Mirsani wong-wong mau Gusti Yésus mesakaké, awit padha kaya wedhus sing ora ana pangoné. Gusti Yésus banjur paring piwulang akèh-akèh marang wong-wong mau.”Markus 6:34

Saben menungsa sing lumrah, mesti nduweni rasaTRENYUH, yakuwi rasa sing mrentul saka telenging ati nalika mangerteni kahanan sing ndodog ati. Dene anggone isa ngerti kuwi merga nyawang lan uga ngrungu, kabeh isa dadi srana mrentuling rasa welas. TRENYUH kuwi watak dasar, watak kamanungsan. TRENYUH kuwi uripe bebarengan karo rasa liyane, kayata nesu,ngamuk,mutung lan sakpanunggalane. Mung wae bedane, nalika rasa nesu sing mrentul,luwih gampang ketok lan uga tumindak merga seka nesu kuwi luwih mayar, lan kayane ndadekna marem. Beda karo TRENYUH, sanadyan isa ngetokake Luh utawa waspa, ananging arang sing isa tumindak luwih saka nangis.

Gusti Yesus nalika memulang, banjur akeh wong sing pada gembrudug nderekake, saknalika mirsa lan trenyuh merga mandeng praupane wong akeh kuwi sing melas banget. Wis kuyu-kuyu, ireng,rai gosong,tur ya ana sing nggendong anak’e, wis jian melas temenan, lha ndilalah wayhe wis lingsir sore. Gusti Yesus TRENYUH marang kahanan kuwi kabeh. TRENYUH sing sepisan merga wong akeh kuwi mbutuhake panutan, mula direwangi ngetutake Gusti sanadyan adohe poll saka papan dununge dewe-dewe. Saka pamawase Gusti, kuwi kabeh merga wong akeh mbutuhake pemimpin, mula ya diparingi piwulang. Dene trenyuh sing kaping pindho, merga kapirsan Gusti pada luwe lan butuh panganan, mula sakbanjure ndawuhi para sekabate nggolek panganan.

Rasa TRENYUH kuwi diduweni saben menungsa, ananging tumindak merga rasa TRENYUH kuwi ora saben wong gelem nglakoni. Paling-paling rasa TRENYUH kuwi mung diomongake, ananging nalika dijaluki tulung, mentok-mentok’e mung gelem ndongak’ake. Ora ateges ngremehake donga, ananging sapa sing njamin olehe ndongakne serius? MUla saka kuwi, kudune kabeh nuladha Gusti Yesus, nalika mirsa kahanan banjur tuwuh rasa TRENYUH lan sakbanjure tumindak tetulung, ora cuek bebek..(Eh bebek kip o cuek ta?).Sing akeh, sanadyan wis ngerti apa sing dibutuhake liyan, ananging panggah wegah nglakoni sing dibutuhake wong liya.

“Ngapa membah-membih In?”, Takone Dalijo nalika ngerti Nduk I’in mbrebes mili pas maca WA.
“Iki lho kang, ana sing ngirim potone swargi bapak..poto jaman mbiyen..dadi TREYUH..” Alesane I’in.
“Yen TRENYUH ya tumindak Nduk, eling apa piwelinge swargi bapak..apa sing dikersakne swargi bapak…”, Lik Ndoleng nuturi..
“Mbiyen jik sugeng wae lehmu maneni pol In, bareng saiki wis ora ana, lehmu ngatonke gematimu,,’ Dalijo sajak kemropok.
“Orasah crigis Jo, mbiyen yo mbiyen..saiki ora telat..mula ndang lakoni apa sing dikersakne swargi bapakmu, ben ora rumangsa luput terus..ben TRENYUHmu enggal mari..”, Lik Ndoleng mbacutke olehe nuturi.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH