Kamis, 28 Februari 2019

KEMLINTHI


Kemis Wage 28 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret 9:1-5
Jabur 99
Markus 6:7-13
“Babar-pisan ora. Enggoné Pangéran nundhungi bangsa-bangsa mau lan nggawa kowé mrono, kuwi merga saka gedhéning durakané bangsa-bangsa mau. Kowé diparengaké ngenggoni tanahé bangsa-bangsa mau, merga Panjenengané kepéngin netepi janjiné marang para leluhurmu Abraham, Iskak lan Yakub” Pangandaring Toret 9:5

Saben menungsa nduweni watak KELINTHI, sanadyan istilah iki sajak’e mung pas kanggo wong lanang. KEMLINTHI kuwi watak sing katindakake ngluwihi karo kahanan asline. Wong sing KEMLINTHI kuwi mesti lali purwaduksina, lali utawa ora eling kahanan sing kawuri lan uga kiwa lan tengene. KEMLINTHI  kuwi rumangsa hebat dewe, pinter dewe, kuwat dewe, bagus dewe, lan kabeh isa dewe mula ora mbutuh’ake liyan. KEMLINTHi kuwi isa dilakoni sapa wae, lan sing paling mbebayani, isa dilakoni kanthi keslamur andhap asor. Kayane lembah manah ning sejatine KEMLINTHIne ora njamak. Merga awatak KEMLINTHI isa uga menungsa lali karo sing nggawe urip utawa sing dadi lantaran. Merga kahanan KEMLINTHI iki jian mbebayani temenan, mula Gusti nganti meling mirunggan ana ing Kitab Suci.

Neng Kitab Pangandaring Toret, nabi Musa ngelikake bangsa Ngisrael supaya tetep sadar yen kabeh sing klakon kuwi merga Gusti. Kabeh sing dialami kuwi merga Sih Rahmate Gusti, dudu merga pintere,baguse,kuwate lan kreatipe. Kabeh merga Gust iwis nindakne apa kang dadi prasetyane utawa janjine marang menungsa. Anane Gusti meling kaya mengkono kuwi mergane kereb wong ngusrael kuwi tumindak kemaki, kumentus lan uga KEMLINTHI. Lha banjur menungsa kuwi ora ana pungsine babar blas? Cen ora, mula orasah kemaki, orasah KEMLINTHI..hehehe. Kabeh mung kari nampani lan nikmati..
Tugase menungsa kuwi kari atur panuwun, aja lali marang Gusti. Dene merga Gusti kuwi ora katon,ora isa disawang lan dirayahi, ya lakonono marang sing isa disawang lan digrayahi. Aja nglalekne karo liyan sing wis dadi mitrane Gusti ben kabeh rerancangane Gusti klakon. Aja sulap karo sing anyar, sanadyan kuwi uga ujud’ing Sih Rahmate Gusti. Sepisan meneh, aja KEMLITHI, aja nglalekne sing wus kawuri, tansah elinga merga kabeh kuwi wis dikersakne dening Gusti.

“Wah, jare anakmu juara lomba deklamasi ya In?”, Dalijo nakoni dulure wedok sing anak’e nembe wae juara deklamasi tingkat RT.
“Iya Jo, jian pol tenan putuku siji kae. Wasise ora njamak lan uga merga mbok’e ya gemati lan prigel anggone nyinaoni”, Lik Ndoleng melu-melu cawe-cawe ngalembana putune seka ponakane wedok Nduk I’in.
“Kabeh kuwi namung berkahe Gusti paklik, kang Dal..kula namung sadrema nglampahi”, Wangsulane Nduk I’in sajak lembah manah.
“Watak kaya sing dilakoni I’in kuwi lik sing apik, tansah eling karo Sing Nggawe urip. Ra kaya sampeyan, sithik-sithik nglalekne liyan”, Dalijo nyemes Lik Ndoleng sakkayange.
“Jindul Jo, iki bab I’in kok ya aku sing mbok ossooo??!!!”, Lik Ndoleng sajak ora trima diece Dalijo..


Lurr..aja KEMLITHI…
Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH