Sabtu, 23 Maret 2019

(M)BUBRAH


Setu Pahing 23 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 5:1-7
Jabur 63:1-8
Lukas 15:1-3,11-32
“Kurang apa enggon-Ku ngrumat kebon anggur-Ku? Nanging yagéné wohé kokkecut, ora legi kaya sing Dakkarepaké? Saiki beciké kebon anggur mau Dakkapakaké? Mengkéné: Pager kawat sing ngubengi kebon iki arep Dakbubrah, témboké Dakrubuhaké, supaya kéwan galak padha bisa mlebu lan ngidak-idak tandurané.”Yesaya 5:4-5

Ana rong gawean neng urip ing jagad iki, sing lelorone wolak-walik’an. Sing siji mayar utawa gampang dene sijine angele ngeram. Lha njur apa ta gawean kuwi? Jenenge gawean iku yakuwi mBUBRAH lan nDANDANI. mBUBRAH kuwi seka tembung BUBRAH, sing tegese ndadekne sabarang kalir luih elek tinimbang sakdurunge, dene nDANDANI kuwi ndadekne sabarang kalir luwih apik tinimbang sakdurunge. Yen dikon milih nglakoni, mesti kabeh milih nDANDANI tinimbang mBUBRAH, ananging yen dijak ngrasak-ngraka’ake, mesti sing dilakoni akeh mBUBRAH’e tinimbang nDANDANI. Hayo jujur wae, rasah plinthat-plintut, kuwi sing maca karo ngopi, malah mesam-mesem dewe, diarani wong waras lho mengko..hehe..


Mbalik neng bab mBUBRAH lan nDADANi mau,  ana ing Kitab Suci ya nate dadi pokok piwulang. Bab iki klakon nalika Gusti lumantar Yesaya mulang bab urip lumantar pasemon bab Kebun Anggur. Lha olehe ngrumat kebun anggur kuwi ora kaya-kaya, sregep,gemati,tresna,setya lan kuwi kabeh kanthi pengarep-arep cikben mengkone wit-wit anggur ing kebon kuwi mangsane uwoh ya ngetoka’ke uwoh. Lha bareng bola-bali ditekani,diarep-arep uwohe ora njedul, sing nduwe ya dukayayah sinipi, nesu lan lumrah yen njur mutung semutung-mutungnya..hehe..Mula njur ngengel kaya neng Yesaya 5 ayat 4 lan 5. Olehe ngrumat wis maksimal, lha bareng ora uwoh ya gumantung sing nduwe. Mula sakbanjure sing nduwe kebon anggur kuwi meh mBUBRAH kebon anggure, ngrusak tatatane ben para kewan galak mlebu lan ngidak-idak.


Nesune sing nduweni kebon anggur pol tenan, mula saking nesune niate wis golong-gilig, kebon anggure arep diBUBRAH,arep dirusak,arep dijur-jur. Yen iki minangka piwulange urip tumrap menungsa, saiki ayo pada ngilo bab uripe dewe-dewe, apa awak’e dewe minangka “Kebun Anggure Gusti”, wis isa ngetok’ake “wong anggur” kaya sing dikersakne Gusti?Yen durung lan njur uripe dewe dirusak Gusti, ya aja sambat..sadara yen cen uripe dewe iki durung ngetokne who sing becik. Minangka anak, durung isa mbangunturut marang wongtua, minangka wongtua durung isa nggulawenthah anak sakmestine, minangka bojo durung isa ngemong sakbenere lan minangka warganing pasamuan durung isa misungsungake urip kaya kersane Gusti. Mula saka kuwi, yen rumangsa pada durung ngetok’ake wong sing jumbuh karo kersane Gusti, siap-siap wae uripe awak’e dewe iki diBUBRAH  dening Sing Kagungan.

“Jo, ngapa sore mau rasida madang?”, LikNdoleng nakoni Dalijo, merga sore mau ora madang kaya padatan.

“Ramathuk lawuhe Lik, merga mung jangan terong”, Nduk I’in sing mangsuli, merga Dalijo mung meneng wae, saja mebah-membih sakjroning ngalamune.

“Ditakoni malah membah-membih, ora sumbut karo gagragmu Jo..ngapa malah arep nangis?”, Lik Ndoleng sajak esmosi.

“Aku mung kelingan swargi Simbok Lik, In..yen ana jangan Terong. Mbiyen merga aku ora doyan jangan terong, njur dikelakne jangan kuwi, ora tak pangan, malah takbruk’I uyah sakplastik. Simbok ya mung meneng wae, lan ngendika jare yen isa nggolek sing luwih enak arep digolekne. Saiki bareng simbok wis ora ana, aku lagi doyan jangan terong, lha mbuh sore mau arep mangan kok ndilalah kelingan Swargi…”Dalijo olehe mangsuli karo prembah-prembih.

“Mula saka kuwi Jo lan kowe In, mbangun turut karo wong tuwa kuwi penting, sanadyan sok-sok ya njengkelke, ning mesti tujuane apik..aja nganti kebacut, wis mati nembe kelingan. Manut pituture wong tuwa kuwi kaya nDANDANI urip, dene ora manut,ora ngajeni wong tuwa kuwi mBUBRAH urip..wong tuwa kuwi mung njaluk diwongke..kuwi wae…”Lik Ndoleng mungkasi kojahe, merga jebule tulisan BENINGE EMBUN ESUK wis daya banget, ngrumangsani sing maca sok mangkel merga dawane ngeram..

Mbah’e…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH