Rabu, 20 Maret 2019

WANI


Rebo Wage 20 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

2 Babad 20:1-22
Jabur 105:1-42
Mateus 20:17-28
“Ésuké umun-umun, rakyat budhal menyang ara-ara samun sacedhaké Tekoa. Sadurungé mangkat Yosafat ngandika mengkéné marang rakyat, “Wong Yéhuda lan Yérusalèm! Padha precayaa marang Pangéran Allahmu, kowé mesthi bakal olèh gawé!” 2 Babad 20:20




Ana unen-unen Jawa sing kaya mengkene, “Yen WANI aja wedi-wedi, lan yen Wedi aja wani-wani”, sing tegese, lakonana sing Teteg wae. Yen WANI ya lakoni, rasah mangu-mangu, ananging yen Wedi ya mundura, rasah kemaki mbok adepi. Njur saiki apa sing dadi pengandel supaya WANI?Kudune ya akeh, lan kari meh ngadepi apa neng urip iki. Yen sakumpamane wong tani, meh ngadepi mangsa tandur, sanadyan apa wae pepalange ya kudu WANI. WANI kesel,rekasa, luwe lan sakpanunggalane. Jejeg’e wong tani njur wedi ngadepi mangsa nenandur merga rekasa kuwi kan ya lucu…hehe


Oiya, iki malah nggedabyah. Esuk iki aku mung meh ngajak ngrenungake bab urip lan masalahe. Iki sinau seka Kitab suci, bab critane bangsa ngisrael pas dipimpin karo prabu Yosapat. Crita iki ngepasi nalika wong ngisrael kudu perang ngadepi mungsuh sing kuat lan medeni. Nemahi kahanan kaya mengkono kuwi prabu Yosapat njur nyadari kahanane, yen tata kamanungsan ora isa unggul, mula njur Wadul utawa sambat karo sing Mbaureksa urip, yakuwi Gusti Allah. Lumantar nabine, njur Gusti paring dhawuh, supaya wani maju ngadepi mungsuh, orasah gigrig,orasah wedi, orasah semplah, .kudu WANI (2babad 20 ayat 15). Lha entuk kabar kaya mengkono kuwi ndadekne prabu Yosapat teteg lan WANI, mula  njur ngajak rakyate maju ngadepi mungsuh.

WANI’ne bangsa ngisrael sing dipimpin prabu Yosapat ora merga nekad, ning merga entuk daya kekuatan saka Gusti. Kuwi kabeh klakon merga sesambat utawa wadul marang Gusti bab masalah sing diadepi. Amarga entuk pangerten sing bener lan pener, mula bangsa ngisrael njur WANI ngadepi masalah sing memalangi uripe. WANI merga percaya kinanthi dening Gusti, oramung WANI-waninan, nggaya-nggaya’an, ananging WANI sing kadasaran bab sing bener lan pener.

Urip iki sejatine ya kaya bangsa ngisrael, tansah ngadepi “mungsuh” sing nggegirisi. Mula kari awak’e dewe, WANI apa wedi. Yen WANI ya aja wedi-wedi, yen wedi ya aja WANI-wani. Ananging ngilo saka critane prabu Yosapat, ayo orasah wedi ngadepi apa wae, merga yakin yen urip sing dipilih kuwi manut kersane Gusti. Iki ya mratandani bab pola iman’e awak’e dewe, yakin iki kersane Gusti apa ora. Yen yakin, ngapa ndadak wedi? Kudune ya WANI merga Gusti mesti bakal mandegani, ananging yen wedi, kuwi ora yakin karo pangreh-pangreksane Gusti.


“Udan kaya mengkene arep ngandi Jo, wis bengi kaya mengkene lho…”Alok’e Lik Ndoleng, nalika bengi kuwi pas udan deres weruh Dalijo macak klambi telesan.
“Arep nilik’i sawah Lik, udan kaya mengkene, yen ora di’ilekne sing pas, klakon rasida panen pari Lik…klepan kabeh”, Wangsulane Dalijo sareh.
“Tapi wengi lho kang…..peteng…ademmm…”Ndremimil nduk I’in nyumelangke kahanane dulure lanang.
“Aku yakin Gusti nganthi aku kok In, paklik..iki kudu ndak lakoni, mratelakne bab percayaku yen ditulungi Gusti”, Dalijo semaur karo nggeblas nrabas udan lan peteng.
“Nggere bar entuk kabar bab tarsi, Dalijo mesti semangat ya In?”, Alok’e Lik Ndoleng. Dalijo sing lamat-lamat krungu njur misuh neng ati, merga meh muni wedi karo sing ada maca BENINGE MEBUN ESUK..

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH