Selasa, 26 Maret 2019

MANGRO


Selasa Kliwon 26 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yehezkiel 17:1-10
Jabur 39
Mateus 18:21-35
“Banjur ana manuk garudha liyané, iya gedhé banget, swiwiné amba banget lan wuluné éndah. Anggur mau uga banjur mrambat marani garudha, kanthi pengarep-arep supaya olèh banyu luwih akèh ketimbang karo sing ana ing palemahan sing dienggoni.” Yehezkiel 17:7

Pokus kuwi penting, malah isa dadi penting banget nalika sing diadepi bab sing wigati banget. Yen nganti gagal pokus, isa badar sak kabehe. Isa kanggo conto tumrap wong kang lagi mbedil lan nembe nginceng, sepisan wae gagal pokuse, mesti badar pagaweane. Dene sing marakne gagal pokus kuwi akeh banget, ananging siji sing utama, yakuwi MANGRO.. Tembung MANGRO,  kuwi tegese mapanake samubarang dadi loro, mula angel nduweni pokus. Ana ing tataran bebrayan, iki isa diarani cikal-bakale slingkuh, dene ana ing tataran kapercayan utawa agama, iki isa diarani tumindak nyingkur saka kapercayane.iki mbebayani banget, mula ana ing babagan usaha, pokus marang siji kuwi wigati banget lan MANGRO isa ndadekne badar’e usaha kuwi.


MANGRO kuwi ora apik ana ing urip iki, mulane ana ing piwulang Kitab suci ya dadi pokok piwulang sing penting. Neng Kitab Yehezkiel 17 bab MANGRO iki nate dadi pokok piwulang, kuwi nalika umat kagungane Gusti, sing wis dirumati Gusti, noleh marang sing liyane. Anggone noleh utawa MANGRO marang sing liyane kuwi merga ngarepake isa nampa luwih seka sing wis diparingake Gusti. Mulane Gusti banjur duku, Gusti ora kersa “diduakan”. Gusti ora kersa yen umat kagungane malah pada MANGRO tingal. MANGRO tingal kuwi nelak’ake yen uripe ora nate marem, tansah ngorong. Lha sing mbebayani yen ngorong utawa ora mareme kuwi bab sing ora dadi kersane Gusti, mula nggolek sing liyane. Manut kawicaksanane Gusti, berkah saka Gusti kuwi wis pas, cukup malah kepara luber, mula ora usah MANGRO neng apa wae.trima lan syukurana, kuwi pondasine urip, MANGRO kuwi pawadan sing ora becik.

“Lik, mbok aku dicritani, sejarahe mbiyen kok isa omah-omah karo mbok cilik Trinil?”, Nduk I’in ujug-ujug sore kuwi nakoni bab wigati neng Lik Ndoleng. Lan rungasi aweh wangsulan, kedudul Dalijo ya mangsuli.

“Kuwi merga kepepet In, selak kasep, selak tuwa, tiwas nunggu Yu Wasti, jebul ora digagas, malah ditinggal..hehe. Ya kan Lik?”


“Weh, jebul ngono sejarahe ta kang Dal?Mulane tekan saiki sajak abot ngeculke Yu Wasti, jik boa-bali ngopa-ngopi lan tuku udud neng warunge Yu Wasti, ndak bener omonge kang Dal kuwi Lik?”, Nduk I’in nakoni nricis kaya grojokan kali pas mangsa rendeng. Lik Ndoleng nganti bingung meh mangsuli sing endi.

“Trondoloo..lha yen ngene iki aku gagal pokus cah….kon mangsuli sing endi sik???Iki sing jenenge meksa aku MANGRO, arep mangsuli I’in po kowe sij Jo…tinimbang mumet, aluwung tak tuku udud sik, nyang warunge Wasti, mumpung Markun piknik nyang mbali”, Mak klebat, Lik Ndoleng lunga, jare arep tuku udud nyang warunge Yu Wasti.

Mangsuli siji pitakonan kuwi angel, apa meneh rong pitakonan, isa marakne MANGRO. Mula saka kuwi urip iki ya kudu nduweni pokus, ben ora gampang noleh lan MANGRO tingal, ndrawasi..isa kaya Lik Ndoleng, mlayu nyang warunge Yu Wasti..hihi..


mbah'e


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH