Selasa, 23 Februari 2021

SETATUS

 

Selasa Kliwon 23 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Ayub 5 :8-27

Jabur 77

1 Petrus 3 :8-18a

Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah.” 1 Petrus 3:9

 

Saka njaman mbiyen nalikane Duren jik aluse kaya pipine bintang pilem, tumindak memales kuwi wis lumrah, malah nalikane perang ya malah kudu males, yen ora ya malah colonthus,mung soroh nyawa. Uga sakliyane perang, saben tetandingan ya mesti kudu memales, yen ora malah tetandhingane ora lumrah, lucu tur ya saru. Mula saka kuwi, sejatine memales tumindake liyan kuwi lumrah lan malah bener nalika pener ing wektu lan papane. Ananging “jagad’e” tumindak memales kuwi ya ada pranatane, ana aturane, ora mung sakarepe udele dewe. Sakumpamane main poli ya malese kudu ngener mungsuhe, yen ora ngener mungsuhe ya malah mengko diguyu pitik.

 

Sanadyan memales kuwi tumindak kang lumrah, ananging menawa tumindak kuwi ala utawa isa nemahi rerusake kahanan, Kitab Suci menehi piwulang supaya aja tumindak memales. Kuwi amarga menawa ana tumindak kang rinasa ala, njur diwales kang padha, mesti ora bakalan rampung anggone mung wolas-wewalesan lan ing pungkasane dadi crah lan pasulayan. Gusti Allah lumantar Rasul Petrus ngelingkae supaya ora males marang kabeh tumindak kang klebu ala, kuwi ancase supayane ben perkara ala utawa kang ora becik kuwi ndang mandeg utawa rampung.

Ing jaman saiki, wolas-walesan perkara kang rinasa ala kuwi jebule isa nganggo pirang-pirang cara, salah sijine nalika donyane media social wis ngepung kahanane jagad iki. Menawa ana kang rinasa ora mathug karo kekarepane, njur nggawe SETATUS neng media social. Mala hora sithik sing ndedonga nganggo media social, lha rumangsane Gusti Allah apa benndina kon njingglengi SETATUS kabeh menungsa.

 

Dadi, ing jaman modern kaya ngene iki,okeh wong lamis. Katon tumindak manut Kitab Suci, ora memales tumindak liyan kang ala secara langsung, ananging jebule males kanthi luwih nggegirisi ana ing SETATUS media sosiale. Mula saka kuwi, kudu dieling yen tumindak memales kuwi ora kudu langsung, liwat media sosialisa,lha wong jamane dijital je. Mulane, aja njur rumangsa soleh nalika katon ora memales langsung, amarga jebule Gusti Allah ya ngetung yen memales liwat SETATUS kuwi klebu sing ora dadi kersane Gusti.

 

“Jo, saiki wong urip ketok padha rukun lan guyup tenan…joss” Omongane wak’ane Solebo, nalika sore kuwi wis neng Cakruk Sor Talok, mbek Dalijo.

“Iya dhe, muga-muga wae kuwi tulus..iklas lan lair bathin…ora mung lamis, merga saiki kuwi kabeh menungsa dadi artis, ekting thok..ketoke mesem ananging ngindhit cundrik neng mboyok..” Semaure Dalijo, sajak mangu-mangu karo omongane Wak’ane Solebo.

“Nah, yen bab iki aku gathuk lan mathuk karo Dalijo, yakinn….apa sing diomongake Dalijo kuwi klakon ing jaman saiki. Jarene muno ora males nalika nampa kang ora manut kekarepane, ananging sanadyan ora males langsung, jebul liwat SETATUS media social..malah luwih kejem lan nggegirisi..” Lik Ndoleng njedul neng cakruk sinambi melu rembugan.

“Rasah ngotot Lik, ki ndang disruput kopine…rasah isin, jare kentek’an udud, kaya biasane wae, njupuk’a jisamsune pakde Solebo utawa MLDne kang Dal..” Unine IIn.

“Crigiss In…rasah miring-mirangake aku..wong ya wis wirang..” Semaure Lik Ndoleng.

“Lha meh ngutang warunge Yu Wasti kan saiki wis rawani…sakne tenan Lik lelakonmu..” Unine Iin meneh, disusul Lik Ndoleng sing sajak arep nesu tenanan.

“Dusss..jindullll…taksampluk satusan ewu kowengko mesti ya maneng..ndang nyang pawon kono..cah wedok sing sregep” Lik Ndoleng nguneni Iin lan sing diuneni meneng wae, mlayu nyang pawon, lan semenit sakbanjure Dalijo mesam-mesem dewe.

“Ngapa Jo, mesam-mesem dewe?” Takone Pakde Kento.

“Niki lho Dhe, Iin ketok’e meneng wae, mlayu neng pawon lan mboten males Paklik Ndoleng, jebule langsung ndamel SETATUS…” Wangsulane Dalijo.

“Lha apa unine SETATUS’e Iin?” Takone Wakane Solebo.

“Kersane kangge kuis mawon …” Semaure Dalijo.

 

 

Njur apa ya kira-kira SETATUSE Iin?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH