Selasa, 09 Februari 2021

PANEN

 

Selasa Legi 9 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



2 Para Raja 8 :1-6

Jabur 102 :12-28

Para RAsul 15 :36-41

Sang Nata tumuli ndangu marang wong wadon iku, dene wong wadon iku iya banjur mratelakake caritane kabeh marang panjenengane. Sang Prabu tumuli paring dhawuh marang sawijining punggawa kraton supaya mbarengi lakune wong wadon mau kalawan kaparingan piweling: “Sakehing barang darbeke lan sakehing pametune pategalane wiwit nalika wong wadon iku lunga saka ing nagara kene nganti saprene, iku balekna marang dheweke.”

2 Para Raja 8 :6

PANEN kuwi tembung kang nduweni kosokbalen, yakuwi Nandur. Yen nandur kuwi sawernaning pagawean mapanake winih neng lemah supaya sakwise tumeka ing wektune ngetokake hasil, mulane PANEN kuwi sawernaning pagawean kanggo njupuk hasil saka apa kang wus tinadur. Dadi ana mangsa kang kudu diliwati ing antarane Nandur lan PANEN, dene suwene mangsa kuwi ora padha ing antarane nandur winih siji lan sijine, ana sing suwe, uga ana sing sedelok, gumantung karo Winih kang tinandur lan uga gumantung karo kawicaksanane sing maringi urip winih kang tinadur. Mangsa ing antarane nandur lan PANEN kuwi isa dingo ngrumat apa kang wis tinandur, cikben isa metokake hasil kang apik, lan nalika PANEN isa marakake bungahing sing manen. Nandur lan PANEN kuwi ora mung winates babagan kang nyata, uga isa kanggo babagan kang ora isa sinawang mripat, kayata Nandur kabecikan lan uga ngundhuh utawa PANEN kabecikan.

 

Ana crita Kitab Suci kang isa dadi kaca pangilon tumrap Nandur lan PANEN, iki mbacutake crita bab Wong Wadon saka ndesa Sunem, kang wingi kae dadi pirantine Gusti Allah nulungi nabine kang kinaranan Elisa. Ing kitab 2 Para Raja 8 ayat 1-6, dicritakake kepiye kahanane Wong wadon saka Sunem, yakuwi sakdurunge ana pailan utawa pageblug kudu manut dhawuhe Gusti Allah lumantar nabi Elisa, yakuwi kudu ngungsi. Sakwise ngungsi, njur nalika wis rampung mangsa pailan, arep bali menyang tanah wutahing getihe. Bareng wis tekan ndesane, wong wadon saka Sunem mau lapuran marang rajane,bab pategalane lang pitung taun ora nampane pametu babarblas, awit ditinggal lunga. Mirsa kahanan kang kaya mengkono kuwi, sang raja njur ndangu nabi Elisa, lumantar rewange, Gehazi. Sakwise dicritani kabeh tumindak kang wis Tinandur dening wong wedok saka Sunem kuwi, sang prabu njur dhawuh supaya menehi hasil manut petungan saksuwene lunga saka negara kuwi.

 


Saka crita Kitab Suci kuwi, ana piwulang apik kang isa dipethik, yakuwi: Sepisan, nandur kuwi ora langsung kudu PANEN. Wong wadon saka ndesa Sunem, wis nandur kabecikan marang liyan, marang sapa wae, klebu abdining Allah,nabi Elisa. Sanadyan mbokmenawa wong wadon saka ndesa Sunem kuwi wus lali marang kabecikan kang wis ditandur, ananging Gusti Allah tetep eling lan ing titi mangsane menehi bebulih. Kaping pindhone, tansah tumindaka nandur winihing kabecikan, mbuh marang sapa wae, amarga kuwi kang bakalan cinatet dening Gusti Allah. Menawa tumindak becik utawa nandur becik marang liyan, aja langsung ngarep-arepp nampa PANEN saka wong kuwi, amarga dudu kuwi kersane Gusti. Dene kaping telune, jagad iki wis tinata apik lan teratur, sing nandur bakalane PANEN, mula aja leren anggone pada nenandur, ben mbesuke isa PANEN apa kang tinandur.

 

“Sapa sing bar Tilpun kuwi mau Jo?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo,nalika sore kuwi kaya adate, jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Baiyer Porang Lik, nakokne kira-kira suk mangsa panen isa nyawisi mangatus ton ora..” Semaure Dalijo.

“Biyuhhh..lha arep dingo ngapa ta Porang kuwi kok sajak sing butuh oramekakat?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Mula sok maca’a koran Leng, ben ngerti kabar saknjagad..ora mung WA nan karo Wasti wae… Porang kuwi panganan sing jos, paling sehat tumrap menungsa Leng..” Wak’ane Solebo njlentrehake bab nandur Porang lan pigunane.

“Duss..malah ngece meneh..”Unine Lik Ndoleng, lan sakdurunge mbacutake misuhe,Dalijo ngomong meneh.

“Bener ngendikane Siwo Solebo Lik, Porang kuwi jare We Ha O, minangka panganan paling esip..top markotop..mulane aku nandur ben PANEN..” Unine Dalijo.

“Bab nandur Porang lan PANEN Porang kuwi jumbuh karo piwulange Gusti Allah sing tinulis neng Kitab Suci, kaya critane BENINGE EMBUN ESUK dina iki, wong wawon saka Sunem wis nandur winih kabecikan, mula ya diparing PANEN kabecikan dening Gusti..”Pakde Kento kang kawit mau meneng wae njur nuturi bab andur lan PANEN.

“Pantesan kowe mulih ndeso Bo, raketan bojomu sing moblong-,oblong kae njekathut kaya Jentrung lara untu..jebul mung arep melu-melu Dalijo nandur Porang..hmm” Unine Lik Ndoleng.

“Iyo Leng, karo ngawasi kowe ben aja ingklik wae neng warunge Wasti..” Semaure Wakane Solebo.

“Jretttt…sidane kuwi meneh!!” Unine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH