Senin, 22 Februari 2021

NGGUNEM

 

Senen Wage 22 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Ayub 4 :1-21

Jabur 77

Efesus 2 : 1-10

“ Nalika ana wong nyoba gunemen karo kowe, apa ndadekake gleaning atimu? Nanging sapa bisa ngampet pitutur?” Ayub 4 :2

 

NGGUNEM kuwi linggane Gunem, sing tegese ngomong. Saka tembung Gunem kuwi sakliyane dadi tebung NGGUNEM uga ana tembung Guneman, sing tegese ngomong-ngomong. Dene tembung NGGUNEM dewe tegese ngomongake apa kang klakon ananging durung tentu karo sing diomongake. Yen guneman kuwi isa wong loro utawa luwih kang nembe rerembugan, NGGUNEM kuwi meh pada, ananging NGGUNEM kuwi isa ngrembug bab sing ora bebarengan karo sing nembe ngrembug.

 

Ana crita neng Kitab Suci kang ngembug bab Gunem, Guneman lan NGGUNEM, yakuwi neng critane Ayub. Ing sawijining crita, ana kancane Ayub (nalika kuwi Ayub nembe ketiban sesngsara) teka ing papane Ayub, njur Guneman. Dene salah sijine isi anggone Guneman yakuwi bab kahanan kang nembe dialami dening Ayub. Sakjrone Guneman kuwi, Elifas kancane Ayub, ngomongake bab-bab kang nate kelakon, kang dinuga kuwi sing njalari Ayub kudu nampa kahanan kang kaya mengkono kuwi. Manut penemune Elifas, kabeh kang dialami dening Ayub kuwi merga polah-tingkahe ing jaman kang wus kawuri, istilahe ngundhuh apa kang wus tinadur. Ayub ngeyel, yen dewek’e rumangsa ora nglakoni kang ala ing sakjroning uripe.

 


Renungan BENINGE EMBUN ESUK ing senen wage iki ora arep ngrembug bab bener lan salah apa kang sinandang dening Ayub, ananging arep ngrembug bab Guneman lan NGGUNEM. Ora sithik wong sing wegah digunem sanadyan seneng NGGUNEM, apa meneh yen kuwi bab sing rinasa ora trep karo sing dirasakne. Jarening kandha NGGUNEM kuwi ora olih, dosa lan dilarang Kitab Suci, apa ya bener kaya mengkene iki? Jan-janne ora, amarga ora isa menungsa kuwi urip tanpa NGGUNEM, tawa ngrembug samubarang tanpa nglibatake sing dirembug. Contone, wong sing ngrasuk agama kuwi mesti NGGUNEM bab crita utawa piwulang ing Kitab Suci, lha yen ora olih ngrembug tokoh sing tinulis neng Kitab Suci, njur arep ngrembug apa? Uga samangsa sing dirembug kuwi ora pirsa, apa ya sing dirembug njur arep ngamuk lan nesu? Kan ya mestine ora.

 

Ing urip iki bab NGGUNEM,Digunem, Guneman kuwi wis lumrah, sing ora lumrah mung carane nampa Gunemane sing padha NGGUNEM. Yen pikiran lan atine wening, lan wening kuwi mesti cedak karo resik, hambok arep digunem sapa wae, ora majalah..eslo lan sante bro…hehe. Beda menawa atine nembe ora wening, ana sing NGGUNEM kanthi tujuan sing apik wae, langsung “njogaet ambutha cakil”. Mulane sing wening anggone mikir, lan uga papanake kabeh ana ing papan kang sakmestine lumantar pikiran sing positif. samangsa pikirane posititf, kabeh isa tinampa positif, ananging nalika pikirane negatif, kaya kancane Ayub, kabeh ya rinasakne negatif, mulane kabeh mbalik marang sing nglakoni,klebu sing kober maca tulisan iki. Oiya, sakdurunge dipungkasi, tulisan iki ya olih digunem, mangga sami NGGUNEM tulisan iki…hehe.

 

“Jo, aku kok ora trima karo klesak-klesik’e wong-wong kae, kabeh kok NGGUNEM bab olihmu nandhur Porang. wong seprana-seprene ora ana sing nggagas Porang, lha kok awakmu malah saiki nandur….malah ana sing ngarani kowe ngengleng gek Jo…” Lik Ndoleng miwiti Guneman neng Cakruk Sor Talok.

“Yen sing digunem kowe mesti wis mbok amuk ya Leng?” Wakane Solebo nanggepi omongane Lik Ndoleng sik,sakdurunge Dalijo semaur.

“Yen aku ngerti ana sing NGGUNEM aku, mesti takrawu lambene Bo…”Wangsulane Lik Ndoleng sajak gagah.

“Haiyah, mung muni thok kowe kuwi Lik..wong ana kalamangsane kaya cewek, baperan Lik, digunem sithik wae njur nyetatus…plaiying piktims….rumangsa resik dewe…rasah kemaki Lik, ngakua wae..” Iin kaya wingi-wingi, nyuguhake kopi sinambi  melu NGGUNEM Lik Ndoleng.

“Dusss, iki aku nakoni Dalijo malah kabeh kojah racethoo. Piye wangsulanmu Joooooooooooo..????” Lik Ndoleng sajak nesu.

“Weh, yen aku santai kok Lik. Arep NGGUNEM aku ya sumangga, bab sing digunem utawa dadi Gunemane kuwi pas apaora ya ora apa-apa. Aku malah maturnuwun, merga ana sing nggatekake aku Lik. Bab olehe nggatekake aku kuwi tujuane positip apa negatip, kuwi dudu urusanku, sing penting aku maturnuwun yen ana sing NGGUNEM aku, kuwi tegese nggatekake aku..kanggo sampeyan Lik, menawa entuk kabar ana sing NGGUNEM sampeyan, rasah ngamuk, rasah nesu…tinampa wae kanthi pikiran positip..kuwi sing bakalan ngrampungake masalah Lik. Rasah nyetatus, rumangsa bener…ben alam iki sing mbiji..ngono wae Lik… Oiya, Yu Wasti kangen kowe lho..ciusss” Dalijo menehi wangsulan bab NGGUNEM, sinartan njarag Lik Ndoleng bab Yu Wasti.

“Trondoloooo…kuwi menehh..dussss!!!”

 

Mbah’e.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH