Minggu, 28 Februari 2021

NETAK’I

 

Minggu Kliwon 28 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 17 :1-16

Jabur 22 :22-31

Rum 4 :13-25

Markus 9:2-9

Iki prasetyaningSun kang kudu sira tetepi, prajanjian ing antarane Ingsun lan sira dalah turun-turunira, yaiku supaya sadhengaha panunggalanira kang lanang katetakana.Sira padha netakana ikutira, iku kang minangka pratandhaning prasetyan ing antarane Ingsun lan sira.” Purwaning Dumadi 17: 10-11

 

NETAK’I kuwi tembung linggane Tetak, sing tegese ngiris salah sawijining peranganing awak minangka tanda, sanadyan ing jaman saiki Tetak kuwi klebu pambudidaya supaya menungsa (lanang) luwih sehat. Saka tembung Tetak kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine NETAK’I, sing tegese tumindak kanggo nugel utawa ngiris salah sawijining peranganing awak (rasah tak cethakne mesti paham kabeh, yen kurang paham mengko takon wae marang Lik Ndoleng apa Kang Solebo..hehe), dene ancase uga pirang-pirang, ana kang minangka tanda ngrasuk kapercayan tartemtu, ana sing minangka pambudidaya supaya sehat lan uga minangka srana prajanjian. Sing keri dewe iki sinerat neng Kitab Suci.

 

Ana neng Kitab Purwaning Dumadi, ana crita bab dhawuhing Gusti supaya menungsa NETAK’I salah sijining peranganing awak, kuwi minangka tandha prasetyaning Gusti Allah marang menungsa, neng Purwaning Dumadi karo Abram. NETAK’I sithik saka peranganing awak kuwi ya lara, wong sakdurunge waras-wiris, njur diiris, mula ya mbiyen mesti larane ngeram, wong sing wis nganggo srana bius wae jik krasa yen larane ngeram, sanadyan mung sedela. Gusti Allah menehi pepeling, lumantar Tetak, supaya menungsa kuwi wani “nugel utawa ngiris” sithik saka peranganig urip (awak), kuwi minangka tandha kasetyan marang Gusti. Ora mung ing jamane Abram, ing jaman saiki Tetak kuwi mesti ngrasakne lara, kuwi kabeh minangka piwulang yen netepi prasetyawning Gusti Allah kuwi kudu wani “nugel lan ngiris” sawijining peranganing kamanungsan.

 

Ing jaman saiki, menungsa sing pengen nampa prasetyaning Gusti, ya kudu wani NETAK’I wataking kamanungsane. NETAK’I sing tegese nugel lan ngiris sawijining awak utawa raga, ing jaman saiki isa diwenehi arti nugel lan ngiris apa wae kang dadi dewek’e, kanggo ngayahi kersane Gusti. Ing jaman saiki sing isa “ditetak’I” kuwi okeh banget, isa kekarepan, isa nafsu ngrayuk badha, isa watak ala kayata nesunan, mutungan, sombong, kumungkung lan liya-liyane. Kuwi kabeh kudu wani nugel lan ngiris, cikben isa nglakoni kersane Gusti. Mulane, payo padha NETAK’Iapa wae watak kamanungsan kang ora dikersakne dening Gusti, sanadyan abot lan (mbokmenawa) lara, yen kuwi dadi kersane Gusti, ya ndang tugelen, ndang irisen..Ndang gek padha NETAK’I peranganing urip kamanungsan kang ora jumbuh karo kersane Gusti.

“ Leng, apa bener kow ora Tetak?”Takone Wak’ane Solebo.

“Dus,,,tekokmu kok aeng-aeng wae ta Bo..Ya jelas Tetak lennn…” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Jale, ndi buktine…” Wakane Solebo jik durung percaya.

“E..eee..iki cah tuwek-tuwek malah congkrah merga Tetak, saru Lik..kang…” IIn, njedul nggawa wedang lan sinambi melu rembugan.

“Dalijo kae, mbiyen wedi Tetak, mbuh kae…aja-aja gek ra tetak..” Lik Ndoleng malah ngrasani Dalijo.

“Saiki kuwi sing penting ora tetak awak, ananging tetak bab kasukman, karohanen. Menungsa kudu wani NETAK’I sabarang kang ora dadi kersane Gusti…” Pakde Kento nembe njedul njur langsung menehi sesorah.

“Setuju sampeyan aku dhe, “ Unine Dalijo.

“Weh, padha yen ngono aku…ananging jarening-jare, Wasti wegah karo kowe merga kowe ratetak Leng?” Wak’ane Solebo njik njarak Lik Ndoleng.

“Dusss..kuwi isuuu Booo…gusipppppp…” Rada njomblak Lik Ndoleng olehe menehi wangusulan marang Wakane Solebo.

 

 

Mbah’e

 

Catetan:

Wacan Purwaning Dumadi sejatine PD 17:1-6.15-16, ananging digabung ayat 1-17.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH