Minggu, 07 Februari 2021

ETHES

 

Minggu Wage 7 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK





Yesaya 40 :21-31

Jabur 147 :1-11,20c

1 Korinta 9 :16-23

Markus 1 : 29-39

Apa kowe ora sumurup, lan kowe apa ora krungu? Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang langgeng kang nitahake bumi wiwit poncot tekan poncot; Panjenengane ora sayah lan ora lesu, kawicaksanane ora kena jinajagan.” Yesaya 40 : 28

 

Yen krungu tembung ETHES ora sithik sing njur kelingan marang putune Lik Presiden, amarga jenenge Jan Ethes, gabungan rong tembung basa jawa sing isa sinawang “kebarat-baratan”. Jan kuwi tembung kang mratelakake gumun, dene ETHES kuwi tegese kuwat,rosa,rajin,ulet lan kayane oranduwe kesel. ETHES kuwi tembung kang nggambarake kahanane pawongan kang sregep nyambut gawe, ora kokea alesan lan wani tumangdang marang gawean apa wae. Kosokbaline ETHES kuwi sakngertiku Lelur, mula njur ana tembung “Joko Leleu”, sing tegese pawongan enom sing kesed nyambut gawe.

 


Neng Kitab Yesaya ana crita kang nggambarake kahanane Sang Yehuwah kang gede cilice isa kinaranan ETHES, sanadyan sejatine ya ora pas ngarani Gusti kok ETHES. Ananging jenenge basa kuwi srana sesrawungan supaya isa nyalurke pangerten, mula sah-sah wae ngaturi “predikat” ETHES marang Gusti Allah. Manut Yesaya 40 ayat 28, neng kana digambarake kaya ngapa paseksine nabi Yesaya bab Gusti Allah kang ora kagungan rasa sayah lan lesu. Kuwi sejatine kanggo menehi grengseng marang bangsa ngisrael sing wis rada seuda kapercayane marang Gusti. Nalika kuwi kahanane bangsa ngisrael nembe ana ing Babel,amarga didadekake tawanan perang. Isa gigambarake kaya ngapa rekasane bangsa utawa wong sing didadekake babu utawa budak amarga kalah perang. Ing sajroning kahanan kang kaya mengkono kuwi, bangsa ngisrael nduweni pengarep-arep ndang entuk pitulungan. Ananging pitulungan kuwi rinasa suwene ngeram la nana sakperangan wong sing susut percayane, malah ngarani yen Gusti Allah wis ora makarya maneh amarga kesel lan kokean gawean.

 

Meruhi kahanan kang kaya mangkono kuwi, lumantar nabi Yesaya, Gusti Allah ngendikani bangsa ngisrael yen Panjenengane kuwi ora nduweni rasa sayah utawa lesu, Panjenengane kuwi isa kinaranan ETHES, makarya tanpa kenal rasa sayah. Dene ancase nabi Yesaya ngendikani kaya mangkono kuwi suaya bangsa ngisrael ya tetep njaga semangate makarya, sinartan nggondeli pengarep-arep ndang entuk pitulungane Gusti, metu utawa ucul saka panindhesing bangsa Babel. Sakliyane kuwi, ancase nabi Yesaya ngendikani kang kaya mangkono kuwi uga supaya bangsa ngisrael ora kokean sambat, sithik-sithik kesel, sithik-sithik sambat, sithik-sithik protes lan sakpiturute. Janjane bab menungsa sing kokean sambat lan alesan dalah protes kuwi ora mung neng jamane nabi Yesaya, ing jaman saiki uga luwih “berkembang” maneh, kokean sambat lan males nyambut gawe ananging sregep njaluk berkah, ora ana sing ETHES babarblas.

 

“Jo, mumpung Ndoleng rung ngetok, aku pengen rerasanan..” Unine Wakane Solebo, sing sore kuwi wis gasik tekane neng Cakruk Sor Talok.

“Bab apa Wo?” Takone Dalijo.

“Bab Markun, jian cah kae sregepe pol, kayane ora nduweni kesel yen nyambut gawe. Ora neng masyarakat, seklahan lan uga neng nggreja..jian ETHES tenan cah kae..” Semaure Wakane Solebo.

“Kae mono wong sing wis sumeleh kok Om, mulane ya nandhangi samubarang gawean kanthi bungah, lan kuwi kang njalari Markun ETHESE temenan” Pakde Kento melu nanggepi, amarga tekane neng cakruk bareng karo wak’ane Solebo.

“Adoh iyen-iyen yen dibandingake karo Paklik Ndoleng ya Dhe?” Iin, njedul karo nggawa kopi lan paciitan, lan kaya padatan, melu nimbrung rembugan.

“Mulane pas, yen Yu Wasti milih kang Markun, ora lanjut mbek Paklik..wong paklik kuwi mung kokean rembug. Rame ing pamrih, sepi ing gawe” Dalijo nanggepi rembugan.

“Jindullll…Trondoloo pethak!! Jebul nek renek aku padha ngrasani aku kabeh ta lurr? Jiannn….apa ora enek gawean liya sakliyane ngrasani aku coahh!!” Lik Ndoleng njedul saka lawing tengah, nganggo sarung diwiru, ananging merga ora pas mirune, njur mlotrok…Ndilalah ngepasi Bu Dulinem liwat, njur kober nglirik lan njerit merga girap-girap nyawang Lik Ndoleng sing sarunge mlorot..

“Bangbayikkkkk Lenggggg…..nggilani” Swarane Bu Dulinem, sinambi mlayu sipat kuping.

 

mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH