Minggu, 14 Februari 2021

NDELENG

 

Minggu Legi 14 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



2 Para Raja 2 :1-12

Jabur 50 :1-6

2 Korinta 4 :3-6

Markus 9 :2-9

Nalika Elisa ndeleng kang mangkono iku, nuli nguwuh: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretaning Israel dalah para tiyangipun ingkang sami numpak kapal!” Sawuse mangkono banjur wus ora ketingal maneh marang Elisa. Elisa tumuli nyandhak panganggone lan disuwek dadi loro,” 2 Para Raja 2 :12

 

Amarga winatesing tembung, mula wis sakmestine yen ing samengkone BENINGE EMBUN ESUK kudu ndobel bab tembung kanggo jejere. Kuwi iya merga saka wiwitan, jejer kanggo tulisan cakrik ndesit iki mung sak tembung. Jejer dina iki pada karo ndek tanggal 2 nopember 2019 , mulane ora usah dijlentrehake baba pa kuwi tegese NDELENG. Muga-muga wae ana sing jik eling karo tulisan meh rong tahun kepungkur kuwi, lan ya jik isa mangerteni apa kuwi NDELENG, yen kudu dijlentrehake kuwatire meneh, ana sing tersinggung, rumangsa dianggep bocah cilik, amarga dibolan-baleni anggone njlentrehake.

 

Ing dina iki crita bab NDELENG adedasar crita Kitab Suci nalika nyritakake kepiye polahe nabi Elisa. Polahe nalika kepengin marisi kesektene nabi Elia kang minangka gurune. Nalika kepengin marisi kasektene gurune, yakuwi nabi Elia, nabi Elisa kudu ngliwati dalan kang rumpilbanget, malah kepara bola-bali tinampik dening gurune.Aanging nabi Elisa ngeyel, apa wae pepalang kang tinemu dilopati,diterak,kabeh amarga nduweni tujuan sing gumathok, yakuwi nampa warisan kaseketene gurune. Mula sarehne Elisa ngeyele ngeram, nabi Elis njur menehi syarat, yakuwi samangsa Elisa isa NDELENG anggone nabi Elia jinupuk munggah Swarga, ing wektu kuwi separo kasektene nabi Elia bakalan winarisake marang Elisa.

 

Ngerti syarat kang kaya mengkono kuwi, Elisa njur mbudidaya supayane isa NDLENG wektu gurune sumengka jinupukmenyang Swarga. Mulane sakwutuhing uripe Elisa mung ngener marang polah lan tumindake gurune, nabi Elia. Isa dibayangake kaya ngapa rekasane urip ngawasake liyan, ananging amarga kuwi syarat kanggo nampa kasekten, ula kabeh dilakoni dening Elisa. Lan bener, ing sawijining kalodangan, ana kreta kaswargan kan tumiyup, mudun lan nyamber nabi Elia, mung saktleraman, ananging amarga wis ngenerake urip marang kahanan kang kaya mengkono, Elisa ya isa NDELENG lelakon kang kaya mengkono mau. Kuwi kabeh kang njalari Elisa isa nampa warisan separo kaseketene nabi Elia, yakuwi nalika isa NDELENG sumengkane nabi Elia menyang Swarga.

 

Iki minggu transpigurasi, minggunalika greja diajak ngeling-eling lelakon nalika Petrus, Yokanan lan Yakobus diajak munggah Gunung,lan ing kana isa NDELENG Gusti ing kamulyane. Munggah gunung kuwi ora mayar, biasane rekasa, mula saka kuwi, sapa wae sing kepengin nyawang kamulyane Gusti lan ngrasakake kabagjen, kudu siyap “munggah” gununging panguripan lan uga siyap nglakoni lelakon apa wae, kaya dene nabi ELISA.

 

“Mang esuk sing kotbah sapa Leng?” Takone Wakane Solebo.

“Hmmm…aku rapati kenal gek Bo, mbuh, sapa kae ya..” Wangsulane Lik Ndoleng, nalika minggu sore kuwi jagongan kaya padatan neng Cakruk Sor Talok.

“Weh, lha kowe jan-jane mangkat neng nggreja po ora?” Takone Wakane Solebo meneh.

“Aku ki ya mangkat, ananging ora apal sing kotbah sapa..jale ngko tak tekok Dalijo..” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Hmm, yawis, yen ngono, esuk mau kotbahe baba pa Leng?” Takone Wakane Solebo meneh.

“Sing kotbah wae lali, apa meneh sing dikotbahke Dhe..mesti bukkkk-klepukkkk..” Iin melu nimbrung rembungan, sinambi nyuguhake kopi lan puli goreng.

“Lha womg turu tangi jam sanga, mbok takoni sing kotbah sapa Dhe, tekane Jangkrik isa dandan, ramungkin Paklik ngerti..” Dalijo saka wetan, sajak seka warung menehi wangsulan.

“Oalah Leng, mbuk blak kotang terus terang wae, yen ramangkat…ndadak kokean alesann..”Swarane Wakane Solebo, sajak ngece Lik Ndoleng.

“Kuwi, yen ora mangkat neng nggreja, wacanen BENINGE EMBUN ESUK dina iki,isining kotbah dina minggu legi pas PALENTIN iki yakuwi..ndang gekdiwaca Leng, ngko tak omongke Wasti, ben entuk adiah Palentin” Pakde Kento ngendika ngono, ndadene Lik Ndoleng kisinan lan misuh, sanadyan dibatin.

“Kecuk mbendoooo..konangan meneh..dussss!!”Batine Lik Ndoleng.

 

mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH