Kamis, 04 Februari 2021

LEMAH

 

Kemis Legi 4 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Wulang Bebasan 12 :10-21

Jabur 147 :1-11,20

Galatia 5 : 2-15

Wong kang nggarap lemahe bakal wareg rejeki, nanging kang mburu barang muspra iku tanpa budi.” Wulang Bebasan 12:11

 

Tembung LEMAH kuwi klebu “pokabulari” rong basa, basa jawa lan basa ngindonesa. Neng basa ngindonesa, tegese tembung LEMAH kuwi ringkih,ora kuwat utawa ora kuwat, mulane ora okeh sing seneng ana ing kahanan LEMAH manut pangerten basa ngindonesa. Dene neng basa Jawa, LEMAH kuwi tegese bumi utawa barang kang ana wujude, isa kanggo nenandur apa wae kang isa tinandur. Yen ora ana LEMAH mbokmenawa ora ana titahe Gusti Allah sing isa urip, amarga anane banyu wae ya kudu dijangkepi karo LEMAH. Tulisan BENINGE EMBUN ESUK ing kemis legi iki arep ngrembug bab LEMAH ing pangerten basa jawa.

 

Kabeh mbokmenawa wis wanuh karo LEMAH, amarga pas maca tulisan iki nembe midak LEMAH. Mung nalika ana LEMAH, menungsa isa nenandur sabarang tanduran, supaya isa ndawakake umure, amarga iya saka tetanduran ing LEMAH kuwi menungsa isa mangan lan ngombe cikben isa tetep sehat lan kuwat. Sanadyan menungsa ora isa ngendani uripe kudu gumantung marang LEMAH, ananging ora sithik sing wegah ngolah LEMAH. Ana sing nduwe alesan rumangsa asor nalika reget LEMAH, ana sing rumangsa asor nalika diarani “wong tani”, mulane njur lunga menyang kutha sanadyan ya tetep nguli utawa dadi kuline liyan.

 


Bab LEMAH kuwi, nate dadi piwulang adi neng Kitab Suci, mirunggan neng kitab Wulang Bebasan. Neng kana dicritakake bab kahanane wong kang bakal nampa rejeki nganti warge  nalika gelem nggarap LEMAHE. Lha yen Kitab Suci wae wis cetha wela-wela nyulek mata bab wareg’e menungsa mung nalika nggarap LEMAH, kok ya jik okeh wong sing suthik kayak-kiyak wegah nggarap LEMAH, pora iki isa kinaranan nyelaki kodrat? Mula saka kuwi, tumrap sing jik gelem gluprut nggarap LEMAH, aja isin lan wedi, amarga sejatine kuwi nembe nindakake dhawuhe Gusti Allah.  Mulane, saiki sing jik nduweni LEMAH “nganggur”, payo pada dirumat, yen ora isa ngayahi dewe, ya piye carane cikben LEMAH kuwi metokake hasil lan hasile kuwi minangka rejeki kang marakne wareg. Ora usah isin menawa nggarap LEMAH, ora usah rumangsa asor nalika njedidil kudanan nalika  nggarap LEMAH, merga kuwi tegese ngayahi kersane Gusti Allah.

 

“Bo, ngandi iki kok Senthot mung ngetok saktleraman, apa wis bali nyang kutha meneh?” Takone Lik Ndoleng  marang Wak’ane Solebo, nalika esuk kuwi ngesah arit arep mangkat ngarit.

“Iyokk, mung sedelok mulih ndesa, wis balik neng kutha..”Semaure Wak’ane Solebo sinambi nyumet jisamsune.

“Weh, kuwi jos Bo, ora kaya sliramu. Kepenak neng kutha malah mulih ndesa” Kandane Lik Ndoleng.

“Aku arep melu-melu Dalijo Leng, nggarap lan ngolah LEMAH. Wong kuwi jarene mbah’e tandane wong sing netepi kersane Gusti Allah” Wangsulane Wak’ane Solebo.

“Apa bojone ora njegadhul kaya Jentrung Putus Cinta, nalika mbok jak mulih saka kutha?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Ora Leng, bojoku wis seia-sehek’eh mbek aku, wong dewekne jian wis “ailapyupul” yen mbek aku. Bocah-bocah ben neng kutha…malah saiki kaya manten anyar gek Leng..” Unine Wak’ane Solebo, sinambi nglirik Lik Ndoleng.

“Weh, jan Jos kuwi Wo, wani milih mulih ndesa, ngolah LEMAH minangka tanda bekti marang Gusti Allah” Unine Dalijo sinambi nyilingi POC, arep dingo nyemprot Porang tandurane.

“Hmmmm…tembungmu kuwi kang Dal…kingko pra marakne ana sing mesam-mesem kae..” Iin saka pawon melu nyawara..

“Sing endi ta In, tembung apa?Aku kok durung dong..” Wak’ane Solebo sajak malah bingung karo ukarane Iin.

“Haiyah, kurang gaul kowe kuwi Bo, kuwi lho tembung..hmm…tembung.” Lik Ndoeleng durung rampung olehe ngomong, ketungka tekane Pakde Kento, sing nyelehake Tomblok, arep melu ngesah arit, lan uga melu rembugan.

“Ge kayo mangkat makaryo Lurr..bar maca tulisane mbahe, jebule nggarap LEMAH kuwi pratandane wong sing nindakake kersane Gusti Allah. Jian, dadi semangat temenan aku..Iki arep ngrabuk Tegal Salatan, meh melu-melu Dalijo, nandur Porang” Omoange Pakde Kento.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH