Rabu, 10 Februari 2021

NGGOLEKI

 

Rebo Pahing 10 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Ayub 6 :1-13

Jabur 102 :12-28

Markus 3 :7-12

Gusti Yesus dalah para sakabate banjur sumingkir menyang ing sagara, akeh wong saka Galilea kang padha ndherekake. Uga saka ing Yudea saka ing Yerusalem, saka ing tanah Idumea, saka ing sabrange bengawan Yarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lan Sidon iya akeh kang padha sowan, awit wis padha krungu bab apa kang katindakake dening Panjenengane kabeh.

Markus 3 : 7-8

 

Tembung lingga Golek kuwi tegese sakabehing pambudidaya kang nduweni ancas entuk apa kang dadi butuhe. Saka lingga Golek kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung, isa Digoleki, dadi Golekan lan uga  NGGOLEKI. Ing esuk iki sing arep diupakara yakuwi bab tembung NGGOLEKI, sing tegese sabarang pambudidaya supaya entuk apa lang dadi ancas utawa tujuane. NGGOLEKI kuwi klebu tumindak aktif, beda karo Digoleki. NGGOLEKI kuwi nduweni arti yen nembe  mbutuhake kang dadi gegolekan kuwi. Manut watak-wantune menungsa, yen samubarang kuwi dibutuhake, mesti wani cucul kanggo NGGOLEKI, ananging yen rumangsa ora butuh, tangeh lamun anggone gelem NGGOLEKI,malah yen isa ngendani cikben ora ketemu . 

Bab goleklan gegolekan kuwi nate diwulangake Kitab Suci, cetahne neng Injil Markus bab 3 ayat 7-12. Neng kana dicritakake bab wong akeh sing padha NGGOLEKI Gusti Yesus, njur sowan dalah nyuwun berkah kang dadi kabutuhaning uripe. Ana bab sing apik minangka piwulang becik kanggo menungsa ing jaman saiki, yakuwi bab NGGOLEKI lan meneng wae supaya digatekake lan njur Digoleki. Wong akeh ing critane Injil Markus sakwuse krungu bab Gusti Yesus, njur mbudidaya NGGOLEKI, hora menengwae njur nunggu dirawuhi Gusti. Sanadyan aduuohe poll, ananging amarga rumangsa butuh karo Gusti, mula ya kudu NGGOLEKI lan sakwise ktemu njur padha sowan. Manut critane Markus, papanne sing pada sowan Gusti kuwi okeh sing adoh,lan butuh kekuawatan ekstra kanggo mlaku, ananging amarga butuh karo Gusti Yesus, mulane ya tetep NGGOLEKI.

 


Ing jaman saiki kayane rada gampang nggoleki wong sing nduweni spirit NGGOLEKI, amarga okeh sing senenge digoleki,digatekne,disowani utawa dituweni. Jamane saiki wis klebu kokean wong sing manjane ngeram, kabeh njaluk kepenak, ora ngabekti marang Gusti ya njaluk berkah sakokeh-okehe, ananging wegah andum liyan, njaluk apa wae butuhe keturutan ananging babar blas ragelem nggatekne butuhe liyan. Saiki batese wong edan karo waras kuwi tipise ngeram, mula kabeh ya kudu ndadha diri pribadine, wis klebu sing seneng NGGOLEKI apa digoleki, seneng NGGATEKAKE apa digatekake, yen wis rumangsa lan isa ngrumangsani njur ndang ditindakake. Kaya critane Kitab Suci, NGGOLEKI  Kuwi mbutuhake pra-bea, butuh ragat, butuh pengorbanan lan kabeh kuwi ora mayar. Aja mung nggolek kepenake dewe, ananging njajal ngrasakne apa kang dadi butuhe liyan.

 

“Jo, aku mung nerusake rembug saka wong-wong sing sok maca BENINGE EMBUN ESUK, jare tulisane kedawan, tur neng hape dadine cilik-cilik. Yen isa rada cekak lan hurupe kon nggedekake” Unine Lik Ndoleng, nalika bengi kuwi kaya padatan, jejagongan neng Cakruk Sor Talok, ndilalah wis jangkep, kabeh nglumpuk.

“Siap LIk, ananging saka rumangsaku yaw is cekak banget ik..”Sajak bingung Dlijo menehi wangsulan.

“Saiki yen manut kowe piye Leng, kedawan pora?” Takone Wakane Solebo.

“Weh, yen aku ya..anu BO..kanggoku ya..hmmmm..an…”Plekak-plekuk Lik Ndoleng olehe menehi wangsuan, ketungka tekan IIn, nggawa kopi lan pacitane Karag Aking.

“Haiyah, wong ratahu maca wae ndadak arep komentar Lik..blaka suta wae..ratahu maca, ngerti isine ya nalika aku rerasanan mbek Kang Dal..” Unine Iin..

“Ealahh..jebule ratahu maca awakmu Leng..jiannn..” Wakane Solebo muni sajak ngece Lik Ndoleng.

“Kuwi amarga Ndoleng rarumangsa butuh, mula ya ora maca, alesan isa okeh banget, paribasan entek-amek lan kurang golek..Ananging sing rumangsa butuh ya NGGOLEKI..”Pakde Kento ya urun rembug.

“Yen Lik Ndoleng angel kon NGGOLEKI bab kaya tulisan BENINGE EMBUN ESUK,  kari macaw ae kokean panyacat gek Dhe..”Semaure Dalijo.

“Haiyah, sakliyane aku ya okeh Lennnnn…ana uga sing macane wis sore, dadine wis ra apdet..aku yakin okih uga sing macane malah liya dina..kuwi mbokmenawa ya amarga ora butuh ya To? Yen butuh mesti NGGOLEKI..” Unine Lik Ndoleng.

“Setuju kuwi Leng..kaya awakmu merga butuh Wasti, ya slinthutan NGGOLEKI Wasti…”Muni ngono wakane Solebo sinambi nyumet jisamsune, dene Lik Ndoleng ya kaya biasane, misuh neng batin, wedi diseneni Mbah Degol..

“Jindullll…..trondolo pethak……jiann!”Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH