Jumat, 12 Februari 2021

LUBER

 

Jemuah Wage 12 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




1 Para Raja 14 : 1-18

Jabur 50 :1-6

1 Timotius 1 :12-20

“Malah sih-rahmate Gusti kita iku wus kaparingake marang aku nganti luber kalawan pracaya lan katresnan ing sajroning Sang Kristus Yesus.” 1 Timotius 1 :14

 

Tembung LUBER kuwi nduweni teges utawa arti, ngluwihi takeran kang ana. Yen takerane sewelas sejatine wis isa kinaranan LUBER, pokok’e tembung LUBER kuwi nduweni teges sing luwih saka ukuran sakmestine. Kaya tembung-tembung liyane kang sejatine netral,ora apik lan uga ora elek, semono uga tembung LUBER. Arep apik lan ora kuwi gumantung sing menehi arti, mula ya luwih becik diartekne sing apik wae.

 

Neng Kitab Suci ana crita lan isa kinaranan piwulang bab LUBER, yakuwi paseksine Timotius kang ditimbali Gusti Yesus minangka akbine. Sakdurunge tinimbalan, Timotius kuwi ngaku ya tumindake jian ora ana apike’e babarlas. Kuwi paseksine Timotius dewe lho ya, dudu penafsiranku,sing nulis tulisan iki. Dene bab apa lan kaya ngapa tumindake, aku dewe ya ora dong. Sing cetha, paseksine neng Kitab Suci kaya mengkono kuwi, njemberi lan nggilani. Ananging sakwise nampa timbalan saka Gust Yesus, mbuh kepiye carane, Timotius njur dadi abdi sing peng-pengan olehe makarya kagem pakaryane Gusti. “..aku kang maune dadi wong kang ngala-ala, nganiaya lan ngrodaparipeksa, nanging aku wus karentahan sih-palimirmane..” Kuwi lho paseksine Timotius, cetha banget yen sakdurunge tinimbala dening Gusti ngengkele ngeram, ananging sakwise tinimbalan lan njur sadhar (awit okeh sing tinimbalan ananging ora gelem sadhar), Timotius nglakoni apa wae dhawuhe Gusti.



Bab tinimbalan dening Gusti kuwi, manut paseksine Timotius isa sinebut kanugrahan, malah saking rumangsa alane uripe, njur diagem Gusti, mula pamaturnuwune ngeram-eram. Manut paseksine Timotius, apa kang diparingake Gusti kuwi ngluwihi pikirane, mula njur diarani LUBER, lwih saka ukuran kang ana. Bab LUBER kuwi ora isa diukur, amarga kuwi bab rasa-pangrasa, isa wae etungane sithik manut petungan jagad, ananging yen rinas luwih okeh tinimbang sing dipikirake, kuwi isa diarani LUBER. Mula saka kuwi, bab LUBER lan orane, gumantung sing ngrasakake. Timotius ditimbali lan dinawuhan makarya ana ing pakaryane Gusti kuwi berkah kang tanwinates, mula sinebut LUBER. Yen ing jaman saiki, tinimbalan makarya ana ing pakaryane Gusti kuwi durung temtu berkah, isa wae malah dadi laknat. Kanggo ngukur bab iki, jajale wae, ana ora sing ditimbali dadi majelise nggreja, njur bubar ditetepake njur nganakake bidston? Sajake mokal, beda yen purna saka tugas kemajelisan, isa malah bubar dilerehake, njur ngidung..”uwal sing laknat iba begjaku..”

 

“Jo, iki enek acara apa kok nukokake bakso?” Takone Lik Ndoleng, ngepasi sorekuwi cangkrukan neng Cakruk Sor Talok.

“Iya, ya, iki Dalijo binerkahan apa ya Leng?” Wakane Solebo ya sajak bingung.

“Apa bar ketemu Tarsi ya Lik, dhe?” Takone Iin, sajak ya melu bingung.

“Lha ngandi bocahe iki mang, kok ya rung njedul? Njur sapa sing nukokne bakso iki mau?” Pakde Kento ya kompak, sajak mbingungi, jian pol tenan pas dina imelek, cah papat kompak,biasane ngoso Lik Ndoleng kabeh.

“Lha kae, Buronane njedul, jale taktakonane..” Unine Lik Ndoleng.

“Jo, apa bar ketemu Tarsi, kok sajak bungah temen, njur nraktir bakso?” swarane Lik Ndoleng.

“Ale onyak-anyuk Lik, emange kowe, saben ketemu lan njawil yu Wasti, njur menehi aku jisamsu sakler..” Wangsulane Dalijo, jik isa nyemes Lik Ndoleng.

“Jindulll..jrett! Malah mbalik..”grundelane Lik Ndoleng.

“Lha ana apa ta Jo?” takone Pakde Kento.

“Niki lak critane kula dikanggene, minangka panitia acara nggreja niku lho dhe, mila kula maturnuwun sanget dumateng Gusti, lan kula cethaake lumantar nraktir bakso niki. Kula rumaos pinaringan berkah ingkang LUBER.” Semaure Dalijo.

“Weladalahh..jian joss kuwi Jo. Biasane wong dipilih dadi panitia gawean nggreja kuwi nggresula, kowe malah atur panuwun..jian Josss Jo!!” Tanggepane Pakde Kento.

“Kuwi Bo, rungokne..”Pangecene Lik Ndoleng neng wakane Solebo.

“Kowe kuwi Leng..aku wis biasa, sing ngajari Dalijo aku lho ya..” Semaure Wakane Solebo.

 

 


mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH