Minggu Pon 21 Februari 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Purwaning
Dumadi 9 :8-17
Jabur
25 :1-10
1
Petrus 3 :18-22
Markus
1 :9-15
“..ing kono Ingsun mesthi bakal enget
marang prasetyaningSun kang ana ing antarane Ingsun kalawan sira tuwin
sadhengah makhluk kang urip kang kadunungan nyawa, temah banyu ora bakal dadi
banjir gedhe maneh, kang nyirnakake kabeh kang urip.” Purwaning Dumadi 9 : 15
Banjir,
mbokmenawa kabeh sing maca tulisan iki wis paham banget baba pa tegese, amarga
ing wektu-wektu iki si BNJIR kuwi nembe ngamuk, mula dadi tembung sing jian popular
temenan. Dene kenangapa kok bisa ana BANJIR kuwi sing kudu digagapi, supaya isa
mangerti ana apa ing sewalike BANJIR
kuwi. Apa amarga salah lan luputing menungsa, utawa kuwi mligi amarga kersane
Sing Akarya Jagad. Kena apa BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki ngrembug asal-muasale
BANJIR, amarga bebendune Gusti Allah utawa kuwi amarga salah lan lupute
menungsa, kuwi amarga ana critane Kitab Suci kang ngrembug bab BANJIR.
Sakwise
BANJIR bandhang ora karuwan ing jamane Nuh, Gusti Allah njur getun amarga
nesune ngrusak jagad. Amarga kahanan kang kaya mengkono kuwi njur nganakake
prajanjian karo Nuh, yen sakwise ngukum jagad kanthi BANJIR kuwi kang
pungkasan, sukmben ora arep ngukum jagad ngango BANJIR meneh, dene kang dadi
tandane Kluwung. Jarene yen metu
kluwung, kuwi tegese menungsa kudu eling karo janjine Gusti, yen ora arep
ngukum meneh klawan BANJIR. Lha yen kaya mengkono, kok ing jaman saiki BANJIR malah
ora tahu leren,iki Gusti apa lali marang janjine ya?
Anane
BANJIR ing wektu saiki kuwi pancen dudu paukuman saka Gusti,kuwi amarga polahe
menungsa sing jian njemberi tenan. Dikon ngrumat jagad malah dirusak sakakrepe
dewe, dikon nandhur malah nebangi wit-witan sakpol-pole. Dani menawa saiki ana
BANJIR kuwi amarga salahe menungsa. Lho lha apa Gusti lali marang janjine? Ora,
ananging unine janji kuwi ya kudu dimangerteni yen menungsa nduweni jejibahan
minangka tanggung jawab, ora mung entuk janji njur sakepenake udele dewe
tumindak. Anane BANJIR ing saiki kuwi sejatine ya minangka pepeling marang
janjine Gusti Allah ing jamane Nuh, yen isane janji kuwi kalkon menungsa ya kudu
melu tandang gawe, ora mung meneng wae kaya porong gringgingen. Menungsa kudu
wani tumndang njaga alam iki, wani nenandur, wani ngumat lan ngrawat jagad..
“Leng,
jian ponakanmu Dalijo kae sregepe poll. Ora mung nduweni ancas ngrumat berkah
lumantar nandur Porang, ananging ya isa njaga kelestariane alam iki” Omonge
Wanake Solebo, nalika sore kuwi pas udan ricih-ricih jik kober dolan neng
Cakruk Sor Talok, sanadyan dipleroki sing saiki lemune ngeram.
“Kuwi
sing ngajari aku Bo, mula ya joss saiki si Dalijo ..” Semaure Lik Ndoleng.
“Percaya
aku Leng, ning awakmu mung isane muni thok, blas yen kon nglakoni” Wangsulane
Wakne Solebo.
“Bener
dhe, wasis yen nuturi, ananging jak tandang gawe, ujus-ujus kae..”Dalijo nembe
teka, njur melu ngoso Lik Ndoleng.
“Yen
mung winates neng omongan ora ana gunane Leng, kaya ngerti BANJIR iki, yen mung
paham kudu njaga alase, ananging ora gelem nenandur, ya ora ana gunane..awakmu
wis pas, nandur tresna, ananging papane aja kleru..” Swarane PAkde Kento.
“Lahane
neng Yu Trinil Lik, aja nandur tresna neng Yu Wasti…”Unine IIn, lan Lik Ndoleng
njur misuh ing batine.
“Dusss….kenek
menehh..”
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar