Sabtu, 13 Februari 2021

PENTHALITAN

 

Setu Kliwon 13 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 16 :1-7

Jabur 50 :1-6

Lukas 19 :41-44

“Ing sarehne sira wus Sunjunjung saka ing lebu sarta Sundadekake ratuning umatingSun Israel, mangka lakunira kaya dene Yerobeam tuwin akon umatingSun Israel supaya nglakoni dosa, satemah njalari gerahing penggalihingSun marga saka dosa iku, mulane lah Ingsun bakal numpes Baesa sakulawargane, karodene kulawarganira bakal Sundadekake kaya kulawargane Yerobeam bin Nebat.”

1 Para Raja 16 :2-3

 

Tembung PENTHALITAN kuwi nduweni arti, sabarang kahanan utawa tumindak kang ora manut ing pranatan utawa aturan. Amarga ora manut ing pranatan utawa aturan, mula ora nggumunake menawa tumindak kuwi isa ndadekake rusaking kahanan. Sakumpama tampil neng panggung ngono, wis ngerti yen panggunge mung ukuran molas meter persegi, ananging polah PENTHALITAN, njur njlungup saka ing panggunge kuwi. Mulane, isa dijupuk dudutan, yen tegese tembung PENTHALITAN kuwi negative. Siji meneh sing kudu dieling, amarga pokale PENTHALITAN kuwi, isa kaukum dening polahe dewe lan durung temtu liyan sing menehi ukuman.

 

Ana piwulange Kitab Suci kang ngrembug bab tumindak PENTHALITAN dalah akibate. Neng Kitab 1 Para Raja bab 16, neng kana dicritane bab ratuning ngisrael sakwise negara ngisrael kapilah dadi rong bagean. Ana sawijining ratu sing tumindak ora bener lan pener, sing klebu PENTHALITAN menawa diukur karo kersane  Gusti Allah. Nalika kuwi wis bola-bali dielikake dening Gusti lumantar pirang-pirang srana lan cara, ananging amarga mbandele negram, mula ya jik panggah PENTHALITAN. Amarga ora ngreken pepenget saka Gusti Allah, mula nalika entuk bebendu, kuwi yawis lumrah.  Manut critane Kitab Suci,amarga polahe kang PENTHALITAN kuwi, kabeh trah-turune dientekake dening Gusti Allah. Bab Gusti nesu utawa duka iki, ora usah pada gumun, amarga Gusti Allah kuw maha sakabehe, arep nesu yak ono, arep ngamuk ya sumangga, lha wong jagad iki duwek’e, mula yen ana menungsa sing PENTHALITAN, njur kesiku ukumane Gusti,ya rasakna dewe..

 


Ora mung ing jamane ratuning ngisrael jaman mbiyen sugeng, bab tumindak PENTHALITAN kuwi klakon. Ing jaman saiki malah bokmenawa sing tumindak kaya mengkono nggladeg, raukur cacahe nganti ora kepetung. Lan kuwi ya sah-sah wae, wong jare kuwi klebu “Hak Asasi Manusia”. Ananging yen sakmengko amarga “HAM” kuwi nyenggrok “Hak Asasi Illahi” utawa HAI, njur kesiku ukuman utawa bebenduning urip, aja kaget lan bingung. Kitab Suci lan tulisan iki wis nate ngelikake, mbuh raketan kepiye wujud lan carane. Sepisan meneh, aja padha kebablasen anggone tumindak PENTHALITAN lan Pethakilan.

 

“ Jo, saiki kok Ndoleng, paklikmu rada alim, antenge ngeram, kuwi kena apa?” Takone Wak’ane Salebo, nalika nyipati Lik Ndoleng sing saiki sajak alim, ora PENTHALITAN, merga yen tuku udud saiki nitip.

“Iyo lho kang, wingi Yu Wasti ketemu aku, nakokne,kok paklikme suwi rangetok, ana apa In?” Ngono Iin ya melu nimbrung rembugan.

“Wingi pas aku ndangir Porang, ujug-ujug nusul, ngrewangi…aku ya kaget. Ananging alesane paklik, saiki wedi kesiku pranatane Gusti yen tumindake PENTHALITAN..”Wangsulane Dalijo, lan saka arah lawing, ketok Lik Ndoleng njedul, nyedak cakruk sor Talok.

“Po arep macak dadi nabi Leng, saiki kok antengmu ngeram?” Takone Wakane Solebo.

“Nabi denggelmu krowak kuwi Bo..iki merga aku seminggu sariawan…” Unine Lik Ndoleng.

“Tiwas melu bungah Lik, jebul sariawan..awas lho kesiku pranatane Gusti!”Unine IIn.

 

Mbahe

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH