Rebo
Wage 17 Februari 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Yoel
2 :12-17
Jabur
51
2
Korinta 5 :20-6:10
Mateus
6:1-6,16-21
Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Nanging saiki uga, padha
mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa, lan nangis
sarta sambat-sambat.” Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang
Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe
sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang
karancang.” Yoel 2:12-13
PUWASA utawa Pasa kuwi tembung kang
kerep rinungu ana ing pangrungone meh kabeh wong, amarga PUWASA utawa Pasa kuwi
kerep dilakoni. Lha apa ta sejatine PUWASA utawa Pasa kuwi? PUWASA utawa Pasa
kuwi sakabehing tumindak kanggo ngerem utawa nahan hardening pepinginan kang
jik ana gegandengane karo kamanungsan. Mula saka kuwi, PUWASA utawa Pasaora
adoh saka nahan ngombe, mangan lan pepingingan kamanungsan liyane. Isa uga
kinaranan yen PUWASA utawa Pasa kuwi dalaning pamratobate menungsa supaya apa
kang dadi tumindak luput sing wus klakon entuk pangapura saka Gusti Allah.
Neng Kitab Yoel, dicritakake kepriye
anggone Gusti Allah (lumantar nabi Yoel) paring dhawuh marang bangsa ngisrael
supaya mertobat, dene wujudting pramratobat kuwi lumantar PUWASA utawa Pasa
minangka gegambaran nyuwek ati. Anane pamratobat kang awujud PUWASA utawa Pasa
kuwi, amarga menungsa rumangsa wis tumindak kang ora manut kersane Gusti Allah,
lan akibat saka tumindak kang ora manut kuwi mau, tuwuh anane bebendu kang
dirasakne dening bangsa ngisrael. Dene manut pengertene kitan Yoel, lakuning
pamratobat lumantar PUWASA uatawa Pasa kuwi cikben Gusti maringi sih rahmat,
pangapuraning dosa.
Pancen ora gampang nglakoni PUWASA utawa
Pasa kang sakbenere. Pancen isa wae PUWASA utawa Pasa kuwi asipat ora mangan
utawa ngombe sakjroning wektu kang wis tinamtokake, ananging nalika sakjroning
wektu kang wis dimligekake kuwi njur akeh apnggoda, apa ora njur PUWASA utawa
Pasa iku dadi rekasane pol-polan? PUWASA utawa Pasa kuwi mancen ayahan ngerim
utawa ngendaleni krenteging pepinginan, kamangka kukuwatan paling rosa tumrap
menungsa kuwi pancen pepinginan, mula sanadyan ketok’e mayar, ngerim kekarepan
utawa pepinginan kuwi abote ngeram. Dina iki tumrap warganing Pasamuan mlebu
ing dina Rebu Awu, yakuwi rebo pamratobat. Menungsa dielikake, menawa asale
dirine kuwi saka lebu, mula ora pareng kumnthus,kemaki,kemayu, kumlungkung lan
sakpanunggalane, amarga mung awujud lebu,mung lebu, ora liya.
“Apa kuwi Leng, obor-obor kimpul pa
telo?” Takone Wakane Solebo, nalika sore kuwi weruh Lik Ndoleng ngong-obong,
ananging awune sajak dirumati
“Crigis Bo, iki lho, aku lagi ngobong
godong palem, mengko awune arep dingo ngibadhah pengetan rebu awu” Semaure Lik
Ndoleng.
“Weladalah, tumben sliramu sregep
temen, biasane kokean alesan..” Takone Wakane Solebo meneh.
“Iyik Bo, suwe-suwe takobong jenggotmu
kowengko..”Lik Ndoleng sajak erosi.
“Leng, apa guanne awakmu ngobong godong
palem, yen jik erosinan, ehh emosinan…Kuwi kan tandaning pamratobat. Ajamung
seneng nglakoni ritual kang katon, ananging ati lan uripmu ya kudu mertobat”
Ngendikane Pakde Kento.
“Lha Solebo kuwi crigise ngeram gek To…ngontor
tenan aku” Semaure Lik Ndoleng.
“Kuwi remen, aja mbok blongkae, kuwi
PUWASA kang sejati Leng” Pakde Kento mbacutake sesorahe.
“Mulane Lik, nglakoni ngobong godong
palem kuwi kudu njedul saka kareping ati, aja merga….” Unine Dalijo sinambi
nyumet MLDne, ananging durung kober tuntas embug’e, ketungka swarane Iin.
“Mung merga takkandani, kuwi sing ngakon
Yu Wasti, njur sampeyan rindik asu digithik ta Lik, kamangka kuwi mung
setrategiku, ben sampeyan gelem ngobong godong palem, kanggo ngibadah rebo awu”,
Unine IIn.
“Dusss..dadine iki dudu akone si…hmmm..”
Lik Ndoleng rawani mbacutake.
“Jindullll…”Batine Lik Ndoleng.
Mbah’e
Tidak ada komentar:
Posting Komentar