Selasa, 16 Februari 2021

AVATAR

 

Selasa Pon 16 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Ayub 19 :23-27

Jabur 110 :1-4

1 TIMOTIUS 3 :14-16

Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.” 1 Timotius 3 :16

 

Tembung AVATAR kuwi dudu tembung asli Jawa, ananging tembung kang popular amarga pile, kang jejere AVATAR. Tembung kuwi saka tradisi hindu, sing tegese “kahanane para dewa kang tanpa wujud”, mulane  yen sing nate nonton pilem AVATAR, mesti dadi kelingan kaya ngapa wujud saka para tokoh sing ana neng pilem. Tumrap sing ora seneng pilem saka manca, mesti angel dijak ngeling-eling critane, wong ngertine mung sinetron ngindonesa, sing critane mung rebutan, mbuh kuwi rebutan bojo,duit lan pangkat. Waduh, malah ngrasani sinetronlopers iki, wis mbalik neng AVATAR wae akh..

Neng Kitab Suci jan-jane ya ana crita sing memper AVATAR, yakuwi piwulange Timotius, kang tinulis neng surate marang pasamuan. “Panjenengane kuwi kang wus ngatingal awujud manungsa…” Kuwi pangerten kang memper AVATAR, Gusti Allah kang sejtine ora awujud wadag, wus kersa dikenali dening menungsa kanthi awujud menungsa. Dene ancase mawujud dadi menungsa utawa AVATAR kuwi, ya mung amarga tresnane  kang tan wintes marang menungsa. Amarga tresna, apa wae tinerak, sepiragede lan abote pepalang ananging menawa ora ana tresna, tana pepalang wae wegah ngliwati.

AVATAR, kahanane dewa,utawa Sang Illahi kang sejatine tanpa wujud, ananging digambarake nduweni wujud sanadyan beda kaya menungsa lumrah, kuwi sampurna ana ing Gusti Yesus. Ya Gusti Yesus kuwi AVATAR kang sejati ana ing sejarah jagad iki. Gusti Allah kang tan winates, tan kinaya ngapa, tan sinenggol lan sinawang, isa “ngavatar” ana ing Gusti Yesus, lan kuwi kabeh amarga tresna. Isa dijupuk kesimpulan, tresna kang ngawujud kuwi AVATAR,lan Gusti Yesus wus maringi patuladan, mulane sing sap wae percaya marang Gusti Yesus, ananging ratahu mujudake tresnane, kuwi munapik,mung jarkoni…Mulane, paya pada “ngavatar”, mujudake tresna kang sejatine tanpa wujud.

“Ngandi Dalijo Leng?” Takone Wakane Solebo.

“Rung mulih, jik ngrumati Porange” Semaure Lik Ndoleng, sinambi nyumet pituneme, amarga bar entuk surat seka Yu Wasti, njur saiki udude sansaya nglepus.

“Jian, jos Dalijo kuwi, amarga tresnane marang tandurane, yahmene jik sengkut nyambutgawe…” Tanggepane Wakane Solebo.

“Kuwi sing jenenge katresnan kang mawujud dhe, jare mbahe sing wingi bar melu webinar HUT sinode, kuwi wujud AVATAR saka Gusti Allah, yakuwi mawujug ana ing Sang Kristus” Pakde Kento melu urun rembug.

“Yen sampeyan apa AVATAR mu marang Yu Was…” IIn durung kober rampung muni , sinusul tekane Dalijo, saka kulon omah, pojok kidul, sajak nembe teka seka tegalane Prampalan, njur melu rembugan..

“Iyo, sakwise disurati Yu Wasti, njur paklik tukune udud mesti kes, ora ngebon meneh…mbokmenawa kuwi AVATAR’e paklik, tresna kang mawujud..” Kandane Dalijo.

“Jindul, sidane tekan kuwi meneh…dussssssss….!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbahe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH