Rabu, 24 Februari 2021

MADHANG

 

Rebo Legi 24 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wulang Bebasan 30 :1-9

Jabur 77

Matius 4 :1-11

Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda kang miyos saka ing lesaning Allah.” Matius 4:11

 

Saben menungsa sing jik urip mesti butuh panganan, lan jinise panganan kuwi isa dipilah dadi okeh jinis, ana panganan cilik utawa kremikan (papan liya ngarani pacitan), ana panganan pokok kang nalika mangan diarani MADHANG. Mulane tembung MADHANG kuwi isa diartekne samubarang tumindak kanggo mindah panganan mlebu marang weteng liwat tutuk, yen ora liwat tutu kora isa diarani MADHANG. Lha kanggo mburu butuh MADHANG kuwi, ora sithik menungsa sing direwangi soroh nyawa, nyambut gawe njungkel njempalik supayane isa entuk yatra ben isa diijolake panganan kang isa kanggo MADHANG. Amarga kahanan kang kaya mengkono kuwi, ora sithik menungsa sing kena godha amarga sega kanggo MADHANG.

 

Neng kitab Injil nate ditulis piwulange suci bab bebayane panggodha lumantar MADHANG, lan sing digodha dening jurune panggodha ora bain-bain, Gusti Yesus dewe. Nalika semana Gusti Yesus nembe bubar siyam lan amarga luwe njur digodha dening iblis supaya ndadekne watu dadi roti supaya isa dipangan lan ora luwe meneh. Ananging Gusti ora kegodha,amarga sadhar yen urip kuwi ora mung saka panganan, urip kuwi ya isa saka pangandikane Gusti lumantar Kitab Suci. Si iblis jian licik temenan, nggodha marang apa kang dadi ringkihe menungsa, lan bab MADHANG kuwi klebu bagean sing paling ringkih,mula ya njur didadekne “sasaran tembak” kanggo digodha.

 

Saka critane  Kitab suci bab panggodha lumantar MADHANG, menungsa kudune sinau kepiye carane ngadepi panggodhaning urip, yen si iblis mesti nyerang neng bab sing paling ringkih. Mula saka kuwi, diwaspadha  marang bab sega lan MADHANG, amarga menawa ora eling lan waspada mesti kena godha lan pungkasane lali marang Gusti kang maha kwasa. sepsisan meneh dinganti-ati marang sega lan bab MADHANG, merga kuwi isa ndadekne uripe menungsa  sengsara. Pancen bener tanpa MADHANG menungsa isa lara lan pungkasane isa mati, ananging aja nganti urip mung kanggo MADHANG, sing apik MADHANG kuwi kanggo urip. Yen wis nduweni penemu MADHANG kanggo urip, isa ngadepi panggodha bab Sega, ananging yen penemune urip mung kanggo MADHANG, biyuhh..medenii.

 

“Jo, iki kok sepene ngeram, do  ngandi ta?” Takone Lik Ndoleng, ananging Dalijo mung meneng wae, blas ora wangsulan.

“Duss, Jo…ditakoni kok malah meneng wae, apa sariawan….!” Unine Lik Ndoleng meneh, njur Dalijo menehi kode neng Lik Ndoleng kon mbuka androite, merga ngirim WA neng kono. Lik Ndoleng njur mbukak androite lan maca,njur ketok sajak ngerti maksute Wane Dalijo.

“Do MADHANG sik, bar kuwi terusne sing padha neng-nengan..”  Swarane Iin.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH