Rabu, 03 Februari 2021

MAKARYA

 

Rebo Kliwon 3 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Yeremia 29 :1-14

Jabur 35 : 1-10

Markus 5 :1-20

“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Allahe Israel, marang wong buwangan kabeh, kang diangkatake menyang ing pambuwangan saka Yerusalem menyang Babil.Sira padha ngadegna omah lan sira enggonana, sira gawea pakebonan, kang kena sira pangan pametune.” Yeremia 29 :4-5

 

Yen dikon milih, ing antarane ora nyambut gawe karo nyambut gawe utawa MAKARYA, menungsa mesti milih ora nyambut gawe ananging entuk panghasilan sing okeh. Lho kok isa? Isa wae, amarga sejatine menungsa kuwi kadunungan sipat males lan uga sakpenake dewe. Ora nyambut gawe ananging uripe tansah kepenak. Yen dikon MAKARYA mesti angel lan ora sithik sing njur sambate ngaru-ara. MAKARYA kuwi pancen rekasa, kudu soroh meh kabeh kahanan, ya wektu,tenaga,pikiran,perasaan lan malah isa tekan nyawa mbarang. Sing diarani MAKARYA yakuwi sakabehing tumindak kang kanthi sadhar dilakoni kanggo nggayuh pepinginan. Menungsa kuwi pancen ginaris kudu MAKARYA, supaya isa njaga adeging nyawa, amarga yen wis ora isa MAkARYA, kuwi tandane wis ora kuwat ngrumat nyawa.

 

Neng Kitab Suci ana piwulang bab MAKARYA, yakuwi neng Kitab Yeremia. Neng bab 29 dicritakake kepiye anggone Sang Yehuwah lumantar nabi Yeremia paring dhawuh supaya  MAKARYA. Dene wujuding pakaryan kuwi ya okeh banget, ana sing kudu nggarap pakebonan, ana sing kudu nggawe omah. Omah nduweni punsi kanggo ngeyup lan srawung karo brayat, dene pakebonan nduweni pungsi kanggo diolah supaya ana pametune. Jenenge wae MAKARYA, mesti kudu wani ngorbanake samubarang, ana korban wektu,tenaga ,pikiran lan uga perasaan. Ananging sejatine lumantar MAKARYA kuwi menungsa netepi apa kang dadi dhawuh lan kersane Sing Maha Kwasa.

 

Ora mung ing jamane nabi Yeremia, ing jaman saiki ya  kaya mengkono. Kabeh titah sing jik urip kudu MAKARYA. Yen wis wani MAKARYA ateges wis wani rekasa. Ananging kaya kang wis tinullis ing nduwur, amarga MAKARYA kuwi rekasa, mula ora sithik menungsa sing ngendani pakaryan, karepe urip sakarepe dewe ananging nduweni pemetu. Yen ing jaman nabi Yeremia menungsa MAKARYA kanthi nggarap lemah, nggarap pakebonan, ing jaman saiki MAKARYA kuwi wujude rupa-rupa, ananging tujuane padha, kanggo jaga krasane si nyawa. Mula saka kuwi, sing sapa wae ora gelem MAkARYA, kahanan kamanungsane kudu ditakokake, jik lumrahe menungsa apa wis malih.

 

“Jam pira iki Leng?” Takone Senthot, warga anayaran Cakruk Sor Talok.

“Jam setengah wolu Thot, ngapa?” Wangsulane Lik Ndoleng sinambi ngekep linthingane dhwe, merga rokoke entek.

“Jare kene yen sore rame, ana Solebo, Kento lan sapa meneh ngono,lha endi iki donan?” Senthok nakoni meneh.

“Solebo pamit bengi iki, jadwal njatah bojone, Kento paling delokneh” Omonge Lik Ndoleng.

“Lha Dalijo ngandi iki, kok ya rung ketok bathuke?” Takone Senthot meneh.

“Rung mulih seka tegal, mbuh..kara nggaroti Porange” Semaure Lik Ndoleng.

“Sengak temen swaramu Lik..Kang Dalijo kuwi sregep MAKARYA, wong jare Pakde Kento MAKARYA kuwi klebu dhawuhe Gusti Allah tik..” Iin njedul, nggawa kopi lan kripik kimpul, ratrima dulure lanang dipaido Lik Ndoleng.

“Bener kandhamu nduk, In..MAkARYA kuwi prentahe Gusti, mula kabeh menungsa kudu wani lan gelem MAKARYA” Swarane Pakde Kento sing njedul saka lor omah, sisihe wit So.

“Ndoleng ya MAkARYA lho To, turu kuwi jarene ya MAKARYA, kuwi persine Ndoleng” Unine Senthot.

“Yen paklik senengane MAKARYA mung yen ana Yu Wasti kok Dhe..” Iin muni ngono njur mlayu neng arah pawon.

“Jindullll…tekan kuwi meneh!!!” Grenengane Lik Ndoleng, rapatia cetha merga cen mung lirih tenan..

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH