Kamis, 18 Februari 2021

NYIMPANG

 

Kemis Kliwon 18 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 9 :1-15

Jabur 25 :1-10

1 Yokanan 1:3-10

“Kawula sampun sami nglampahi dosa tuwin kalepatan, kawula sampun sami nglampahi duraka saha sampun sami mbalela, kawula sampun sami nyimpang saking pepaken saha pranatan Paduka “Daniel 9:5

 

NYIMPANG kuwi ora mlaku ana ing dalan kang wus katetepake, sakumpama dokongkon menyang arah kulon, malah mlakune ngetan, dikongkon menyang ngalor malah ngidul. Dene anane isa klakon NYIMPANG kuwiya amarga pirang-pirang kahanan, ana sing amarga ora dong marang dhawuh utawa prentahe, ana sing durung cetha amarga salah pangrungon lan dadine njur salah laku la nana uga sing pancen sengaja arep NYIMPANG. Yen sebabe NYIMPANG kuwi amarga ora dong, mayar anggone ngelikake, ananging yen NYIMPANG’e kuwi amarga disengaja,kuwi luwih angel ndandanine.

 

Mbalik neng bab NYIMPANG, yen wis tuwuh kesadaran yen lakune luput utawa NYIMPANG, njur kudu mbalik tumuju marang dalan kang bener. Yen mung sadhar ora pener utawa luput, ananging ora nate mbudidaya supayane isa tekan ing tujuan kang wus katemtokake,kuwi ora ana gunane. NYIMPANG kuwi ana ing basa agama isa kinaranan Dosa, mula yen wis NYIMPANG, mesti ora bakalan tekan ing tujuan. ISane tekan ing tujuan sakwise NYIMPANG, ya kudu mbalik meneh lan kuwi butuh pangorbanan kang awujud wektu, tenaga,pikiran,perasaan lan uga mbokmenawa ragad utawa banda donya. Dadine, yen ana singwis paham bab NYIMPANG, kuwi durung sampurena, sampurnane ya kudu ani mbalik supaya tumeka ing tujuan kang tinemtokake.

 

Neng Kitab Daniel ana pandonga kang intine tuwuhing rasa sadhar yen tumindake wis luput, kleru ora bener, NYIMPANG. Kuwi pandongane Daniel, ora mung ndongakake dewek’e ananging uga bangsane. Daniel rumangsa wis NYIMPANG saka dalan kang kinersakake dening Gusti Allah, mulane njur mbudidaya mbalik marang dalan kang bener lan pener. Sadhar yen kuwi salah wae durung isa kinaranan mertobat, yen sadhar menawa salah ananging tetep bablas, ya ora ana gunane. Mulane Daniel sakwise sadhar yen wis NYIMPANG, njur aprajanji arep mbalik marang dalan kang kinersakake dening Gusti Allah, sanadyan kudu cucul korban kang ya ora sithik. Ing jaman saiki, racake yen wis kadung NYIMPANG, durung tumeka ing pamratobat, amarga rawani mbalik, paling apik mung tumuke ing bab ngerti lan sadhar, yen sing wus dilakoni luput,ora bener utawa NYIMPANG.

 

“Jo, tanduranku Porang kok godonge abing-abing ya, kira-kira kena-apa ya Jo?” Takone Wakane Solebo neng Dalijo, bab tandurane Porange.

“Lha wingi kae sidane mbok semprot POC ta Wo? Lha aja-aja gek kokean POC, campurane banyu kesithiken, njur kena neng godonge sing jik nom?” Wangsulan lan pitakonane Dalijo.

“Weleh, kara iyo Jo, wong pas aku nyemprot, dijagongi Ndoleng” Kandhane Wak’ane Solebo.

“Suk meneh, kudu ngati-ati Wo, ora sembrana. Aja dibaleni meneh ya..” Kandane Dalijo.

“rungokne Bo, kuwi jarene mbahe NYIMPANG, lumaku sing ora pener, luput… kudu siap berkorban, paling ora nunggu thukule godong Porang sing anyar..tur suk musim tanem ngarep kuwi luwih ngati-ati” Ujug-ujug Lik Ndoleng sesorah kaya wong sing nggon gulune ana putih-putihe.

“Bajekno eling awak Leng, klebon roh apa kowe kuwi?” Takone Pakde Kento.

“Weh, malah sae lho pakde, umpami paklik pun eling lan sadhar,muga-muga wae mboten jarkoni, ngerti salahe liyan, ananging babarblas rangerti lupute, yen lakune wis NYIMPANG..” Unine IIn.

“Benr kandane Iin lho Leng, ndang sadhar, aja NYIMPANG saka dalanmu, aja mung nggolek alesan neng warunge Wasti wae..” Unine Wakane Solebo.

“Jindullll…kok malah aku nyemes awakku dewe iki..”Lik Ndoleng gembreneng dewe, memper tawon kambu arep pikenik.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH