Jumat, 19 Februari 2021

NGGELARNA

 

Jemuah Wage 19 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 9 :15-25

Jabur 25:1-10

2 Timotius 4 :1-5

Kowe nggelarna pangandika, sumanggema ing wektu kang becik, utawa ing wektu kang ora becik, melehna apa kang luput, nyrengenana lan mituturana kalawan sakehing kasabaran lan piwulang.” 2 Timotius 4:2

 

Tembung NGGELARNA kuwi klebu tembung prentah utawa dhawuh kang kudu dilakoni. Asale saka tembung lingga Nggelar, sing tegese ndadekake apa kang saka kawitan ciyut njur dadi luwih amba. Sing isa digelarake kuwi barang kang katon, kayata klasa, kepang, terpal lan sakpanunggalane. Ananging ing tembene, tembung Nggelar kuwi isa kanggo samubarang kang ora katon. NGGELARNA katresnan, tegese njereng katresnan marang sapa wae, NGGELARNA banda tegese njereng banda kang dadi darbeke marang sapa wae sing mbutuhake.

 

Ana piwulang luhur saka Kitab Suci, cethane neng surate Timotius kang kaping pindo kanggo pasamuan. Ing surat kui, Timotius paring prentah supaya pasamuanne Gusti Yesus siyap NGGELAR’ake pangandikane Gusti Yesus, mbuh kaya ngapa kahanane. Dhawuh iki ngemu teges, supaya menungsa ora nunggu kahanan kang apik manut petungane kamanungsane, ananging kudu wani metung adedasar kersane Gusti. Mula saka kuwi, welinge Timotius supaya tetep setya NGGELARNA tumindak kang becik, jumbuh karo kersane Gusti. Dadine, sanadyan kahanane rekasa manut petungan kamanungsan, ananging kudu tetep siyaga makarya, NGGELARNA kersane Gusti.

 

Mbiyen pancen surat kuwi kanggo pasamuan kang diopeni dening Timotius, ananging kanggo saiki ya ijik pas. Ing jaman saiki malh luwih okeh menungsa sing wegah NGGELARNA kabaring kabungahan, kanthi alesan kanga pike ngeram. Ing jaman saiki kahanane ya meh padha, malah kepara luwih ngeri saiki, lha saiki diajak makarya ing pakaryane Gusti wae padha enda lan selak kanthi alesan kang ora ukur mantebe. Mulane, payo saiki pada tumindak apik, cikben kabar kabungan kuwi tansah ginelar, mbuh kaya ngapa kahanane. Sepisan meneh, padha NGGELARNA kabar kabingahan kanga sale mung saka Gusti kang akarya jagad.

 

“Jo,aku kuwi wingi awan debat karo Ndoleng, bab NGGELARNA katresnan..” Unine Wakane Solebo.

“Njur piye Wo semaure Lik Ndoleng?” Takone Dalijo.

“Haiyah, mung cengar-cengir kae gek Jo…nggregetake ge..” Semaure Wakane Solebo.

“Oalah, merga kuwi mbokmenawa Dhe, njur paklik curhat mbek aku, jare yen dewekne sok nggodha Yu Wasti kuwi, amarga nembe NGGELARNA katresnan, jumbuh karo kersane Gusti” Unine IIn.

“Oalahh, salah tapsir Ndoleng kuwi cahh..mesti disalahgunakne kuwi mengko” Unine Pakde Kento, sajak melu bingung.

“Ben, tokno wae, saksenenge nggagas cah siji kae isa ketularan gundul..” Unine Wakane Solebo.

“Ben seneng ya Wo?” Takone Dalijo, njur rakober mbacutake rembug’e, ketungka tekane Lik Ndoleng.

“Tekek brewok…mestiiii nggunem akuu..semprul…” umrenge Lik Ndoleng..

 

 

Mbah’e..

1 komentar:

  1. Matur nuwun mbah guru nyeblak roso, karena keterbatasan/ringkih Nggelarno mung kandheg ing angen-angen...

    BalasHapus

FIKSI Di Malam PASKAH