Kamis, 11 Februari 2021

OGROS

 

Kemis Pon 11 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 11 :26-40

Jabur 50 :1-6

2 Korinta 2 :12-17

Sang Prabu Suleman banjur ngangkah mateni Yerobeam, nanging Yerobeam nuli mangkat ngungsi menyang ing tanah Mesir, marang ing ngarsane Sang Prabu Sisak, ratu ing nagara Mesir, sarta manggon ana ing kono nganti sasedane Sang Prabu Suleman. 1 Para Raja 11 :40

 

Tembung OGROS kuwi dudu tembung baku, mung ana neng sawijining “kumpulanne wong”, sing tegese tumindak kang tanpa petong, nerak utawa nabrak samubarang kang ana. Tembung OGROS kuwi mbiyen kulina dingo nalika jaman “bal-balan”, yakuwi kanggo ngarani sing maine bal mung nendhang sakarepe dewe, mana hadap lan tanpa petung babar blas. Wong kang main bal-balan lan nduweni “gaya” OGROS kuwi racake garese kuwate ngeram, dadi nalika gaprakan ora lara, malah mungsuhe  sing  garese njur mlenthung biru kae. Sing cetha, OGROS kuwi tumindak kang kurang petungan, lan anane kurang petungan ya isa amarga sebab sing ora mung siji, isa okeh sebab kang marakake tumindak OGROS.

 

Sanadyan neg Kitab Suci durung ana bal-balan, ananging ana tumindak kang isa kinaranan OGROS, malah kuwi dilakoni  dening raja Soleman. Critane mengkene, sakwise klalen njur nyembah marang brahala, nilar marang Gusti Allah, raja Soleman dielikake dening nabi. Ananging ora malah mertobat, malah sansaya ngamuk lan nesu, jik rumangsaora kleru lan bener dewe. Sanadyan kaya mengkono, ing telengeing ati, raja Soleman rumangsa luput, lan ora njur mertobat malah sansaya nesu, njur kabeh sinawang salah,mua kudu disikat. Iki kang njalari raja Soleman tumindak OGROS, nganti Yerobeam, sing babarblas ora ana lupute marang dewekne, diangkah patine, amarga ngomongake sing sakbenere.

 

Lha kaya mengkene iki watake menungsa, yen rumangsa bener dewe, kabeh dinesoni,kabeh diamuk, kabeh kudu disingkirake, watake dadi OGROS llan ora nyawang sapa kuwi blegere, mbuh ayu,seksi,bagus,gothot,sugih,mlarat, pidak pedarakan lan ratuning negara, nalika nesu, mesti OGROS! Mbokmenawa sing maca tulisan iki, sanadyan telat amarga mbahe karipan, ya ana sing jik “ngingu” watak OGROS lan njur nesu amarga tersinggung merga maca tulisan iki, ya malah apik. Kuwi tandane nggatekake, ora mung maca ananging ora sadhar, maca lan nggatekake kuwi isa marakne wong mesem lan uga nesu, kari kahanane kang diwaca.

 

“Jindulll, trondolooo tenan…asemb kecut gula legi…prawan ngentut Dalijo wediii!!!”Sore tumuju wayah wengi kuwi,neng Cakruk Sor Talok, Lik Ndoleng sajak nesu, ngamuk, lan asbak sing ora kleru apa-apa dibanting.

“Ora ngono’a Leng, apa manukmu dientuk kalajengking, kok nganti kaya mengkono kuwi?” Takone Wak’ane Solebo.

“Lha iki, aku lagi maca BENINGE EMBUN ESUK, malah nyindir aku sakmoh-mohe, gilo…meh kabeh persi sing tak alami.Iki mesti sing nulis sengaja ngangkah aku Bo..!” Jik nada tinggi Lik Ndoleng anggone menehi alesan.

“Sik ta Leng, lha tulisan iki ora mung kanggo sliramu thok-thil, iki kanggo wong sing gelem maca. Lha menawa ana sing kena, kuwi mung kebetulan, dadi ora usah nesu, njur OGROS kaya mengono, tumindak tanpa petung, nganti asbak wae mbok bantingi kaya mengkene..”Unine Pakde Kento.

“Cen, menungsa niku menawi lepat, lan ruamos kaeuotake njur nesu ngoten niku lho Dhe, mboten namung Paklik Ndoleng, lha niku sing nggih sok maos BENINGE EMBUN ESUK< kathah sing tersinggung njur nesu..” Unine Iin, sinambi jik ngadeg nggawa kopi lan pacitan, merga nggumun nyawang Lik Ndoleng mbantingi Asbak.

“Kae lho Yu, klakuane “fans” beratmu,  yen cedak sampeyan wae sok alim, lha yen ora njur OGROS banget tumindak’e” Muni ngono, Dalijo njur lugguh karo wong wadon sing marakne Lik Ndoleng njumbul…

 

Mbah’e,,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH