Senin, 08 Februari 2021

NGGATEKAKE

 

Senen Kliwon 8 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



2 Para Raja 4 :8-17,32-37

Jabur 102 :12-28

Para Rasul 14 :1-7

Wong wadon mau tutur marang bojone: “Sajatosipun kula sampun mangretos, manawi tiyang ingkang temtu mampir mriki punika abdining Allah ingkang suci. Bok mangga kita damelaken kamar tembok alit wonten ing nginggil lan kita sukani pasarean kagem panjenenganipun, kaliyan meja satunggal, kursi satunggal. Mangke manawi mampir mriki, kita aturi lumebet mriku.” 2 Para Raja 4:9-10

 

Yen dikon milih kanthi jujur, meh kabeh menungsa seneng digatekake tinimbang NGGATEKAKE, kuwi kayane wis ginaris saka mbiyen mula. Kuwi kabeh isane klakon amarga sejatine menungsa kuwi sakwise kadunungan dosa, senengane nggolek kepenake dewe, mula ya ora usa padha nggumun yen kon NGGATEKAKE liyan angele ngeram, ananging yen rumangsa ora digatekake sithik wae njur bengak-bengok kasa Orong-orang nalika tekane udan mangsa ing mangsa rendheng. Yen mengko ana sing tersungging, opss…tersinggung karo tulisan iki ya apik wae, tegese maca kanthi sadhar, ora mung nyawang tulisan tanpa ngerti kekarepane tulisane.

 

Bab NGGATEKAKE kuwi neng Kitab Suci tinulis, malah kepara akehe ngeram, amarga sejatine Kitab Suci kuwi kan paseksi bab kepriye anggone Gusti Allah NGGATEKAKE menungsa, si menus-menus kebak dosa iki. Neng 2 Para Raja 4, neng kana dicritakake bab wong wadon kang manggon neng nndesa Sunem, dewekne sugih mblegedhu, sing gelem NGGATEKAKE marang salahsawijining nabine Gusti Allah kang jenenge Elisa. Wong wadon saka Sunem kuwi mrentul ing atine sakwise ngerti lan ngrasak-ngrasakake apa kang wus diayahi dening nabi Elisa, njur mrentul ing atine kanggo tumindak manut apa kang dibutuhake dening nabi Elisa. Wong wadon Sunem kuwi ngerti yen Elisa nabine Gusti Allah, mula njur kepengin ngaturi apa kang dadi butuhe nabi Elisa, mula njur wadul “beib-beibe”/sing lanang, ben digawekake kamar.

 


Jebule minangka pasangan sing serasi, sing lanang utawa “beib-beibe” wong wadon Sunem kuwi ya sarujuk, mula njur digawekake kamar neng sisih nduwur, ora neng ngisor,amarga kuwi ngemu teges ngajeni abdine Gusti. Dene tumrap nabi eElisa, amarga rumangsa digatekake kanthi linuwih, mula ya njur NGGATEKAKE apa kang dadi butuhe brayat ing desa Sunem kuwi. Saka crita ing 2 Para Raja 4 iki, isa dipethik pasinaon apik, yakuwi bab NGGATEKAKE lan digatekake. Miwitana NGGATEKAKE liyan supayane ing mengkone liyan ya genti NGGATEKAKE awakmu. Aja mung njaluk lan njaluk digatekake wae, ananging wegah NGGATEKAKE, kuwi saru lan ora lumrah..Ora becik babarblas, mula ya aja dilakoni. Sing becik, niru apa kang wis dilakoni dening wong wadon saka ndesa Sunem kuwi.

 

“ Seka ngendi Jo,kok jik gluprut kaya mengkono?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore meh wengi kuwi njedul neng Cakruk Sor Talok, durung adus lan jik gluprute poll.

“Seka ngrewangi mbenekne kran omahe Kang Markun” Semaure Dalijo sareh, sinambi nyumet MLDne.

“Rasah kobong Leng, santai..rasah ngongas…kuwi dudu karepe Markun, kuwi karepe Dalijo dewe. Wingi Wasti ngomong mbek aku, yen kran nggon pawon bumpet, ananging aku raisa, njur malah Dalijo mampir pas seka njupuk rabuk cair, ya aku ngomong Dalijo, dadi ora ana sing ngongkon Leng..” Wak’ane Solebo, njlentrehake kahanane.

“Duss..lha kok malah aku sing dadi sasaran?” Unine Lik Ndoleng.

“Haiyah, rasah selak Lik, neng ati jane kepengin sampeyan sing ndandani kan, ben isa njowal-njawil Yu Wasti?” Iin, kaya padatan, nyuguhake kopi sinambi ngece pakne cilik.

“Kowe meneh In, apalanmu mung ngeceni aku..”Lik Ndoleng anggepi Iin.

“Rasah udreg-udregan..kuwi isane klakon amarga gelem NGGATEKAKE. Dalijo sanadyan ora dikongkon, ananging amarga seneng tetulung, mula nalika ngerti ana kang kudu ditulung, ya dialkoni. Lha Markun, amarga rumangsa digatekake, njur NGGATEKAKE Dalijo, menehi MLD, luwih murah, tinimbang ngakon Ndoleng ngko malah korban, bojone dijawil” Ngendikane Pakde Kento sareh,  sinambi nyruput kopine sing sajak jik mongah-mongah,

“Jindullllll…kowe barang saiki melu-melu Tooooooooo..dusss!!”Lik Ndoleng misuh-misuh neng batin, merga arep muni wedi karo Kang Miyo.

 

mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH