Sabtu, 06 Februari 2021

NGGENDHONG

 

Setu Pon 6 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK






Yesaya 46 : 1-13

Jabur 147 :1-11,20c

Mateus 12 :9-14

Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenengane lan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh. Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh; Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.” Yesaya 46:4

 

NGGENDHONG kuwi tembung kanga sale saka lingga Gendhong, dene tegese Gendhong kuwi pambudidaya nggawa samubarang kang dipapanake ana ing cangklekan utawa neng nggeger. Saka tembung Gendhong kuwi isa dadi pirang-pirang tembung kang salah sijine yakuwi NGGENDHONG, kang nduweni arti tumindak mapanake samubarang ana ing mboyok utawa nggeger. Dene sebab musababe kok isa kagendhong kuwi salah siji sebabe amarga ora isa mlaku dewe. Sapa wae isa digendhong lan uga NGGENDHONG, ananging yen olih milih, mesti luwih seneng digendhong tinimbang NGGENDHONG.

 

Bab tembung NGGENDHONG kuwi nate dadi piwulang Kitab Suci, pernahe neng Yesaya bab 46, neng kana dicritakake kepiye anggone Gusti Allah,lumantar nabi Yesaya kagungan prajanji marang menungsa yen bakalan ngreksa,ngayomi lan malah kepara NGGENDHONG nalika ngliwati kahanan urip kang nggegirisi. Anane janji saka Gusti kuwi nduweni ancas supaya menungsa ora mingar-minger bab pracayane, suaya tetep sumarah marang Gusti Allah, ora marang kekuwatan liyane. Amarga menungsa kuwi seneng diwenehi janji, kudune nalika ngerti Gusti Allah menehi janji bakalan NGGENDHONG nalika ngadepi kahanan angel, kudune ora bakalan wedi utawa kokean kuwatir meneh. Iki sing prajanji Gusti Allah dewe, dudu menungsa sing mung kokean janji.

 

Janjine Gusti Allah bab NGGENDHONG kuwi ora mung mbiyen nalika jamane nabi Yesaya, janji kuwi langgeng, uga kanggo menungsa ing jaman saiki. Mula saka kuwi, ora usah kokean sumelang, ora usah keweden nalika kudu ngayahi ayahaning urip, apa meneh nalika ayahan kuwi mirunggan kagem kamulyane Gusti Allah. Ora usah kokean alesan, ora usah kokean argument,nalika tinimbalan makarya utawa diajak makarya neng pakaryane Gusti Allah, ndang tandangi wae. Ananging sing kudu tansah dieling yakuwi bab wektune NGGENDHONG, yen jik isa mlaku dewe ya aja kadingalem njaluk gendhong. Gusti Allah wis wicaksana, mula mung bakalan NGGENDHONG ing nalikane kahanane pancen kudu kagendong. Yen kabeh lakune urip mung njaluk digendong, malah kudu disujanani, aja-aja malah lempoh amarga ora gelem mlaku dewe, kamangka ora ana sing seneng kinaranan lempoh, klebu sing maca tulisan iki.

 

“Bo, mbok kana, ngomonga mbahe kae, yen nulis BENINGE EMBUN ESUK ora usah dawa-dawa. Mripatku kemeng maca dawane tulisan..” Unine Lik Ndoleng marang Wak’ane Solebo, babagan renungan basa jawa saben kesuk kuwi.

“Hambok ngomong dewe, wong mbahe ya terbuka dijak rembugan, wong kok ngadi-adi temen Leng sliramu kuwi” Semaure wak’ane Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Lhawong ya kari maca wae kok kokean iyik ta Lik, tur meneh aku ya ora yakin yen sampeyan maca saben kesuk..ndilalah maca pisan wae njur ngalup..” Unine Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Aku kuwi mung usul Jo, rasah ngegas. Okeh sing sambat karo aku, tulisan renungane kedawan jare..”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Lha apa ya mbutuhake wektu patang windu ta Leng, kanggo maca tulisan kuwi? Ora ana tulisan mbingungi jare butuh “santapan rohani”, bareng ana tur rada dawa, njur protes, diaturi pidio yutup, jare wegah nonton merga ngentek-entekne pulsa data, dikirimi link blog, jare kesuwen..Mbok aja kokean catur ta Leng…” Pakde Kento rawuh, nyumet rokok sionge sing gedene ngeram sinambi nuturi Lik Ndoleng.

“Urip kuwi kudu wani Leng, jare mbahe, kabeh wis rineksa dening Gusti, malah jare Gusti bakalan NGGENDHONG sapawae sing babarblas ora isa mlaku dewe..” Wak’ane Solebo nuturi, jian kaya kanjeng resi kae.

“Maca semono wae sambat Lik, jale umpamane kon NGGENDHONG Yu Wasti, samba tapa ora..” Iin njedul, nggawa kopi karo pacitan njur nimbrung melu nyemes Lik Ndoleng.

“Dusss!!...Malah tekan kuwi kowe kui In..saiki rakuwat aku, gedene sakhilolah gek..” Semaure Lik Ndoleng.

“Mulane, payo pada ngayahi lakuning urip iki manut kakuwatane dewe jumbuh karo peparinge Gusti. Yen ora isa temenan, janjine Gusti cetha lho,bakalan NGGENDHONG awake dewe, pora jan esippp..”Ngendikane Pakde Kento.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH