Jemuah
Pon 26 Februari 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Purwaning
Dumadi 16 :1-6
Jabur
22 :23-31
Rum
4 :1-12
“Dene wong kang nyambut-gawe iku, opahe
ora kena kaetung ganjaran, nanging hake.” Rum 4:4
HAK’E,
kuwi kahanan kang tansah diupadi dening menungsa, ananging sing dadi
tanggungjawabe yen isa diendani. Kuwi kabeh wis jamak klakon ana ing uripe
menungsa, mbuh kuwi sing biasa-biasa utawa kang ketone “rohaniah” buanget.
Nguyak apa kang dadi HAK’E, lan mlayu saka apa kang dadi tanggungjawab’e.
Ana
piwulang apik buanget ana ing Kitab Suci, cethane piwulange rasul Paulus marang
pasamuan Kristen ing kutha Roma. Ing kana diwulangake bab makarya, kewajiban
lan apa kang dadi HAK’E. Menungsa kudu makarya utawa nyambutgawe minangka
tandha yen dewek’e urip, amarga yen wis ora urip tangeh lamun isa makarya utawa
nyambut gawe. Lan sing sapa nyambutgawe kuwi lumrah yen nampani HAK’E kang isa
diarani opahe. Opah kuwi dudu ganjaran, ananging HAK’E. Karepe rasul Paulus
cetha banget, sing sapa makarya, kuwi kudu nampa bebulih utawa HAK saka apa
kang dilakoni, lan nglakoni piwulange rasul Paulus uga klebu nindakne kersane
Gusti Allah.
Kaya
ing jamane rasul Paulus kang babagan ngatur HAK’E liyan wae kudu diwulang, ing
jaman saiki ya kaya mengkono, malah kepara luwih ngeri. Okeh sing mung seneng nguyak HAK’E, ananging lali marang
tanggungjawabe. Aluwung lali,ananging okeh-okehe nglali. Janjane ngerti, paham
utawa dong, ananging amarga pelit,mulane moh menehake apa kang dadi HAK’E
liyan. Iki sansaya lucu nalika ngurusi bab HAK’E dewe, tekana ngendi diuyak
sakkecekele, beda yen HAK’E liyan, ethok-ethok ora ngerti. Hora ko ra’ana,
ananging saking pelite ngungkuli jangkrik prawan.
“Jo,
sida ta bidston sesuk kuwi?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo
bab rencane arep Bidston.
“Ya
jelas sida ta Lik, wis takrancang kawit jaman purbakala gek..” Semaure Dalijo
sinambi nyumet MLDne.
“Kudu
ngono Jo, eling karo sing gawe urip, aja kaya paklikmu kuwi, anane mung njaluk
lan njalukk..nguyak apa kang dadi HAK’E, ananging nglalekne wajibe” Wak’ane
Solebo melu urun rembug.
“Jreett,
tik nyerang aku Bo? Aku ra ana bab sing arep tak bidstonke.. “ Semaure Lik
Ndoleng, sinambi njaluk jisamsune Siwo Solebo, njur teka IIn, saka warung
nggawa amplop.
“Nyoh
kang, titipanmu, telu ta?” Sinambi menehake amplop cacah telu marang Dalijo.
“arep
nggo ngapa amplop kuwi Jo?” Takone Lik Ndoleng.
“Pisungsung
Lik, iki nggo aturpanuwun mirunggan neng ibadhah dina minggu, iki kanggo komisi
lan iki kanggo sing mimpin suk bidstonku.” Semaure Dalijo.
“Weh,
lha arep bidston babagan apa ta Jo?” Pakde Kento nakoni Dalijo, amarga nembe
teka neng cakruk Sor Talok.
“Niki
lho dhe, amargi pun rampung anggen kula nandur Porang, niki atur panuwun kagem
Gusti, sinartan nyenyuwun murih tansah binerkahan..” Semaure Dalijo.
“Wah,
joss..apik kuwi Jo…sipppp..” Tanggepane Pakde Kento.
“Lha kok sing mimpin mbok wenehi, kuwi kan wis
gaweane ta?” Lik Ndoleng sajak erosi olehe nakoni.
“Weh,
iki HAKku Lik, aku arep ngaturi apa ora dudu HAK’E sampeyan, uga aku ora arep
nutupi HAK’E liyan, kuwi klebu serakah Lik. Sugiha kaya ngapa kudu eling marang
Gusti. Aja mung ngelingi marang bab sing
ora urip, lan lali marang sing urip..” Dalijo menehi wangsulan.
“Aja
kaya kowe leng, lagi nukokne batrei jam nggreja wae, ulukmu ngungkuli kluruke
ayam alas nalika esuk…ananging ngerti wong makarya mirunggan mung mboknengke
wae..” Siwo Solebo melu nyemes Lik Ndoleng.
“Duss,
kenekkk meneh cahhh” Batine Lik Ndoleng.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar