Sabtu, 20 Februari 2021

DHUKUN

 

Setu Kliwon 20 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



JAbur 32

JAbur 25 :1- 10

Mateus 9:2-13

Gusti Yesus mireng, nuli ngandika: “Wong waras iku ora butuh dhukun, sing butuh iku wong sing lara. Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.” Mateus 9:12-13

 

DHUKUN, tembung kuwi akih sing wis pada krungu, malah kepara ngomong bab tembung kuwi. DHUKUN, ujaring kandha, yen ora diuDHU ya mokal isa ruKUN, udhu kuwi menehi sawetara bandha, biasane dhuwit, dene rukun kuwi ya tumindak apik marang liyan. Lha sejatine apa ta tegese tembung DHUKUN kuwi? Manut sakcedak sing takmangerteni, tembung DHUKUN kuwi kanggo menehi tenger marang pawongan kang nduweni kaluwihan “supranatural” kang isa nambani lelara. Dokter kae ora klebu DHUKUN, amarga ora nduweni kaluwihan supranatural, ana ing papan liya DHUKUN kuwi isa diarani “wong tuwa” utawa isa uga kinaranan “wong pinter”. Sing cetha, DHUKUN kuwi isa nambani utawa mbudidaya amrih lelara isa lunga.

 

Bab DHUKUN kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, cetahne neng Mateus bab sanga, neng kana dicritakake nalika Gusti nembe bebarengan dhahar karo para juru mupu bea. Ana neng pamawase para wong parisi lan saduki, para juru mupu bea kuwi kinaranan dosa (wong dosa), amarga nyambut gawe ngawula marang negara Rum lan ora sregep ngayahi pranatan agama. Gusti Yesus ya ora nampik sebutan kuwi mau, mulane pirsa bab kang kaya mengkono kuwi, njur nuweni, ngombyongi saperlu maringi berkah. Ngerti Gusti awor wong dosa, para wong parisi lan saduki protes marang para sekabate Gusti, njur Gusti pirsa, mulane njur dielingake yen sing butuh DHUKUN kuwi sing lara. Wong waras babarblas ora butuh DHUKUN.

 

DHUKUN kuwi tugase nyarasake lan sing disarasake ya sing lara. Nuladani apa kang katindakake Gusti Yesus kan wus madeg dadi DHUKUN saperlu maringi kesarasan marang apa wae lelara, mula ya apik wae yen saiki  Aja rumangsa dadi wong waras, utawa aja rumangsa dadi wong suci. Menungsa kuwi wis ginaris okeh kekurangane, mula yen ana klora-klerune ya ditampa kanthi bungah lan ngupaya dibenerake supaya luwih apik.  Sing kerep klakon kuwi okeh sing ora rumangsa yen lara, yen luput utawa kleru. Rumangsane mung bener terus lan malah liyan sing disawang salah terus. Sinau saka Gusti Yesus sing wis “Wani” mlebu marang kumpulane wong dosa njur tumindak ngresiki dosa, utawa mlebu ana ing kumpulane wong lara lan madeg dadi DHUKUN, mula paya nulada tumindak kang kaya mengkono kuwi.

 

“Paklikmu jian kandanane angele ngeram Jo, wong kok wangkote kaya tunggak sono sor watubonang kae…wong kok rumangsane ratahu kleru..bener dewee teruss..” Wakane Solebo sora kuwi gembronang dewe, nalika nembe lungguh karo Dalijo.

“Wis gawan bayi kuwi dhe, mula aku rapatio kaget, wis apal..” Unine Dalijo.

“Ananging kaya ngono kuwi ora bener lan pener, sing luput kudu dibenerake, sing lara kudu diwarasake..” Pakde Kento njedul lan langsung menehi sesorah.

“Lha saben diajak rembugan mesti rumangsane ora luput kok dhe..malesiiii, malah sok nyalahake sing arep nambani…” Sambate Dalijo.

“Lha emange ana pa Jo, wong kenthir gelem diarani kenthir? Ora kan..ananging ya tetep digawa menyang NDHUKUN, ditambakake..ben mari, waras..” Jlentrehe Pakde Kento.

“Sapa sing ora waras cah? Mbok kene tak tambanane…” Lik Ndoleng njedul seka sisih omah, njur langsung melu rembugan.

“Markun leng, kono tambanane..” Wakane Solebo mangsuli.

“Yen kae mono gah aku nambani..ben wae bab….”Rakober rampung saktembung, ketungka tekane kang Markun bareng karo Yu Wasti…Lik Ndoleng glagepan rakaruwan.

 

 

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH