Jumat, 05 Februari 2021

KUMLUNGKUNG

 

Jemuah Pahing 5 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Ayub 36 : 1-23

Jabur 147 :1-11,20c

1 Korinta 9 :1-16

Sabab yen aku ngabarake Injil, iku ora duwe dhasar kanggo ngegungake dhiri. Marga iku rak kawajibanku. Malah bilai aku manawa ora ngabarake Injil.” 1 Korinta 9 :16

 

Ora sithik wong sing seneng dialem, malah ya ora sithik uga sing ngamuk lan sakbanjure nesu, nalika apa kang wus katindakake ora entuk apresiasi utawa pangalembana. Seneng dialem kuwi watak kamanungsan menunsa sakwise tumiba ing dosa. Sakliyane nduweni watak aleman utawa seneng dialem, menungsa ya ora sithik sing nduweni watak KUMLUNGKUNG, yakuwi sawijining watak kang seneng ngunggulake awake dewe utawa kelompok’e. Sing nduweni watak KUMLUNGKUNG kuwi racake seneng pamer, sanadyan ana kalamangsane “spirit pamere” dibungkus sajak andhap-asor, ananging kuwi kabeh sejatine mung arep mamerake kaluwihane diri marang liyan. Malah mbokmenawa, sing maca tulisan iki ya ana sing nduweni watak KUMLUNGKUNG, sing seneng pamer lan seneng dialem.

 

Ana piwulange Rasul Paulus bab patraping urip kang gathuk karo kersane Gusti, yakuwi watak andhap-asor lan lembah manah. Kuwi paseksining Rasul Paulus bab awake dewe. Manut Rasul Paulus, ayahan tumindak apik kang isa kinaranan ngabarake Injil kuwi dudu perkara kang isa disombongkake. Ngabarake Injil utawa tumindak apik marang sakpepada kuwi pepesten tumrape Rasul Paulus, amarga rasa pamaturnuwune marang Gusti Allah kang wus kersa nampa kahanane kang sejatine njemberi ora karuwan. Rasul Paulus rumangsa ringkih ananging pinaringan kakuwatan, Rasul Paulus rumangsa asor ananging didhuwurake, Rasul Paulus rumangsa bodo ananging didadekake pinter. Kuwi kabeh peparinge Gusti Allah, mula ora bisa disombongake utawa minangka srana kanggo KUMLUNGKUNG. Manut Rasul Paulus, sing ijik nduweni rasa KEMLUNGKUNG kuwi durung lumrah minangka pendereke Gusti Yesus.

 

Ing jamane Rasul Paulus okeh wong sing KEMLUNGKUNG, mula dewekne memulang marang pasamuan ing Korinta. Ing jaman saiki wong awatak KUMLUNGKUNG kuwi orasansaya suda malah sansaya babartumangkar. Methik pasinaon saka critane Rasul Paulus, ayo pada nggecak watak utawa sipat KUMLUNGKUNG sing jik krasan manggon neng uripe iki, cikben pantes sinebut para Putrane Gusti Allah. Sing kudu diwaspada yakuwi bab watak utawa sifat KUMLUNGKUNG kang binungkus tumindak kang kayane andhap-asor lan iklas, ananging nesu lan ngamuk nalika kekarepane ora klakon. Sepisan meneh, watak utawa sipat KUMLUNGKUNG kuwi duweni sakabehing wong, mula ya kudu ditata supaya ora ngrembaka lan dadi lantaran tansah tumindak dosa.

 

“Jo, ngandi paklikmu Ndoleng, kok durung njedul?” Takone Wak’ane Solebo.

“Jare arep ndandani antennae kang Markun dhe..” sSmaure Dalijo, nalika nembe teka neng cakruk Sor Talok.

“Weladalah, haiya rindik asu digitik Ndoleng kon mrana..” Omongane wak’ane Solebo.

“Santai wae dhe, ndandani antennae kang Markun kuwi pengarepe isa nyawang Yu Wasti, kamangka saiki Yu Wasti neng kene, arep njupuk Pupuk Organik Cair gaweane kang Dalijo.

“Mesti cah kae mengko crita sing aeng-aeng bab Wasti,jale wae ngko dirungokne..”Unine Wakane Solebo, lan sakdurunge ditanggepi Dalijo,ketungka tekane Lik Ndoleng karo pakde Kento.

“Weh, ududmu jisamsu Leng, lan sajak mesam-mesem, bungah temen Leng?” Takone Wak’ane Solebo.

“Iyo, jare bar dijagongi Wasti, lan malah isa njowal-njawil jare..”Pakde Kento menehi info merga dicritani Lik Ndoleng.

“Haiyah…Hoax kuwi dhe..lha wong Yu Wasti neng kene kawit Lik Ndoleng mangkat mau,kok isa-isane dijagongi Yu Wasti..?” Takone Iin.

“Weh,sing bener sing endi iki Leng?” Takone Pakde Kento.

“Hmm..anu..anu To, sakjane..aku mung isin karo awakmu. Tiwas olehku makarya tenanan, nggayuh digawekne kopi malah sing neng ngomah Markun thok..dusss!!” Unine Lik Ndoleng.

“Mula ya mula, aja KUMLUNGKUNG, crita sing ora mbok alami..crita wae kasunyatan..kuwi mardiko Leng” Pituture Pakde Kento.

“Cen Ndoleng kuwi raisa yen kon mlayu …mlayu saka kasunyatan..”Unine Wakane Solebo.

“Jindulll..wis kesel,rakasil, jikdiosso kaya mengkene cahh..apess..ajurrrr” Sambate Lik Ndoleng.

 

mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH